Minggu, 05 Oktober 2008

Sajak-sajak Tegalan WIJANARTO


Sajak-sajak Wijanarto
Bubrak

Sajroning raga kamisesegen
rumangsa wis dadi pepestèn
bakalan enyong kesaksèn
maring lakuné jaman sing molak-malik
ora karuwan genahé

Wong wis ora kaya mangungsa
minangkané dadi momo sing pan mangan
manungsa liyané
ati lembut, rasa katresnan brubah
dadi angas
ruwag-ruwig

Sapeté oreg wingi
nyong pan belèh percaya maning
maring sapa-sapa kejaba maring
Pangèran lan awaké enyong dèwèk


Tegal, Juli 1998


Lelayu

Tegal ngibarna bendèra putih
setengah tiang
tanda duka cita
maring matiné nurani
maring matiné manungsa kautaman
maring matiné rasa katresnan
maring matiné pejabat
sing cocoté lamis ngedol rakyat
maring matiné ‘enyong’
sing ora percaya Tegal bakal kaya kiyé
lakoné

Arjuna, 240798


WIJANARTO lahir di Tegal. Ia banyak menulis artikel sastra di berbagai mass media antara lain Kompas, jurnal TEGAL TEGAL, Suara Merdeka, Kedaulatan Rakyat, Pikiran Rakyat edisi Cirebon dan lain-lain. Kerap kali bermain teater juga pernah menjadi Pimpinan Perusahan di Tabloid TEGAL TEGAL dan koresponden Majalah Pesisir. Sekarang tinggal di Brebes (LS)

Tidak ada komentar: