Senin, 15 September 2008

Chairil Anwar Dalam Alih Bahasa Tegal


Chairil Anwar
Krawang Bekasi

-Terjemahan Tegalan: Lanang Setiawan-

Enyong sing saiki wis dadi mayid karo jakwir-jakwir
njengkangkang antarané Krawang – Bekasi
ora bisa ndelak gemboran “Merdèka”
karo angkat senjata
tapi sapa sing ora weruh maring perjuangané enyong
kabèh

Kebayang enyong maju gagah
madep mantep karo kanca batir?

Enyong ngomong maring sampèyan
waktu bengi sepi nyenyet
umpamané nang jero dada krasa ana tanda-tanda
uga nang tèmbok jamé mènèhi aban-aban
enyong mati enoom
uga jakwir-jakwiré enyong
sing ana mung raga gari balung campur lebu
Eling, élingana maring perjuangané enyong kabeh
sabisané enyong bèla pati
tapi kerja durung rampung
tèsih adoh mèngèh-mèngèh
enyong kabèh wis nemu pepestèn

Kerja durung rampung durung jègod ngitung
antarané papat – limang éwu jiwa
enyong kabèh kur mayid pating blangsak
tapi kabèh mau dèkèné sampèyan
sampèyan dèwèk sing bisa ngarani
étungan raga sing langka kempisé
atawané mung kanggo bèla negara
uga pengarep-arep
utawa pancèn langka regané
enyong blèh ngerti
blèh bisa ngomong maning

Enyong ngomong maring sampèyan
waktu bengi sepi nyenyet
umpamané nang jero dada krasa ana tanda-tanda
uga nang tèmbok jamé mènèhi aban-aban
Éling, élingana maring perjuangan enyong
kabèh
jaganen Bung Karno
jaganen Bung Hatta
jaganen Bung Syahrir
Enyong saiki mayid uga kanca batiré enyong
tulung, sampèyan aja klalen. Catet
perjuangané enyong kabèh
jaganen terus janji sing wis kewetu
karo impèn-impèné
Éling, élingana maring perjuangané enyong
kabèh
sing gari balung pating blangsak campur lebu

Éwonan taun enyong karo jakwir-jakwir
mujur ngalor antarané Krawang - Bekasi

______________
Dicomot saka sajak Krawang Bekasi gawèané Chairil Anwar. Alih Wacan: Lanang Setiawan

Tidak ada komentar: