Rabu, 17 September 2008

Sajak-sajak Dr.Maufur Wawalikota Tegal


Sajak Dr. Maufur – Wakil Walikota Tegal


Sang Seniman

Apa ora éman-éman
jarèné seniman ka senengé mrèman
ora bengi ora awan

Kuduné aja tuman
ndadèkna kahanan sing aman
sebab saiki wis ora jaman

Seniman ka aleman
tiru baé karo Lanang
terus-terusan berjuang
ana waktu ora dibuang-buang
kanggo makarya sing terus dikenang

Wongé ora medit, sebabé pancèn
ora duwé duit
wongé belih alergi
langsung ngomong yèn perlu biologi*


--------
Dibaca oleh Maufur dalam acara HUT Ke-17 tahun novelis wanita Ken Ratu, Rabu 14 Nopember 2007 di wilayah Gang TEGAL TEGAL, Kelurahan Slerok, kota Tegal, dengan tema ‘Revitalisasi Budaya Masuk Kampung’.


---
*Adalah istilah para seniman Kota Tegal yang artinya duit.

Tidak ada komentar: