Minggu, 05 Oktober 2008

Sajak2 TEGALAN TAMBARI GUSTAM

Tambari Gustam
Pantun Rèformasi

Daronah, babu sing kerja neng Yucarimah
ninggal bocah lima nang umah
yèn malem ahad, luruh sambènan
nggo tambah upah

Daronah, babu sing kerja neng Yucarimah
jebulé randa sing nang umah ora betah
tau nyolong duwit nang majikané
nggo nebus radioné sing digadèkna
nang tanggané

Daronah, babu sing malem saptu belèh metu
ndandani radio, sing digadèkna nang Man Litu
barang radioné moni, Daronah gemuyu kaku
ngrongokna radio sing penyiaré lucu

Jaré penyiaré mbaca pantun rèformasi
sing Daronah belèh ngerti ika-iki
(radio sing nembé ditebus nang Man Litu
disetèl seru-seru nganti dèwèké gembuyu kaku)
penyiaré ngomong….

“Berjuta bintang di langit
hanya satu yang bercahaya
berjuta rakyat yang sakit
hanya koruptor yang bahagia

Berakit-rakit ke hulu
berenang-renang ketepian
rakyat dibikin sakit-sakit melulu
koruptor senang-senang kemudian

Disana gunung disini gunung
ditengah-tengah ada sawahnya
disana koruptor tambah linglung
disini rakyat makin bingung
sembako mahal harganya

Darimana datangnya lintah
dari sawah turun ke kali
darimana datangnya harta koruptor
dari rakyat masuk ke kantong pribadi…”

Daronah tembé ngerti kahanan saiki
barang nyetèl radio sing wis didandani
jebulé duwit negara akèh sing dikorupsi
mulané koruptor kudu dirèformasi
éndah enyong aja dadi babu nganti mati

muarareja, 2081998


Muarareja Oyag

Ana apa, bisané wong-wong pada gemrungsung
ana apa, wong-wong pada rundag
ribut lan watir karepé dèwèk?

Ana apa, bisané wong-wong pada gègèr
ana apa, wong-wong pada kewedèn
mrinding lan wedi neng ayang-ayangé dèwèk?

Wong akèh pada gègèr
jebulé, bocah langgar neng Muarareja
mringati muludan nanggap wayang
jaré lurahé nyong ngomong:
“Bocah saiki senengé nylenèh
la wong muludan, ka ditanggapna wayang”

Jagad Muarareja dadi oyag
bakan ketekan dalang
nggelar wayang, nggo nambani sing lagi mriyang
gudu mriyang awaké
nanging mriyang atiné lan lingkungané
senajan dedeg pengadegé bregas
nanging rapuh wateké, moral lan polahé

ABRI lan polisiné
walikotané lan camaté
lurahé lan perangkaté
ulamané lan umaté
wong tuwa lan bocah enomé
kabèh gusrek, ribut lan semrikut
bakal ketekan dalang ki enthus

Ana apa sih, terus pan apa?
bisané pada rundag, watir lan gègèr?

Aja watir lan aja runtag, sing ala bakalé njedag
ora usah njadag, apa maning njarag
wong-wong sing atiné lara njedadag
pada kumpul, ngrongokna ki dalang
njèmbrèng wayang
ngudari sabeneré arti rèformasi
éndah atiné teteg
éndah wetengé wareg
éndah dèsané aja ajeg, mandeg
njogrog baé metetek
éndah wong Murareje ngarti
sabeneré rèformasi

Muarareja, 25 Juli 98


Ki Enthus Nggawé Oyag

Enyong kèder, pan kepribèn?
asalé nanggap wayang
nggo nambani ati sing lagi mriyang
sapa baé sing rumangsa bakalé kena tamba
ora pejabaté ora rakyaté
ora lurahé ora RT-né
ora kyainé ora santriné
kabèh rèk bongkrèk pan krasa
yèn pancèn rumangsa nglakoni

Jebulé bojoné nyong salah nrima
anggoné ngrongokna ki dalang
lupit ngomong nrocok
sing nyindir perasaané wong
ngomongé, “Kyèh nyuk wèdangé”
ah…ki dalang gendeng
kuwé mau julukané ki enthus
dalang moncèr asal Tegal
sing ngomong gejar-gejur
tanpa tèdèng aling-aling
ndadèkna rai abang ireng, kuping panas
sing nggawé gègèr lan oyag Dèsa Muarareja


Bojoné nyong
sawijiné wong sing atiné mriyang
lan melu oyag atiné
rumangsa kena sindiran wayang

Enyong kèder, pan kepribèn?
sing bener endi, lupit, dalangé
apa bojoné enyong?

Muarareja, 29 Juli 1998


TAMBARI GUSTAM lahir di Tegal 18 Oktober 1964. Lelaki yang jago humor ini, selain mahir baca puisi, termasuk tokoh reformasi di Tegal yang getol melancarkan aksinya melalui pantun-pantun reformasi. Antologi pantunnya terhimpun dalam buku “Pantun Warteg”. Salah satu pendiri “Kiret” (Komite Reformasi Tegal) ini juga telah menerbitkan 3 buah buku komik masing-masing berjudul “Selamatkan Aku”, “Jeritan Si Ikan Laut” dalam bahasa Tegalan, dan ketiga “Selamatkan Pantai Muarareja”. Buku yang lain “Guyong Gustam”, “Jangan Tunggu Rakyat Bergerak”, “Misteri Dibalik Masjid Kalisoka”, dan “Capung Maling”. Tokoh yang satu ini termasuk paling gerah dan geram ketika melihat ketimpangan social (LS)

Keterangan Gambar: H. Tambari Gustam saat memimpin gerakan aksi demo



Tidak ada komentar: