Senin, 06 Oktober 2008

Sajak Tegalan WURYANTO

























Sajak-sajak Wuryanto
Jarah Rayah

Sambaté wong cilik ngaruwara
kaningaya temen
urip sapisan ora tau seneng
ora gemiyèn ora saiki

Ngranapi jaman owah-owahan
reregan larang pegawèan ilang
dina kiyé bisa mangan
mbesiki durung karuwan

Angger weteng terus ngelih
pikiran pancèn bisa ngalih
kepeksa mlangkah dalan salah
mèlu ombyong njarah rayah

Butuhé aja nganti kaliren
ukuman ora dadi alangan
lagi kesrakat pawitané nekat
wong liya sing nanggung rugi

Aja dijor baé seterusé
lakon jarah rayah kiyé
kejahatan kudu énggal dibasmi
kemiskinan kudu énggal diperangi

Tegal, Juli 1998


Enyong Pangling

Enyong pangling
maring bangsané dèwèk
sing wis kondang
luhur budiné
bisa gampang malik grembyang
ilang pikiran warasé

Enyong pangling
maring bangsané dèwèk
sing duwé ati sabar
teguh batiné
saikiné gampang diobong
nuruti napsu angkara

Enyong pangling
maring bangsané dèwèk
sing wis dak kenal
kuwat iman takwané
saikiné gampang kesurupan
sètan kemrayangan

Enyong pangling
maring bangsané dèwèk
rupané bisa manglih
ora pada babar pisan
karo sing dak kenali
gemiyèn nganti saiki

Ader kuwé bangsané enyong
sing kolu gawé rusuh
njarah rayah barangé wong
saènaké karepé dèwèk

Ader kuwé bangsané enyong
sing tèga ngrampas
kesuciané wong wadon
ngumbar sipaté kèwan jahanam

Tegal, Juli 1998


Dina Saiki

Dina wingi dadi kaca benggala
kanggoné dina saiki
dina wingi akèh dosa
sing kudu disingkiri
aja dibalèni maning
kabèh mau gawé sengsara

Dina saiki dina mertobat
njaluk ampunan Gusti Mahaasih
ngakoni sakabèhé kesalahan
dadi manungsa ora sempurna
diatur daning kuasané
sing gawé urip

Dina saiki kudu luwih apik
ketimbang dina wingi
urip nang dina saiki
kudu tandang gawé temenanan
nglempengaken sing bèngkok
ndandani tatanan sing ora bener

Dina saiki mikul tanggungjawab
sing ora éntèng
kanggo mulyakena dina ngèsuk
dinané anak putu
kudu luwih apik maning
ketimbang dina saiki


Tegal, juli 1998


WURYANTO lahir di Tegal 12 Desember 1927. Ia mulai menulis cerpen sejak tahun 1951. Karyanya dimuat di majalah “nasional” Jakarta, “Membimbing” Jakarta, “Mimbanr Indonesia” Jakarta, “Sinar Harapan” Jakarta, “Minggu Ini” Semarang, “Pikiran Rakyat” edisi Cirebon, “Suara Meredeka” dan karya puisi Tegalannya terantologi dalam buku “Ruwat Desa”. Dalam dasa warsa tahun 1950-an ia menggunakan nama samaran Atto S Ananda. Mulai tahun 1960-an menggunakan nama asli. Kecuali menulis cerpen ia juga menulis drama panggung dan naskah sandiwara radio. Salah satu naskah sandiwara radionya berjudul “Hatinya Sedalam Laut” disiarkan oleh RRI Studio Jakarta tahun 1959.
Bapak dari Eko Tunas ini pun menulis berita atau artikel dan reportase tentang kegiatan kesenian dan lain-lain. Berita yang ditulisnya tentang penangkapan Letkol Untung gembong G30S/PKI di daerahTegal berjudul “Sang Gembong Tak Berdaya Menghadapi Kepungan Rakyat” dimuat di surat kabar Lembaran “Banteng Loreng”. Berita ditulis secara kronologis ini sempat dikutip oleh beberapa surat kabar nasional. Ia banyak juga menulis dan mengupas sajak-sajak Tegalan di “Muara Sastra”, “Kontak”, “Porem”, “Literasi” dan Jurnal TEGAL TEGAL serta tabloid TEGAL TEGAL yang kesemuanya terbitan Kota Tegal. Wuryanto termasuk salah satu pendiri Lembaran “Banteng Loreng” dan Senidrama “Tunas” tahun 1950-an (LS)



Tidak ada komentar: