Sabtu, 20 September 2008

Sajak Tegalan CARIK PENYAIR


Carik Penyair RACHMAT SAPINGI

Laduh

Angin sumilir
kumikrik suarané jangkrik
adem ayem gawé tentremé ati
kaprungu kepènaké
suwarané maca Al Qur’an

Dulur-dulur pada saduluran
uga rumaketé bebatiran urip saduwuré bumi

Sing lunga kepènginé ora lunga
sing durung weruh kepenginé weruh
sing durung tau teka kepenginé teka
pèngin ngarti wujudé kaya apa

Tapi embuh sètan sing ngendi
sing prèntah sapa
ganja kanggo kluban
pating tlalang pada wediné
ndadèkna klalèn uga ora éling maring batir
pecècènan kepenginé mangané misah
Saben dina lan laka dina liren
mung wong setia kepènginé liren
bosen, bosen, mblenger
budeg suwarané kenthos lan
pating tlalangé gantar pada tugel kanggo perang
sing diperangi sapa lan
ndadèkna sing bener keblinger
ya kèder nganti pan nganggo sruwal
kesliru urungé bantal

Kemrpyak suwarané kenthos
jedar-jedor kaya suwarané bedug
ora peduli awan utawa bengi
mbudegi kupingé wong sajagad

Ana sing mèsam-mèsem
ana sing mèlu cirak
ana sing nangisi ana sing ndegeg
uga ana sing umpetan lan
ana sing ndomblong nganti bingung
pati lan tangisé siji loro
lan puluhan biasa-biasa baé
regé tangga ya ora peduli
mburu mangan misah

Ya Allah namung Panjenengan
ing kang Maha Mangertosi
sedèrèng lan sesampun
ingkang Panjenengan paringaken

Kemrapyak gemuruh oyagé bumi
lan tekané ombaké banyu
gawé gégèr.........!

Gègèr
gègèr pada jleritan
tetangisan kabèh
pada mburu slamet awaké dèwèk

Sekedap mètra ora krungu
swarané wong
anané inggek gelagepan
ora nduwèni daya lan pasrah
maring sing Mahakuasa

Wong sing akèh dosané lan
sing ora duwé dosa
uga bocah sing babarblas ora duwé dosa
mung Allah sing bakal nempataken
apik lan orané panggonan
kanggo dèwèké kabèh
mung menusa sing ditunggal
anané tetangisan
tangis bingung tangis kèder
kèder sapa sing ditangisi

Kabèh baé ayuh élinga maring sing
gawé uripé sabab Laduh
bener-bener ana temenan

Ya Allah kula nyuwun dipun
ampunten lan kanca batir kula
kelawan tanda-tanda punika
mugia sami dadosa tiyang
ingkang berbakti lan purun ibadah

Ya Allah ya Allah ya Allah
la ilallah Allahu Akbar
atas kebesaran Panjenengan
kawula bertobat, ya Allah



Bumiharja
Jemuah, 7 Januari 2005
Pukul 11:12:35 – 20:31:45 WIB


Carik Penyair Aran asliné Rachmat Sapingi. Jabatané Carik Bumiharja Kec. Tarub, Barang nulis puisi, dijuliki Carik Penyair. Puisiné melu nang kumpulan puisi “Potret Reformasi Dalam Puisi Tegalan”. Durung suwé kiyé, dèwèké klayaban maring negara-negara Eropa.

Tidak ada komentar: