Selasa, 23 September 2008

Sajak-Sajak TEGALAN JAYENG (2)





















Sajak-sajak Tegalan R. Jayeng Jaladara

Aja Onggrongan

Apa sing dipèngini
dadi wong terkenal?
dadi kembang lambèné wong sadonya?
apa ébèn dianggep pentolan?

Apa sih sing digolèti
wong-wong sing korupsi, apa luruh komisi?
apa ébèn dianggep kaya nabi
kowen luguné mung yahanu

Kowen pada baé kaé
klakuwané badeg ledreg
ora ngaca raimu kiyé sapa
uwislah aja onggrongan

Tegal 6 agustus 2006



Gatolané urip

Udan nembé baé mandeg
plataran lemah sing ngecembong banyu
sanalika ngemutna enyong maring waktu sing
wis keprana
pirang-pirang kedadèyan sing wis tak ranapi
ujug-ujug kemambang nang klèrabé mata
jamané urip ésih ora nggenah
gogoh pangan dilawani nyungsang njempalik
guris mana
guris mèné
maksa baé durung bisa kecukupan
uripé malah tambah mblangsak
sing samana, bara-bara enyong ésih nganggo nalar
ora nggugoni hawa nafsu sing bisa gawé musakat
sanajan mlarat
barang sing siji ésih tak keni-keni
mung krana iman, urip enyong ora kegèmbang

Plataran lemah ésih ngecembong banyu
tapiké udan kocapa kaya nèin bebungah
saiki enyong wis mulya
ora kurang sandang pangan
donya brana mambrah-mambrah
tapi ajeg ora klalèn
barang sing siji ésih tak keni-keni
dadi gatolané urip nggo mlaku nang galengan donya.


Agustus 2006



Enyong Dudu Sapa-sapa

Enyong tetep enyong
ajeg awit gemiyèn nganti saiki
ora tak pikiri kowen seneng apa ora
sing penting mangan ora njaluk rika

Enyong pancèn dudu sapa-sapa
tur ora pèngin disubya-subya
tapikèn aja dianggep laka
ilangé enyong, jagad gumirat bakal
nandang sengsara

Enyong dudu sapa-sapa
tapikèn aja digampangna


Agustus 2006



KETERANGAN GAMBAR: Jayeng Jaladara ketika membacakan puisi tegalannya pada acara HUT Novelis Ken Ratu ke 17 tahun di wilayah Gang TEGAL TEGAL Slerek, Kecamatan Tegal Timur, Rabu 14 Nopember 2007 dengan latar belakan Kelompok Musik Warung Sastra Tegal. Jayeng banyak menulis puisi Tegalan juga naskah monolog Tegalan yang menjadi kebanggaannya. Ia tergila-gila membacakan puisi Tegalan karena merasa bahwa dirinya asli orang Tegal. Sekarang ia sedang mengabdi menjadi wartawan internet di 'Koran Lokal'.

Tidak ada komentar: