Senin, 15 September 2008

Sajak Bahasa Tegal

Sajak-sajak Tegalan : Lanang Setiawan


Maning Maning Bencana
Maning Maning Bencana


Maning-maning bencana, maning-maning lindu
maning -maning petaka, maning-maning kalabendu

Kyéh....
musti ana sing blèh berès
blèh bener
sajeroné nyong sampèyan ngopèni bumi

Nyong sampèyan senengé pada mblunat
dipenging
diweling
tetep mblekesunu
tetep ndableg

Breg....
breg.....
breg....!!!
buminé dibanting
isi jagadé burak-rantak
sakedèpan mata wong-wongé pada mati

Saiki pan ngadirna apa?
duwé kekuwatan apa?
pan onggrongan sapira?

Dunyané dilempit !

Ayo kang!
nyong sampèyan kabèh
sing mèsih diparingi katresnan daning Pengèran
pada remojong tetulungan maring sedulur-sedulur
sing lagi kena gempa

Ayo kang!
welas asihé nyong sampèyan ditagih


Tegal 28 Mei 2006





Ngertiya Maring Enyong

Sepisan kiyé baé
nyong njaluk tulusé kowen
gelem nggubed tatuné enyong sing
kapendem

Kaé nang nduwur wulané mencorong
nyong kepèngin dibatiri ngobrol
crita soal perasaané enyong sing kesuduk
kosih saprèné gurung nemu tamba

Ngertia kowen maring tatuné enyong
sing dirasa sangsaya nunjem

Sapisan kiyé baé
kowen aja nolak
nyong kepèngin kowen ngrongokna
isi atiné enyong sing lagi rodal-radil
sawisé kuwé terserah kowen

tegal 03052006



Nyah Nyoh


Nyong rika nyah-nyoh
dong ana gempa
blèh ngrasa akèh wong kaliren
pada runtung
tapi nyong rika pada maèn pengung

Ndèyané baé kudu diambrolna sisan
tembé nyah-nyoh




Mana Oh....

Gagahan sapira
kowen mati
gari krangka balung
mana oh...
pangkaté nggo kadiran
mana oh...
dunyané nggo cègèran
mana oh...
pan gemboran tulung sapa
bapané?
manèné?
apa maring slingkuhané?
dalem apa!

Amalmu sapira
apa cuma riya?

Tegal 18 juli 2006




Mrengut Maning


Jagadé mrengut maning
ngamuk maning
sagebragan pangandaran kebek
tangis lelayu
jalaran buminé enyong diwalik

Coba...
apa kowen bisa ngeneng-eneng
jagad sing lagi mbesengut?

Cacak mana
kuasané kowen
onggrongané kowen ditokna
adepana maring jagad sing lagi ngamuk
jèdog nglerebna belèh


tegal 18 juli 2006





Nangis Kebo

Wong kepatèn
kaya dagangan dicrowok

Pan ngudag?
ngudag maring endi?

Menungsa
bisané kur nangis kebo

Rabu, 31 Agustus 2006


Adong

Ana kepatèn sebab umur layu
ana kepatèn sebab lara
ana kepatèn sebab paten-patenan
ana kepatèn sebab blai
ana kepatèn sebab gempa

Adong laka umur layu
adong laka lara
adong laka patèn-patènan
adong laka blai
adong laka gempa
apa ana kepatèn ?


Tegal 1 Sepetember 2006


Sajak Kanggo Tarok

Waktu surupé srengèngé
kowen tèsih kèlingan enyong?

Waktu bulané mencorong
apa kowen weruh rainé enyong?

Waktu enyong umpetan
kowen nang endi?

Waktu enyong sèrong
kowen tèsih demen?

Ya....
sing arané tresna
kadang gawé mangkelé waduk

Tegal, 2006



Tak Jaluk

Yang....
Kowen aja bosen-bosen demen
maring enyong
tak jaluk rosané kowen
ngadepi ombak
gedèné fitnah

Demen, kadang njèngkèlna waduk
paribasan lelara, lelarané kaya wong
lagi suduken

Wong demen pancèn kaya wilad
sing mbelèk
nang kulung ati
larané
perihé
nyeriné
njaremé
nyer-nyeran nganti nggares nang balung
tapi kowen tak jaluk
aja mèncla-mènclé

Dadiya kowen kaya dewi shinta
adong kowen pèngin diregani
dadiya kowen kaya srengèngé
saben ésuk setiya nerangi jagad
dadiya kowen kaya bulan
gelem madangi bengi sing peteng-dedet
dadiya kowen kemul
waktu enyong katisen

Yang....
tak jaluk kowen nggambeni
balung igané enyong sing ilang

Kalibuntu Mei 2006



Nggayuh

Pirang-pirang cara dalan nggayuh jabatan
ana sing teka maring dukun
ana sing kirim sogokan
ana sing gelem nglamod
tur ana sing gelem dilamodi

Sihir jabatan pancèn ora baèn-baèn
wong klalèn sedulur sebab
rayahan jabatan
wong ora émut jakwir-cètèm sebab
ngadirna jabatan
wong édek-édekan sebab
rebutan jabatan

Adong jabatan digayuh nganggo dukun
adong jabatan ditebus nganggo sogokan
adong jabatan disènggèt nganggo
lamod-lamodan
lan adong jabatan dikempit saka hasil
édek-édekan
bakal blai jabatan sing diemban

Kalibuntu Mei 2006



Nyong Blèh Percaya


nyong blèh percaya
adong sebayu kuwé sing truka nang tegal

pengangen-angené enyong nolak
gelem busung
sadurungé ana sebayu
tlatah tegal wis subur ijo royo-royo
kondang kaonang-onang maring endi paran
mogané ora éram, sebayu uga ngiler
gitir, maring tlatah tegal

tapi enyong yakin
sing mbèbèni lan truka nang tegal kuwé
gudu sebayu

sebayu ana sebab putusan ngablu!

Tegal 2006




Diremuk Sisan


Adong jentiké wartawan
pada potès
adong wakil rayaté sikep-sikepan
kambèn pejabaté
toli senimané ora bèla maring rayat
kecing nyuwarakna kebatilan
alamat laka sing diarèp-arèp

Ayo kang!
diremuk sisan kahanan jagad kiyé


Tegal Mei 2006




Krawongan


Tegal winginané kembang suruh
mbuh ora weruh
kandang babi kandang ayam diobong
toko-toko, bank, swalayan
disamplongi dèn dijarah ramé-ramé

Kabèh mau urubé angkara
angkarané rayat sing gemlotok
jalaran pimpinané enyong colong cekok
tapiné tetep ngotot njegogrog
nggatoli kuasané

Tegal winginané amuk massa
amuk massa sing kepaksa
gitir ngonjogi maring wakil rayat
gitir ngonjogi maring balai walikota

Aduh biyung...biyung
Tegal winginané gemerahé rayat
rayat sing kepèpèt
rayat sing keplètèt

Delengen dèwèk tontonen dèwèk
olih-olihé rika ora étor ngayomi rayat
bocah-bocah pada mecoh:

mudun
diundurna
apa dijongaken?

Lor kidul
wètan kulon
hawané semelèt
umeb
mbluk-mbulak

Tegal, 20 Juni 1998

Catetan: Krawongan = Rèformasi




Jemplang-jempling

Dèsa-dèsa pada oyag
jingkrang ala jingkruk
wong salah ketungkak

Allahu akbar
Allahu akbar
gawé ala lagi kuasa
jemplang-jempling barang saiki

Ling éling, éling badan
badan siji layung-layung
sapa ngira sapa sangka
dèsa-dèsa pada oyag

Durèn-durèn, kuwaci-kucawci
gemiyén-gemiyèn, saiki-saiki

Allahu akbar
Allahu akbar
Allah Ta’ala
iyuban kawula

Tegal 030798



Potrèt Besem Tegal 98

Tegal umeb maning
semangat krawongan muntab
kota dikepung, digubed klèbèt bujur
ana tulisan:

“Bedasarkan PS UUD 45
dan SK DPRD No. 3/PAR/DPRD II/VI/1998
Zakir wajib berhenti sebagai
Walikotamadya Tegal....”

“SK DPRD No. 3/PAR/DPRD II/VI1998
menunjukkan bahwa segenap
komponen masyarakat Tegal menolak
Zakir sebagai Walikota”

Tegal umeb maning
nang endi paran, ana bujur pating klèwèr
panutané enyong digedag, ditombrèng-tombrèng:

“Gara-gara Zakir pasar pagi
terbengkalai”

“Zakir diminta turun oleh rakyat
tetap tak mau turun, dasar sombong
dan ora nduwé isin !!”

“Wong rakyat wis jelèh ka
nongkrong baé..........”

Semangat krawongan terus mbakar jiwa
jiwa dadal, mudal panguneg-uneg:

“Masyarakat Tegal rindu pemimpin baru
yang bersih, bebas korupsi, kolusi dan
nepotisme (KKN) serta tidak sombong
dan ndableg
Ganti Zakir, ganti Zakir.....!!!”

“Kata Menhankam apa yang terbaik
bagi rakyat, baik bagi ABRI
FABRI Tegal kok beda”

Wong Tegal jebul bisa angas
pengarep-arepé olih panutan sing bersih
malah keplatok pimpinan sing gobal-gabèl

Tegal, 3171998




Gemet

Nyata!
nyata temenan
jagadé dadal
: kowol-kowol

telungpuluh loro taun
rika ngèdan
ulung-ulung samber ulung
dunyané gemet
utangé sagunung

nyata!
temenan nyata:
rayaté mlarat
nggendong pejaratan

Su.......!!

Tegal 040798



Kalibakung Wayah Uput-uput


Nang kalibakung wayah uput-uput
kabèhané sepi wingit
lintang-lintang gemebyar
kemerlob nang nduwuré kolam
kelir werna-werni

Sawaliké gunung sing kebek wit-witan
grojogan danawarih nyuwèk
sepi sintru gegodongan

Enyong kèlingan wong-wong pinter
wong-wong bijak jaman kuna-makuna
sing mbangun dedonga
sing truka mbabad alas danawarih
dadi tlatah adem ayem
Sajeroné mbeku kemrenyes gunung-gunung
anginé silir nggawa
dzikir-dzikir para santri
dzikir gegodongan
dzikir sato kèwan
dzikir-dzikir ganda arum

Ki Gede! Ki Gede!
Tegal wis gemah ripah lohjinawi

Ki Gede! Ki Gede!
Sajeroné jiwa kosong fana
enyong ngrasakna bingung lor kidul
nang tlatah panjenengan:

Kabèhé mbeku sintru bisu

Ki Gede Sebayu! Ki Gede Sebayu!
enyong krungu panjenengan dzikir
sajeroné gunung-gunung
sajeroné galengan sawah tegalan

Angger baé sepi nglangut ngelus jiwa mami
tak pleter panjenengan
tak pleter panjengan
sadawané remeng pedut

(Pasuryané panjenengan
apa ayang-ayangé wulan
sing ngambang saduwuré kedung?)

Nang Kalibakung wayah uput-uput
Gusti Kang Murbèng Dhumadi
mesem mbancleng
ngadem-ngademi awak mami
sing kemrungsung!

Kalibuntu 1996


Dar Dèr Dor

Tengak-tenguk sajeroné
sepi nggrentes langka wates
kepèngin enyong nangis ngglolo
ngetokna grimis banyu mata
jan setètès ora metu

Apa iya, apa iya
sing arané manut kanjengé
kudu pasrah bongkokan?

JOK : Kualat! Kualat! Sampèyan bakal
kualat
Aja kabobangan dadi wong sugih
dunyané pan dilempit?
Ilokèn urip jenjem satitik baé
ora olih? Ilokèn kudu dadi tumbal
laka pedoté laka lirèné?
Pan dibedog kabèh? Kualat.........
sampèyan kualat!

JASAK : Ngomong aja dlawèran kowen....
JOK : Rika maning! Wong lanang apa?
Matané melèk oh....dunyané dilempir
bisané kur dongang-dongong. Mikir...
sampèyan mikir oh.....
JASAk : Sabar, kowen sing sabar....
JOK : Alaa...enyong tah kayong enek karo rika!
Sabar waduké dilembag!
Uwis ping pira, uripé enyong-rika dibegod?
Diplètèt-plètèt, éh?! Pan nunggu dilempir sisan?
Dibedog sa-anak putu?
JASAK : Wis aja ngromèd. Aja gawé rusia.
enyong pan dedonga.........

Enyong bener-bener ngrasakna mrekitik
menangi urip ning jaman saiki
kaya swara bledugan dar dèr dor

Akèh kedadian sing nggilani nemen
para siluman klayaban pada ngamuk
kaulan maèn akrobat

(Sanalika langité peteng tambah peteng
surem wulané remeng-remeng
sangsaya nggreges rasané kalbu
sanalika mandeng
umah-umah sing rata kambèn bentala
pan dibangun rèal estate:
magrong-magrong)

Kalibuntu 1997



Leb


Aja takon maning
soal pejabat apa rayat

Aja takon maning
mas’alah sugih apa mlarat
bayi apa nyai-nyai
bocah apa simbah

Dileb siji dileb kabèh
mati siji mati kabèh
rusak siji rusak kabèh
bengkak siji bengkak kabèh

Acèh
Sumatera Utara
ora mung cukup
dadi ngenesé lelagon

Ahad, 25 Desember 2005



Seumpama


? Apa enyong rika pada slameté?
seumpama Tegal dilabrak tsunami
enyong rika lagi kèlangan sanak
kadang
apa kwalikané dilari sanak
kadang?

Nang Tegal laka bukit
sawetara ombak lauté ngudag
daratan

Napa rika bisa mbayangna ?


Tegal, 8 Januari 2005



Maneges

Tangisé sapa sing ora bakal jebol
nggrentesé sapa sing sanggup
dibekep?

Acèh – Sumatera Utara
dikunclang gelombang tsunami?

Breg
breg
breg!

Mayid-mayid pating besasat
nang plataran
nangsang ning blabar kawat
witwitan lan
nyumpel nang got combèran

Kaya kiyé ya...
jebulé urip akèh kedadian
sing nggilani!

Tegal 2005




Kepatèn


Kaya panganan nang tangan
Ditampèl


Jum’at Legi
25 Marte 2005



Jenaté Bocah


Saiki
mung potrèté tok
nggo tanda mata



15 Mei 2005



Gunung Sitoli


Der....
der.....
der......

Gunung Sitoli, Nias
dilabrag lindu sing gedèné
blèh tanggung-tanggung
dalan-dalan pada mletèk
bangunan-bangunan pada ambruk
manungsané kurugan kabèh

Kuwé mau tanda penggedèné colong playu?

Senin, 28 Maret 2005



Rempon

Nagèna wis lereb
jebulé malapetakané
tèsih ngintim-ngintim

Nias
rempon digempalong
lindu

Tegal, 1 Juni 2005

Tidak ada komentar: