Sabtu, 20 September 2008

Sajak-Sajak TEGALAN Dwi Erry Santoso


















Dwi Erry Santoso
Gedong Tuwa

Angin semripit nang njaba
ana wong lanang sapa
lambèné komat-kamit
ngadeg ngetenggeng nang ngarepé
bangunan tuwa, cagar budaya, kayong
ana sing dièlingi wayah samana

Dalan-dalan pada sepi
lawang-lawang pada ditutupi
akèh kedadèn sing nggilani yèn
bayangena, sing penting awaké
pada slamet dèwèk-dèwèk
golèt untung nggo wetengé dèwèk

Pan apa maning ya
biyèn gemborané nggawa-gawa rayat
saiki adoh sing rayat
apa pancèn klalèn
malah sok nglalèn

Ngorèk-orèk pancèn kèder
apa bèn katon keminter
padahal mincrit nggo wong cilik
kabongan nggo wong gedongan
alah mumpung lagi kuasa
ngesahna njebrolé dunya negarané
ora kana ora kèné
ora mbèla wong kèré

Pancèn rika abab mambu peté
belèh bisa diandelena
nyekel waton selarasé
karo janjiné.


Tegal, 28 Mèi 2005
Pukul 10:23:15 WIB


Blong Mlompong
Wis Langka Amprut-ampruté


Jogan nggo merdayoh langka klasané
apa maning mèja kursi atawa lincak
ibaraté wis blong mlompong kaya wong
nembé kalah maèn
anjog-anjogé dongang-dongong
luruh netepi ayemé ati tinimbang
ngurangi syukuré
ngrasakna dalan urip sing ngetanggrang
mlaku saparan-paran
ngresula laka paèdahé, pancèn énak orané
nang dunya ora mung andon mangan
karo nginung
kudu nyekeli waton sing kenceng
aja nganti bingung sawalang-walang


Mbokan ana sing isih wadag kasar
ngglabed mblandrang pisan
angger krasa wis kuwat
ora susah sambat nantang-nantang
sapa sing kuwat
dudu sugih atawa mlarat, dudu ukuran
mung baé piben njaga martabaté
bareng-bareng
sasikil saawaké, tinimbang krentag
tiba mburi kajogan idepé aja
apa maning maring ngrèyok duwité rayat
apa maning maring wong
sing nrima dièdek meneng baé

Kayong weruh dongé tlotoké sapa
njarag wangkal njadag pisan
pada nyaplok, nggrogot otak atik
nyorok
lindung purané nggo tombok
ora pada ngèlingi ngètang-ngètung
umuré wis uzur matané wis lamur
mumpung durung
bisané mung mangan bubur
mlakuné sempoyongan ora teger
kaya dampar sepur
wis pada baé pahamé, mbokan ndadak
mandeg umuré
nang kana mung mriyang
nangis nggriyeng
mbelet sajeroné lempung
sing suwé ora rampung-rampung
mulané aja gampang mrekèca
angger ora nyata

Dunya geni ora bakal dicangking mati
gagiyan hayuh pada ngèlingi
mumpung durung blong mlompong
wis langka amprut-ampruté
jasad bacin sing katon klakuwané
kabèh langka sing ora pengin
olih pangapura-Né

Kemis Wagé, 15 Juni 2005
Gentong Pendopo Tegal


DWI ERRY SANTOSO : – nulis puisi kuwé pada baé ngelingna ati, nggunakna pikiran bèn jiwané ora pendirangan. Wiwit bujang sering nulis puisi Tegalan, karyané mèlu nang antologi puisi "Ruwat Desa Untuk Indonesia Dalam ruh Puisi Tegalan", "Sajak Reformasi Dalam Puisi Tegalan", uga antologi pribadiné "Brug Abang" lan tersiar nang Jurnal TEGAL TEGAL , seliyané kuwé Dwi Erry Santoso nulis naskah drama Tegalan. Pokoké gawé buket seduluran ngraket.

Tidak ada komentar: