Sabtu, 20 September 2008

Sajak Tegalan Diah Setyawati


Diah Setyawati

Sorot Mata Sajeroné Pasar


Sorot mata sajeroné pasar
nggambarna pirang-pirang perkara
belih kesait
reregan nekek njiret
nggawé manteng utek sangsaya butek

Kiyé mau jaré jenengé krisis monetèr
kabèh kecipretan mèlu ketètèr
ora satitik sing buntasané tèlèr

Sorot mata sajeroné pasar
pada karo basa keprihatinan
akèh wong bingung
linglung ngalor ngidul
njèmbrèng duwit mung kejimung
diwolak-walik
endi sing pan didisitna
kemangka kabèh diperlokna
kepriben carané supaya pawon
ajeg ngebul
susu ora ketuku
banyu taji kanggo ganti

Sorot mata sajeroné pasar
tembang ngambang wong-wong susah
ngentèni angin swarga nglilir
kapan sakabèhé balik maning
kaya wingi
nglerebna pikir
mbombongna ati

Ngertiya:
dudu guyonan, ngelih ora bisa
dianyang
bocah-bocah ning omah clongoban
nyawa aja kanggo dolanan
mbuh mbangkanané kadang kaya dilèlang


Tegal 1999



Diah Setyawati
Sumingkir

Tak jaluk sumingkira ayang-ayang sira
saka pelupuké mata
aja kadiran bagus
gawèyané terus-terus ngelara usus
ngertiya:
ndèyané wis cukup siramu ngentèkena
banyu mata
saiki dipupus
anggap baé kegawa angin lisus

Tak jaluk sapisan maning
kanti ati wening
sumingkira ayang-ayang sira
saka tlatah pikir
dikukup diraup;
embuh kepriben carané
uculna tengah segara kana
ngubur lelakon kepungkur
sanajan ati ajur mumur
Gusti Allah
kula nyuwun palilah
niat insun bismillah
kanti gegaman tongkat sahadat
arep tak terusena klana kiyé

Mlaku mlipir turut pinggir
ndugag impèn sing kecècèr
mapag srengèngé anyar
sapa ngerti pating glebyar


Tegal 1997


Diah SetyawatiPuisi-puisiné wis ora kepètung jumlahé. Antolojiné “Nyanyian Rindu Anak Pantai” lan “Tembang Jiwangga” wis diterbitna. Saiki dadi Ketua Komite Sastra Dewan Kesenian Kab.Tegal. Nang umahé Desa Pangkah nyambi buka salon.

Tidak ada komentar: