Sabtu, 20 September 2008

Sajak TEgalan Jayeng Jaladara


R. Jayeng Jaladara

Sajak Patung
Sangarepé Balèkota Lawas

Kenangapa
enyong ora bisa meneng kaya kowen
meneng maring langit
meneng maring bumi
meneng maring sakabèhé plekara urip

Apa bener
urip kuwé luwih kepènak tinimbang mati ?

Kenangapa
enyong belèh bisa meneng kaya kowen
meneng maring angin
meneng maring panas
meneng maring udan
meneng maring apa baé

Enyong gumun
nyawang jogèdé urip sing kaya dagelan
sing isiné mung kemunapikan tok

Akèh wong pinter tapi keblinger
kancané sing durung pinter malah dibodoni
semono uga wong sing èsih bodo
angger dimènèi ngerti malah maido
sing paling njelèhi maning
angger ana wong ngaku pinter
jebulé loha-loho

Enyong èram
jagad wis tambah pèot
tapikèn èsih akèh sing mikiré
nganggo sekepènaké wudelé dèwèk
luruh pangan
nganggo cara sing ora khalal
nrajang rajeg pekarangané tangga

Jajatèn mung nggugoni beras saliwetan
karo batir dilawani cakar-cakaran
mitnah mana, mitnah mèné
nggosip mana, nggosip mèné
nyrimpungi maring dalané wong liya


Jaman kiyé pancèn wis èdan !
tapi aja nganti enyong kowen kabèh
pada mèlu èdan

Pribèn negara kiyè bisa tata
angger enyong kowen kabèh
èsih gelem diadu domba
èsih gelem pada sikut-sikutan
kampleng-kamplengan

Kemakmuran dudu jalabia
sing digawé nganggo ketan
kemakmuran dudu srabi
ketentraman dudu ondé-ondé
sing digawé sawengi dadi

Manjaté drajat urip
ora kaya sulapan
butuh brayan
butuh remojong, butuh pengertèn

Sing pejabat kudu ngertèni
apa sing dikarepna rayat
sing dadi rayat
kudu ngertèni mumeté dadi pejabat
aja mung gari njeplak
malah angger bisa
bareng mèlu mikir
èbèn kahanan urip tambah ayem

Duh Gusti Allah
kula ngarti nopo ingkang dados
titah Panjenengan

Enyong sakanca kabèh njaluk diampura
èbèn diadohna sing blai
digampangna dalan nggo
ngrampungi plekarané urip

Duh Gusti Allah
enyong njaluk kekuwatan
kaya sing diwènèkena
maring Musa nang gunung Tursina
eyong njaluk kebranian
kaya sing diwènèkena
maring Ibrahim lagi ngangkat kampak
enyong nyaluk kesabaran
kaya sing diwènèkna
maring Muhammad nalikané disamplongi tai onta


Duh Gusti Allah
sènggané urip isiné mung paido-paidonan
édek-édekan, gencèt-gencètan
tempiling-tempilingan
pitnah-pitnahan
luwih apik diandeg baé lelakon kiyé
èbèn kabèh pada meneng
meneng kaya patung
sing ana nang ngarepé balèkota lawas


Tegal, Mei 2006

R. JAYENG JALADARA adalah wartawan internet 'Koran Lokal', juga pembaca puisi dan monolog Tegalan yang semakin mumpuni di Kota Tegal. Jayeng menjadi salah satu seniman Tegal pendatang baru, namun memiliki vitalitas. Ia selalu memikat ketika di atas panggung saat membawakan nonolog dan baca puisi Tegalan.



Tidak ada komentar: