Rabu, 17 September 2008

Anehdotegalan Lanang Setiawan


Dian

CRITANÉ anaké Kapèr sing paling mbarep, nglamar pegawèan nang pabrik sabun mandi. Pabrik sabun kuwé duwèké Ken Rezar Setiawan dibangun paling top nang Kota Tegal, mèrèké “Queena” sing larisé por-poran nganti manca negara.
Gonèng bagian pegawèan, anaké Kapèr ditès wawancara.
“Arané kowen sapa?”
“Dian mbak” jawab anaké Kapèr.
“Aran lengkapé sapa?” takoné sing lagi ngetès.
“Oh… aran lengakapé enyong mba?”
“Iya, soalé nang kèné aran Dian ana sanga”
“Catet ya mba, aran enyong dawa” omongé anaké Kapèr.
“Wis gagiyan, aran dawané kowen sapa?”
“Lengkap kiyé mba: Berakit-rakit ke Hulu, Berenang ke Tepian. Bersakit-sakit Dahulu, Baru KemuDIAN…Bersenang-senang…” (Lanang Setiawan)






Prèman Kafé

KAPÈR lagi énak-énak njagong nang Kafé Blampak Empus. Ujug-ujug ana prèman tènggèng alias mendem nendang Kapèr kambèn gemboran:
“Kiyé karaté saka Jepang!!!”
Ditendang gonèng prèman Kafé Blampak Empus, Kapèr tiba meneng. Tapi si preman suwé-suwé malah ngantem Kapèr kambén gemboran maning:
“Kiyé Boxing saka Amèrika!!!”
Kapèr mègin baé meneng. Dèwèké ora males senajan diantem. Tapi ujug-ujug, prèmané malah tambah nrocok, Kapèr ditendang si prèman karo nggembor sakuwat-kuwat:
“Kiyé Kung Fu saka China!!!”
Kapèr ora ngomong, dèwèké malah metu saka Kafé. Tapi ora let suwé, Kapèr manjing maning. Dèwèké latan nggebugi prèmané ora kira-kira. Si prèman langsung njengkangkang, semaput.
Weruh prèmané semaput, Kapèr maring sing nunggu Kafé trus titip pesan.
“Kang tulung ya? Dong gentoné wis sadar, diomongna: Kiyé Linggis saka Gudang!” (Lanang Setiawan)

Tidak ada komentar: