Senin, 15 September 2008

Doa Chairir Anwar Alih Tegalan

Chairil Anwar
Donga
nggo sing kenceng imané

Pengèranku
sajroné nglegleg nganyut-anyut
asma-Mu jelas ceta kula sebut

Bèn susah nggendong pejaratan
tumplek blek pol-polan enyong mègin
éling kèlingan rumangsa kula
makhluk Panjenengan

Cahya-Mu kemerlob mulya
ngobor jiwa remek burak rantak

Pengèranku
babarblas ilang jogrog wadag kula
ludes tatas, tanpa bekas
ngumpul nyawiji karo Panjenengan

Pengèranku
enyong klendang klawèran
pyang-pyangan mbangbung
blèh kenal élmu kamulyaan

Pengèranku
sajroné madep mantep adepan-Mu
kamitenggengen enyong takluk kapok
pasrah bongkokan



Isa
kanggo nasrani sing jejeg

Kaé jogrog
mili getih
mili getih

Ambruk
tugel

Mencotot pitakon: enyong kliru?

Tak deleng awaké mili getih
enyong kacanan sajroné getih

Kayongé neng mata katon-katonen nalika
laut adu rai

Enyong bungah

Kaé jogrog
mili getih
mili getih


Dicomot saka saja AKU, DOA, lan ISA gawèané Chairil Anwar.
Alih wacan : Lanang Setiawan.

Tidak ada komentar: