Sabtu, 20 September 2008

Sajak Cinta Ken Ratu




Ken Ratu

Cinta

Yakuwé fatamorgana
pemandangan laka watesé
sing belèh bisa dipretil-pretil
sing belèh bisa dimènèhi arti
mawujud 1001 pangrasa rupawan
mbabar kasunyatan
werna-werni suasana

Cinta........
pating pecotot omongan
dedayané laka padané
dolanan sing laka rampungé
tapi wisané gawé lelara
cinta kuwé laka matané
irama lan urub asmarané mobat-mabit
laka sing bisa menging

Cinta.........
saiki nyong kejiret
jiretané angèl diuculi
nyong kapusan polah tingkahé
nyong kelayu ning rayuanné


Cinta.........
anugrah sing Pengèran
sing kudu disyukuri
lantaran cinta menungsa bisa urip
lantaran cinta menungsa bisa geguyupan
lantaran cinta salah siji
lambang damé


Tegal, 24 Nopember 2005


Ken Ratu –Waktu menulis puisi di atas Ken Ratu masih duduk di keKlas III SMP Negeri 2 Tegal, seneng seduluran karo kanca batir. Dèwèké biasa nulis Cerpèn. Kumpulan Cerpèn TeenLit-é “Sory...Gue Ga Bisa Nolak Lo” diterbitna gonèng Media TEGAL TEGAL.Kabèhan kuwé ditulis waktu Ken Ratu kelas telu SMP. Uga novel ‘Pelangi Tiga Minggu’ yang dimuat bersambung di Harian Suara Merdeka ditulis saat jelang akhir tahun pelajaran di SMP. Nama lengkapnya Ken Ratu Adni Sukmawati.

Tidak ada komentar: