Sabtu, 20 September 2008

Sajak Tegalan Endhy Kepanjen


Endhy Kepanjen

Pertanda Apa Maning

Ngamplik nang pungkasan taun
kurang limang dina
umuré dunya tambah tuwa
wong-wong sedunya sadawané wektu
pada bèrag pada nduwèni rencana
mabag taun sing pan teka


Sapa ngira sapa nduga
dina ahad jam pitu ésuk
luwih sèket wolung menit
dunya oreg daning prahara
guncangé lindu, disusul sepuluh menit
gulungan ombak saduwuré pucuk klapa

Ora sing tuwa ora enom
bocah cilik bocah bayi
pada jejeritan pating slebar
ngadohi ombak tsunami sing mleter
nyapu sadawané Kota Serambi Mekah
mangklih dadi lautan carag bungkang
sing ora karuwan tatané

Ya Allah, Gusti Pangèran
kaya kiyé kedadèanné
nggawé menungsa ora tèga ndelengna
udan luh banyu mata
ngenes-nggrentes kaya dèné qolbu
diiris-iris lading
sing landepé kaya wilad

Aduh Gusti....
wis puluhan taun rayak Acèh
dilabrag nestapané perang, rebutan
ranah rèncong
mbuh kapan pedoté, ora ngerti juntrungé
ujug-ujug gelombang ombak tsunami
ngrekes jagad, tlatah Nanggroe Acèh Darussalam

Pertanda apa maning?


Tegal, 5 Januari 2005
Pukul 03:12:45 WIB

Nglurug Pusaté Kota


Nglurug Pusaté Kota

Enyong wong dèsa klutuk
lingsiré bengi mbiyak wayah ésuk
awak sekojor tak grujug banyu
nggo ngilangna impèn
ngawujud kasunyatan
kelebu raga pitung macem tak bilas
nggo dedonga madep maring gusti
maha welas

Ayem jenjem tentremé dèsa
sumringah ganing suwara
manuk suwit-suwitan
mangklih dadi rusia, kebek perkara
bebareng mobat-mabité
angin baratan wolung penjuru
enyong tetep teguh ora luluh
walkhata wit-witan ijo gunung ayu
ngepung sawangan mata

Enyong wong-wong dèsa
junun teteg mantep
madep marep
guyub nglurug murub semangaté
bareng-bareng ngambah sadawané
dlanggung nuju pusaté kota
kumpul tumplek blek
wadul….
ngudari pirang-pirang perkara
sing tetaunan
nggawé ati kelara-lara
sing tetaunan
nggawé raga rekasa
sing tetaunan
nggawé laku urip kepaksa
plong jebol muntab
sekang cangkem nurani
nuraniné enyong wong-wong dèsa

Panggung, 26061998




Endhy KepanjenSalah siji tokoh sing remen demen kambèn kabudayaan Tegalan. Puisi Tegalané pating slebar nang kumpulan buku puisi terbitan Mimbar Pengajian Seni Budaya Tegal. Uga salah sijiné wartawan lokal sing mlebuné senior.

Tidak ada komentar: