Minggu, 05 Oktober 2008

Sajak Tegalan MUJIATMANTO

Muji Atmanto

Nggoné Dosa

Manungsa
pancèn nggoné dosa
diganjar siksa
suwé-suwé dadi
ora rumangsa

Lindu nias
kaya wis laka
sing mèlu lara.....


Slawi, 2005Pukul 05:04:45 WIB


Saksi

Layung-layung
tangisé sedulur sebrang
sing ketrajang banjir bandang
banjir getih
perih.....

Duh Gusti nyuwun kula
mugaha bisa dadi saksi ati
sing wis pada mati....


Senin, 3 Januari 2005
Pukul 19:29:45 WIB


Pepèling

Nyawa lan getihé
bakal ésih nglambrang
angger rayat ésih akèh sing mlarat
daning kowen sing srakat

Sebayu ora luwih sing crita lawas
angger pepèling durung bisa
gawé éling atiné kowen
sing wis kaya wadas

Nanging kali gung bisaha dadi sesuci
èbèn kabèh luwih resik
sekang siki...............

Kagok, pukul 05:05:05 WIB


MUJI ATMANTO – Kepala Dinas Bawasda Kabupaten Tegal kiyé, tulisané sumebar nang mèdia massa. Puisi Tegalané akèh dimuat nang TEGAL TEGAL. Ajibé, adong ngirim puisi langsung nganggo sms. Jarèné, puisi ndadèkna wong ora kemethak lan pikiran ayem.

Tidak ada komentar: