Sabtu, 11 Oktober 2008

Sajak2 CARIK PENYAIR Rochmat Sapingi


Carik Penyair

Antarané Tegal Eropa
Eropa karo Tegal bèda
tapi ora adoh

Ning Paris ana menara Effel
ning Tegal ya ana tugu
bantèng lorèng binoncèngan

Ning Jerman ana dokar
jarané loro gedé-gedé
muaté wong, mung papat
ning Tegal ora kalah ya ana dokar
jarané siji cilik pisan
tapi muaté ditetel nganti kebek

Ning Austria ana wong siji
nggarap sawah nganggo
mesin gedé sa-amba-amba
ning Tegal ora ketinggalan
nggarap sawah dimluku nganggo kebo
lan nganggo wong sing sa-ambrag-abrag

Wong Eropa dong nyetir mobil ning Tegal
durung mesti jègod
bisa-bisa sing sajam, ngerèm ping sèwu

Wong Tegal ning kana nyetir mobil
sipil kutil
apa mangsané lan dudu
amprut-ampruté

Austria, maret 2005

Catatan:
Sipil kutil = gampang nemen/cèrèm


Guci
Teka nang Swiszeland molai
krasa atis
nang kana danau tengah-tengah kota
banyuné luwih atis


Ndèyané wong Swis adong ning Tegal
repan luwih gumun
adong ning Guci molai krasa atis
nggebur banyu anggepé luwih atis
malah mbok kecopok panasé ora karuwan

Karo mikir, kiyé banyu sakèyan-kèyan
nggodogé kepribèn

Swis maret 2005


Petaka
Musibah lan petaka
mesti ana

Tapi gedé-gedèné petaka lan musibah
angger loncat sing syahadat

Bumiharja 21 pebruari 2006


Kendang Kemulan
Ilang bebrayané
ora éling kancané
pedot pasedulurané
pada oreg

Gègèr
sumberé saka omong
ana sing ngomongé mèlu mana
ana sing ngomongé mèlu mèné
la ana sing omongé mana-mèné
adu-adu

Bumiharja 2006


Kapal Anjok Kota
Waktu jaman Nabi Nuh kapal
munggah pucuké gunung
jaman saiki ana kapal
nganti belanja tekan kota

Sènggané jaman sing pan teka
ana gunung adus ning segara
utawané segara ngadusi gunung
enyong sampèyan
pan apa lan dadi apa

Bumiharja 22 Januari 2006


Ketètèsan Jingga
Banyu putih
dong ketètèsan mangsi
atawané jingga
ora pan rubah warnané

Kanggo mbalèkna
angel lan suwé carané

Mulané
dong kecorèng mangsi
atawané jingga
katon alané

Ilang rep, rep kabèh apiké


Bumiharja Maret 2006


Biografi
NAMA
asli Rochmat Sapingi, lahir 22 Maret 1954 di Desa Bumiharja, Kecamatan Tarub Kabupaten Tegal. Selama hidupnya mengabdi untuk kepentingan masyarakat desa dan kegiatan Agama Islam. Walau hidup di desa dia berusaha mengobah pikiran untuk maju ke depan dengan pendekatan diri pada Allah SWT. Dengan melalui puisi-puisi tegalannya, Carik Penyair ini berupaya mengajak sesama agar memiliki keyakinan vertikal dengan kuat dan berjalan secara horizontal sesuai akal dan pikiran. Ternyata dengan keyakinannya itu, Carik Penyair ini melanglang buana ke 7 negara di Eropa dan Asia pada bulan Maret – April 2005. Karya puisinya turut dalam kumpulan puisi “Potret Reformasi Dalam Pusi Tegalan” dan “Penyair Angkatan TEGAL TEGAL” terbitan tabloid TEGAL TEGAL. Juga banyak tersebar di Tabloid TEGAL TEGAL dan lain sebagainya.
Sejak tahun 1977 sampai sekarang dia menduduki jabatan Sekretaris Desa (Carik) dan beberapa kali menjadi Pjs Kepala Desa di Bumiharja (LS)

Keterangan Gambar:
Carik Penyair Rochmat Sapingi (merokok dan berpeci putih) dapit oleh Wartawan Nirlama Post Eka (kiri) dan Danlanal Tegal Syufenri saat mengikuti diskusi sastra ‘Maut, Kematian Dalam Sastra’ yang berlangsung di rumah Lanang Setiawan, 25 Maret 2008 lalu bertepatan acara mendak (3 th) mendiang Ken Narendra Mediasah Muhammad (terlihat anak kecil tengah tertama dalam benner), putra ketiga Lanang Setiawan. Acara diskusi dihadiri oleh Wakil Walikota Tegal Dr. Maufur, anggota Dewan kota Tegal Agil Riyanto, Pemred Tabloid Sketsa Nurmuktiadi, Masudi Ach Jeparan, penyair Dwi Ery Santoso, tokoh peternak itik Pesurungan Rekso Soeleman, Pemred Slawi Post (Global) Donal David, mantan Lurah Margadana Asikin, dan para tokoh masyarakat, dengan pembicara Atmo Tan Sidik, Ki Anton Surono dan moderator Nurhidyat Poso

Tidak ada komentar: