Selasa, 13 Januari 2009

Sajak NGRANGGEH KATURANGGAN


Adi Winarso

PECINGAN

His, saiki gaya temen
gaya apané? Wong lagi bokèk
jarèné nembé olih order
order apa? Wong ora sida

Trus saiki pan maring endi?
embuh kiyé lagi kèder
mèlu enyong baé yuh?
ya tergantung pecingané

Kiyé mendingan modalé cuma gemboran
gemboran pribèn?
wis kowen mèlu belih?
kiyé voorschotté
ya wis, tapi awas sisané aja dipotong

tegal, 31 Mei 2006


ONGGRONGAN

Nang donya kiyé langka sing sempurna
apa maning jaman saiki serba susah
angger ora tahan godaan bisa klalènan
apa maning angger wis kepèpèt
pangrasané bener dèwèk

Sing lucu kuwé mbergaya
ora ndeleng kiwa tengené
nuding-nuding wong liya petakilan pisan
kuduné ngaca tuli sadurungé nuding
maksudé apa…?


ADI WINARSO Walikota Tegal sing kesepuluh kiyé, wongé kalem. Puisiné jujur, ditulis apa anaé. Rong puisi sing ana nang antoloji kiyé diwaca dèwèké waktu nang acara malem Jèd-jèdan Maca Puisi Tegalan, Rabo 31 Mei 2006 sing kepungkur nang Gedung Kesenian Kota Tegal. Waktu samana seliyané dèwèké, uga ana Bupati Tegal, Agus Riyanto, Ketua DPRD Kota Tegal Ghautsun kambèn Hadi Sutjipto lan Firdaus A Muhtadi (anggota DPRD Kota Tegal), Didi Januardi (birokrat) lan seniman Tegal.


Maufur

KOWEN
Kowen jawané lagi apa?
ngomong terus terang baé ora papa
tengkula mana nyapa mèné nyapa
ananging ora paham karo sapa

Kowen kayongé nduwé ati ka akas
pirang-pirang kepènginan digagas
sing penting anggeré aja mbeladas
ébèna awaké bisa ajeg bregas

Soalé yèn ora endasé kaé bisa bundas
apa ya kowen ora melas
karo wong sing atiné lagi getas
lan awaké uga lagi rantas

Énaké yuh pada nulung
aja mung nèin balung
tapiné nèin uga beras
ébèn kabèh pada waras


URIP BRAYAN
Dina saiki aku ning kèné
dina sèsuk ndèan ning kana
tapi kowen ora mèné-mèné
kapan kowen pan mbalèkna?

Lungané bareng-bareng
kabèh nganggo kelambi ireng
baliké ganing dèwèk-dèwèk
lan kelambiné wis pada suwèk

Pancèn ora énak dadi wong mlarat
tapi uga aku ora pèngin sugih
sebabé aku bisa urip nikmat
sing penting langka sing nagih

Wis gèn mèné gagiyan
karo nggawa barangé sampèyan
aja ngomong ora doyan
sing penting wis poyan kanggo urip brayan

Tegal, 24 September 2008
BAHASA TEGAL
Sapa sing ngomong bahasa Tegal kasar
sapa sing kanda yèn ngomong tegalan kaya wong kesasar
Kyèh sampèyan kabèh kira-kira percaya?
jaré enyong tah ndèan baé iya

Tapi kuwé jaman ndisit
wis mbang kanané kuna mèncit
saiki Tegal nduwé bahasa sastra
tapi ya pancèn durung patiya ketara

Angger wis diwulangna ning sekolah
karo bahasa liya ora kalah
Tegal bahasa ngapak-ngapak
tapi wargané paling kompak

Tambari lan Dwi Ery ora mung kèri, tapi mèlu nguri-nguri
Yono Daryono Darbol ora mung dobol, dèwèké mèlu mbobol
Lanang Setiawan ora bengi ora awan
nggolèt cara bèn bahasa Tegal langka lawan

Ilokèn liyané mung meneng
masa sih liyané mung anteng
yèn Tegal moncèr, kabèh kyé mèlu seneng
yèn Tegal keminclong, kabèh mèlu olih jeneng
yuh gèn, lakoni bareng-bareng

tegal, 14 Desember 2008


NASEHAT
Nok, kowen ora usah mèwèk
ora bakalan ana wong melas
dalan urip kiyé pancèn dèwèk-dèwèk
sing penting atiné kowen ikhlas

Nok, kowen ora usah nangis
apa maning nganti meringis-meringis
pancèn akèh wong sing kelebon iblis
dadi lakoné pada bengis

Nok, nyong kowen kabèh ora usah mèlu mumet
ati ora usah nganti gemremet
jalani baé urip sing wis njelimet
muga-muga baé nyong kowen kabèh selamet

Nok, Nabi ora kongkon nyong kowen sugih banda
bèn yèn pan melebu sorga ora nganti ketunda
tapiné Nabi ngongkon nyong kowen iman
bèn urip saiki karo engkoné aman

Januari 2009


PANGSIUN
Kayong tembé wingi baé
enyong rika nyambut gawé
nguwur benih manfaat
pengarep-ngarepé rakyat

Tapi saiki enyong kudu lirèn
sajeroné wektu sing cupèn
sajeroné kasil sing durung netes
sanduwuré ati sing durung marem

Nang njero ati nyong ngrenung
tambah mbancleng
nyong ngekepi Pengèran
sing netepi antara wujud lan pati
sing nentukna nasib kelakon insani
Tambah ngamplik umur bakal dikrekes
tapi nyong tetep sahaja lan tansah berjuwang
nang Arsanipun Pengèran nyong tambah mbekti
ora étung ijir nganti nyawa pedot ning badan

brugdarmo, juni 2005


Dr. MAUFUR Wakil Walikota Tegal, priyayiné santun ora gampang dugal. Apung aran akrabé, seneng gawé Puisi Tegalan. Saben dina Rebo, dèwèké ngisi kolum Salah Kaprah nang Harian Nirmala Post. Gaya bahasané tangkas uga nggelitik. Puisi Tegalané ana nang antoloji Penyair Angkatan Tegal Tegal lan Kilas Balik Pilkada 2004-2008. Uniké, kadang-kadang dèwèké seneng nggawé sambutan nganggo Puisi Tegalan utawané Bahasa Nasional.


Lanang Setiawan


TAK JALUK
Tak jaluk kowen demen maring enyong
aja bosen
rosané kowen ngadepi gedèné ombak
segara fitnah

Demen, kadangkala pancèn njèngkèlna waduk
paribasan lelara, lelarané kaya wong
kesuduk biting sujèn

Wong demen landepé kaya wilad
sing mbelèk nang kulung ati
perihé
njaremé
nyer-nyerané nggares kosih maring balung
tapi kowen tak jaluk aja mèncla-mènclé

Dadiya kowen kaya dèwi shinta
adong kowen pèngin diregani
dadiya kowen kaya srengèngé
saben ésuk setiya nerangi jagad
dadiya kowen kaya wulan
gelem madangi bengi sing petengdedet
dadiya kowen kemul waktu nyong katisen

Yang…
tak jaluk kowen nggambeni
balung igané enyong sing ilang
gandra!


NGERTIA MARING ENYONG
Sepisan kiyé baé
nyong njaluk tulusé kowen
gelem nggubed tatuné enyong sing
kapendem

Kaé nang nduwur wulané mencorong
nyong kepèngin dibatiri ngobrol
crita soal perasaané enyong sing kesuduk
kosih saprèné gurung nemu obaté

Ngertia kowen maring tatuné enyong
sing dirasa sangsaya nunjem

Sapisan kiyé baé, nok, kowen aja nolak
nyong kepèngin kowen ngrongokna
isi atiné enyong sing lagi kebek pedut
sawisé kuwé terserah kowen

LANANG SETIAWAN pelopor koran sing ana nang Tegal. Uga mawujudnya Sastra Tegalan lan Hari Jadi Sastra Tegalan. Karyané puisi, naskah drama, novel, uga lagu Tegalan. Novel Tegalané Oreg Tegal. Kanggo wong sing kepèngin luwih ngarti soal Sastra Tegalan bisa klik www.begawantegal.blogspot.com.


Emma Karimah

CLANDAKAN
Jamané jaman édan
uwong pada ngomong pating pecotot ora karuan
ora anggo surasa apa maning pikiran
sing penting wani maju, nyampèkna omongan

Ora lanang, ora wadon
sing penting nyotot ora anggo pikiran
janji ora pan njukut batian
kur go luruh dukungan

Pada hal tah durung njagong, wis mukiran
ngajak kanca batir bareng gawé tendangan
jebulé andon kepèngin sing kepènak olih urutan
barang wis nyandak ya da…dah…selamat jalan…

Selasa Wagé, 2 Desember 2008


MANÉ…MANÉ…MANÉ
Jarèné pamong-pamong nang brayahé
mestiné kudu bisa ngayomi ijèn-ijèné
nèin ngerti karo sing ora mahami
ora jaré malah minteri
diakali sing bisa dijukut manpaat go dèwèké

Ana kabar ana omongan aring kupingé
sing gawé mrinding sala siji pamongé
ora kuwat nrima ati
ngundang pamong siji
sing rumangsané paling wani

Kudu gawé uro-uro nangkis kabar wingi
saking klalèn étika adabé
langsung nyemprot ngomong sakepènak udelé
ora manaha sing diomong sing wis dilakoni
…ampun Gusti Allah…ya Allah...ya Gusti
uwong urip jaré sing penting…’mané’...
’mané’…‘mané’….én…. ‘mané’

EMMA KARIMAH salah siji anggota DPRD Kota Tegal, nulis puisi sajegé sekolah nang SMA. Puisi Tegalan sing nang nduwur kuwé dibaca sajeroné pagelaran ‘Hari Sastra Tegalan’, Minggu 14 Desember 2008, tempaté nang Rumdin Wakil Walikota Tegal, Dr. Maufur.


Denok Harti

BAYANGAN

Jogrog sing langka padané, ana nang kana
matané enyong tak meremna
kowen mesti teka
ngejak maring alas sing akhiré dibabad dadi surga
dina sing pan teka
kuwé mung kanggo enyong karo kowen

Jogrog sing langka padané, ana nang kana
ora bakal ngeclap saka ati
cipokané sing alus, kelonané sing anget
tangan-tangané bisa nyangga enyong tekan nduwur
rasané angel luruh padané:
nang Tegal, Pemalang durung ana
kota sing tau tak tuju langka
anané nang kana!
Adong laut dadi mangsi
toli wit-witan dadi bolpoin
ndèan baé mèsih kurang olihé nggo ngalem kowen
tapi enyong percaya karo sing nggawé urip
kapan waktuné musti ditemokna karo
kowen sing anané nang: kana!


DENOK HARTI artis Teater Puber kelahiran Tegal. Puisi tegalannya dimuat di Literasi, Muara Sastra dan antologi puisi ‘Ruwat Desa’ Untuk Indonesia Dengan Ruh Tegalan, dan Kliping-kliping Patah, Kesaksian Matinya Koran Tegal. Sekarang tinggal di Jalan Gondomono Sarwodadi Comal Pemalang.


Diah Setyawati

KELON
Ujug-ujug enyong kangen kelon
mbuh mbangkanané kadung ketaton
mung baé disawang ka belèh maton
kanggoné wong wadon

Katresnan sing tanpa wates
nandes tekan pulung ati
aja nganti dibalèni
mrinding wedi mlending
wong laka tamèng lan tèdèng aling-aling maning

Syukur enyong égin bisa nuding “éling”
maring tumindak sing mbeling
mbuh mbangkanané ati garing
mèmper gèsèk srinding


SALAH SIJINÉ CRITA
Indonesia! Rumangsa enyong lair neng pangkonmu
dadi enyong kuwé pada baé anaké kowen
saiki tak waca peteng rupané kowen
gulungan mendung nutupi batukmu
banyu mata mili kaya kali dawa
ngeduk tatu njero awakku
toli manuk-manuk gelatik sing mènjèng mabur
nduwur sawah sing ngamplak
swarané pating cemricit
nampung ambekan sing pan pedot
campur baur karo jeritané gagak
ngabarna batang bocah-bocah tanpa salah

Lawa-lawa ireng pating sliwer neng nduwur langit
pating jlerit, keusir crobong-crobong pentolan

Sènggané mlayu maring alas, alasé lagi kobong
Gusti, pangapurané kula kabèh égin linglung
neng dalan padang

Bocah-bocah cilik sing manis
aja adus neng kono
banyu kali kuwé butek kena limbah
mengko angger kowen gedé kulité busik
rumangsa anak Indonesia, enyong belèh kepèngin
kowen dadi wong asing neng tanah lairé

Enyong kèmutan salah sijiné taman pahlawan
gundukan-gundukan lemah sing dirogrogi
kembang kamboja
enyong yakin, batang-batang wis dadi balung
kuwé luwih wangi tinimbang kembang
pahlawan-pahlawan sing widakan taun
nglabrug njungkel
kambèn gemboran “merdèka”
toli merdèka temenan tumpah darah kiyé

Tlatah sing muncrat ombaké
ora tau rampung nyebut asmané Gusti Allah
wit-witan
kali
krikil
lan semripite angin bengi mbabaraken swara ati

Mbuh ora weruh apa baé sing bakal kedadèn
enyong tetep anaké kowen
sing duwé daratan ijo lan gunung watu
neng nduwur cadik sing mencit
gelombang kiyé tetep moni
ébèn srengèngé ésuk luwih terang maning

Neng jegongan lembah kiyé
apan dikeduk dadi sumur
toli kabèh wong bisa mèlu neguk ngombé
cemreces atiné dèwèk neng kono
toli bendèra kuwé èbén tambah ayem mangibar
dikipasi rahmaté Gusti
kambèn ngucap syukur sing laka pragaté

DIAH SETYAWATI penyair wadon sing ésih éksis kinyis-kinyis kiyé lair nang Tegal 17 Desember 1960. Karyané ana nang antoloji puisi Jawa Tengah. Sedeng Puisi Tegalané nang antoloji Potret Refomasi Dalam Puisi Tegalan, Penyair Angkatan Tegal Tegal. Salah siji puisi Tegalané dinggo judul buku Tegal Dugal. Alamat umahé nang Dukuh Sabrang Rt 02/Rw 04, Desa Pangkah, Kabupaten Tegal.



Wijanarto

KATRESNAN
(maring bocah)

Matané dlolap-dlolop melas
polahé kaya wong tuwa
gawé bebungah
omongé ora karuwan
gawé sing krungu ngerti
Saka endi kowen dongé?
mèné, kancani royoman
Gusti Allah ngirim kiyé bocah
kanggo njèwèr wong tuwané
kanggo ngancani aku karo bojo

Kaé bocah malèkat sing nyamar
saka endi kowen dongé?

brebes, des 2008


BOCAH ILANG
(kanggo kampung Kalimati)

Kiyé angin gawé atiné nyong kaya ilat ombak
segara sing nampek rai
angin gawa atiné kaya tangané mané
ngelus-elus kayong semrèsèt

Kiyé bocah ilang pan balik
tapi ora weruh dalané
endi parané kayong wis klalèn
endi kanca-kancané enyong
sing gemiyèn pada dolanan blodor
rok grompol, étèngan, simbar klungsu
embuh wis dadi apa?

Kiyé bocah ilang
ora tinemu wong tuwa sing lawas
ora ditiliki
nyong pèngin balik
tapikèn wit-wit pelem, jambu pada rogrog
umah-umah anyar sawetara pada dibangun
sedalan-dalan, tangga-teparo gemiyèn wis laka
nang endi parané?

Angin segara semilir
bocah ilang ora bisa balik
godong-godong mentiyung
ditampek angin kaya ilat segara
nampek rai


WIJANARTO, bocah enom kiyé gampang baé dititèni. Dedeg pengadegé lemu lan potongan rambuté plontos. Lair nang Tegal tanggal 27 Agustus 1971. Karyané sumebar nang tabloid Literasi, Kompas, Republika, Suara Merdeka, Kedaulatan Rakyat uga Jawa Pos Group. Karya puisi tegalané nang antoloji Potret Reformasi Dalam Puisi Tegalan.



Atmo Tan Sidik

BUSH DURUNG SETOR MARING BAZ
Ora usah kementus, cengkèrèg*
awit kuna wis ana pituturé wong tuwa
wis lumrah, wis mestiné wong urip mangan
saplokan rong plokan
nginung, sategukan rong tegukan
toli pada ambekan, sawisé kuwé
ana sing ngetokena kringet
ana sing ngetokena antog, toli idu
ana sing pada maring mburi wc, toilet

Bubar nglebokna, wajar ana sing ditokena
Goerge Bush, rupané mbentorang
akalé bos, ora setor maring baz
mulané wingi kenang cilaka diwirang wartawan
Muntazar Al Zaidi ora wedi diancam bui
Bush dipataki sepatu senajan ora tatu

Mulané awaké dèwèk kudu paham
olih panènan bawang
olih bati dagangan
olih gajian malah sering olih jaban
kanggo sapa baé, sing dadi wartawan
tim suksès, juragan tawon
mak comblang, ora usah rikuh setor zakat
infaq shodaqoh
maring BAZ: Badan Amil Zakat
kanggo ngilangna blainé, éndah perek rejekiné
uga éndah kuwat syahwaté

Aja kaya man Khasad, nganggep éntèng siksa kubur
terus gawé surat wasiat maring notaris
kanggo anak keturunané
sing isiné mbèsuk yèn dèwèké mati
poma rong poma aja dipendem nang kuburan
tapi mendemé nang pekarangan
soalé Khasad, yaqin, khakul yaqin, aènal yaqin
siksa kubur pancèn ana, tapi malèkat
durung olih SK, anané siksa pekarangan

Padahal wis jelas Gusti Allah nuduhna
anané bencana
ora ngandel…takon dèwèk baé mana
Bush dipataki sepatu, sebab Bush akalé bos
durung setor maring baz

---------------
*cengkèrèg = ora nggugu pitutur



SING NGGO TUKU SING LANGKA
Ana berita 726 bahasa daèrah terancam punah
malah saiki mung gari 13 bahasa daèrah
sing nduwèni penutur sanduwuré sajuta
untung ésih ana kaya bangsané Sukèndi
wong enom wartegan sing gelem takon
maring mbokèné sing arané Kartèwi

Ma, dongé sing dimaksud
hurip iku hurup, kuwé apa?
terus maknané Pengantèn Putri
mugi dadosa mustikaning gemi, nastiti, ngati-ati?

Pengantèn Pria bisaha angayomi, angayemi, angayani?
maksudé palimarma, wibawa kuwé apa?
maknané gelem dadi juru ladosing brebayan?

Barang ditakoni, Kartèwi njawab….
kuwé kuduné takon maring sing luwih pinter
maring para dalang, para panata adicara
maring sing mbaurekso parikan, wangsalan

ari enyong, jaré Kartèwi
ngartiné basa Tegalan, dadi yèn ana
pitakonan kaya kuwé aku malah tambah
blèh karuan mumeté, tapi lamon kowen takoné
mengko ésuk sing nggo mangan wis ana?
kuwé aku bisa cepet njawabé, toli mesti beneré

Sing nggo mangan tah wis ana
wong sing nggo mangan ya untu, ilat karo cangkem
lah, lamon sing nggo blanja, kuwé sing langka
mulané, saiki…duwité rakyat balèkna!
ora usah nunggu tekané KPK

tegal, 23/12-2008


ATMO TAN SIDIK arané campuran antarané suku Jawa, Cina uga Arab. Maksudé bèn bisa gaul karo sapa baé, ora pandang bulu. Nulis nang kolom Majalah Berita Berhias ngrangkep dadi Pemredé nang majalah kuwé. Puisi Tegalané nang antoloji Ruwat Desa, Penyair Angkatan Tegal Tegal, Potret Reformasi, Kliping-kliping Patah lan tabloid Literasi. Alamat umahé nang dalan Cerme Rt 11/Rw 03 No 35 Kota Tegal.


Oyan S. Aryo

ORA GAMPANG
Ora gampang golèt bojo
sebab bebojan ora mung nggo kanca turu
Ora gampang golèt bojo
sebab luruh bojo ora mung sekedar golèt wadon ayu

Pirang-pirang wong wadon
pirang-pirang sing ayu
sing kuning sing ireng
sing gemadung sing mateng
tapi endi sing lugu

Ora gampang golèt bojo
sebab bebojoan kuwé manunggaling jiwa sing loro
Ora gampang golèt bojo
sebab bebojoan kuwé kudu wani maring rekasa

Pirang-pirang wong wadon
pirang-pirang wong lanang
bebojoan katon bungah
bebojoan katon seneng
pirang-pirang bebojoan
jebul mung seumur jagung
bebojoan ora kabèh langgeng
bebojoan mung kanggo pegatan
nggawé puyeng nggawé susah

Pirang-pirang wong wadon
pirang-pirang sing ayu
sing prawan sing mawar
tapi endi sing lugu?


OYAN S. ARYO kuwé salah sijiné guru. Puisi Tegalané mlebu nang Muara Sastra uga nang antoloji buku Kliping-kliping Patah, Kesaksian Matinya Koran Tegal. Umahé nang Kalinyamat Kulon, Kecamatan Margadana, Kota Tegal


H. Tambari Gustam

TULUNG NYONG DIAJARI
Tulung nyong diajari étika
éndah nyong ngarti sopan-santun
Tulung nyong diajari éstètika
éndah nyong blajar nggawé indahing
suasana

Tulung nyong diajari pibèn carané
nggawé puisi sing bisa mbèlani rakyat
éndah rakyat ora gemboran
jalaran kaliren

Tulung nyong diajari pibèn carané
tata tentrem, éndah rakyaté mangan wareg
nyandang rapet, turu anget lan slamet

Tulung nyong diajari élmu sirep
éndah rakyat lan dèmonstran ora gemboran
nuntut sing pirang-pirang
jalaran jejalukané wis dituruti

Tulung nyong diajari élmu mbodoni
éndah nyong ora dibodoni neng wong liya
éndah rakyaté dadi pinter
ora diapusi neng maling-maling sing
nganggo dasi

Tulung nyong diajari élmu nyolong
éndah nyong ngarti pibèn carané
penggedé negri ngakali duwité negara sing
alesané stadi banding
nggo mbèla rakyat, jebulé manjing
wetengé dèwèk tok

Tulung nyong diajari élmu mburu mangsa
éndah nyong bisa nangkep para
bencolèng, kaya KPK nguber koruptor
sing nggrogoti duwité negara
lantaran tèga nggawé rakyat
tambah sengsara

Tulung nyong diajari nulis bait puisi
nggo nyampèkna tangisan wong mlarat
sing pating jlerit, runtung
rebutan jatah raskin

Senajan jutaan puisi diwaca
negeri kiyé tetep tambeng ora bakal
brobah
wong mlarat tetep mlarat diina lan
dikaniaya

Senajan Chairil Anwar gemboran:
“Sekali berarti sesudah itu mati”
atawa Wiji Thukul nduwak-nduwak:
“Apabila usul ditolak tanpa ditimbang,
suara dibungkam, kritik
dilarang tanpa alasan, dituduh
subversif dan mengganggu keamanan,
maka hanya ada satu kata; Lawan !”
tapi puisi tetep puisi, ora bisa
ngrubah apa-apa

Tulung nyong diajari pibèn carané
ngrubah kahanan sing morat-marit kiyé
sebab nyong ora kepèngin rèvolusi
lantaran rèvolusi mesti ngetokna getih
ibarat ibu nglairaken jabang bayi
getih gladrahan maring endi-endi ora
getih rèvolusi ora liya getihé sejuta rakyat
getih babaré probahan jaman

Winginané koran-koran gègèr
wong tuwa tegel ngracun anaké
anak matèni bapané
bojo ngracun lanangé sebab sing
lanang nganggur lantaran di PHK

Nyong nggrentes maca brita sing
kaya kuwé
nyong kelara-lara
nyong nglegleg
nyong getun lan
nyong tetangisan dèwèkan
ngguguk, sadawané bengi sing sintru

Wahai DPR
wahai pejabat
wahai aparat
lan sampèyan kabèh sing lagi kuasa
tulung nyong diajari pibèn carané
mbenahi kahanan sing wis rodal-radil
kaya kiyé



NGENTÈNI
Sejatiné urip mung andon ngentèni
nalikané wayah ésuk
nyong mung ngentèni tekané wayah soré

Ésuk-ésuk muput
waktu wong miyang nebar jaring luruh iwak
sumbirat warna kuning semu abang nom
njarèt nyuwèk langit
tuniba maring banyu sing kena ombak
kemerlob kaya mutiara
sing pirang-pirang ngebeki ambané segara
jebulé ya, mung ngentèni manjiné srengèngé
pada baé bojoné wong miyang
sing lagi ngentèni lanangé prauné ngranjing*

Urip jebulé mung andon ngentèni
persis kaya kuli bangunan sing ngentèni bayaran
tekané dina sabtu akèh sing ngarep-ngarep
nggo mbayar sekolah anaké sing mbarep
lan nggo nyaur utang-utang warung
sing diboni nggal dina
buruh ngentèni bayarang sing majikan
wartawan ngentèni honor tulisan
dudu ngentèni ceklisan apa maning sogokan
pegawé negri ngentèni gajian
wong dagang ya ngentèni batinan
maklar ngentèni komisinan
wong kantoran uga ngentèni tekané tanggal siji
sawulan mung andon ngentèni
ngentèni gajian nggo makani anak bojo
sing ditrenani

Yèn bengi ya mung nyawang sadawané wengi
ngarep-arep tekané ésuk sing dientèni
pada karo urip mung andon ngentèni tekané pati
pati sing wong pada wedi
bakalé teka maring sekabèhané mahkluk
mulané mati ora usah dijaluk
pada baé, kaya tibané bluluk
yèn wis wayahé ya mesti ambruk
jebulé, urip mung andon ngentèni
persis kaya arisan bakalé olih giliran

----
*ngranjing = teka (istilan nelayan)


H. TAMBARI GUSTAM lair nang Tegal tanggal 18 Oktober 1964. Nerbitna buku kumpulan Pantun Warteg. Puisi Tegalané ana nang antoloji puisi 32 penyair Potret Reformasi Dalam Puisi Tegalan. Uga nerbitna komik Tegalan judulé Jeritan Sing Laut. Alamat umahé nang Desa Murareja, Kota Tegal.


Endhy Kepanjen

WANGI CEMPAKA
Wanginé kembang setaman
semebar nang awang-awang
mresep nang kulung ati balung sungsum
pikiran dadi amba dawa jembar angené
sambi ngètung usuk nganti turu angler
jebul wis ésuk ana kuku ruyuk

Nggentawang adzan nampek kuping
sing lagi kerayu-mayu daning wong ayu
clereng pikiran mbancleng, apa kiyé…
batin nggugah mata sing sepet
ketutup énaké lim sing ésih ngraket

Giyayap ...njenggèlèk…tangi
merga ana suwara alus kemayu
ngajak tangi saka turu lali
karo narik tangan sing lemes kaku
njagong nang peturon sing sprèiné mosak-masik

Gagiyan ora sranta maning
menyat tak cekel tangan cilik nggilik
nuntun maring panggonan anyes
mata melèk, pikiran padang njimbrang
ngadeg madep marep kiblat



SAWANG SINAWANG
Jaré sapa wong sugih, kuwé énak
jaré sapa wong mlarat, kuwé mblangsak
jaré sapa …jaré sapa…..

Jaré sapa wong waras, kuwé bregas
jaré sapa wong lara, kuwé sengsara
jaré sapa ...jaré sapa…..

Jaré sapa wong enom, kuwé seger
jaré sapa wong tua, kuwé bager
jaré sapa …..jaré sapa……..


Apa kuduné urip nang dunya
digawé hèr-hèran
apa kuduné urip nang dunya
digawé poya-poya

Aja dikira, jebulé urip nang dunya
kuwé ora merdèka
aja dikira, jebulé urip nang dunya
kuwé aja disia-sia

Angger kaya kuwé sing merdèka sapa
angger kaya kuwé sing sia-sia sapa
maring sapa enyong kudu takon
bèn urip bisa maton cekelan sing waton
Kampung Cempaka II / 4, 23 Nop’08


ENDHY KEPANJEN lair nang Tegal. Puisi Tegalané mèlu dibukukena nang antoloji Angkatan Tegal Tegal, Potret Reformasi Dalam Puisi Tegalan, lan Ruwat Desa Untuk Indonesia Dengan Ruh Puisi Tegalan. Drama tegalané sing judulé Pengibaran Bendera uga sering dipèntasaken nang acara pitulas Agustusan. Dèwèké mèlu andil nang album Tegalan produksi Indi Lebel Mumpung Ketemu, Boogarest Production


Rodjikin AH

INTRUPSI
Kang intrupsi kang
rayat nunggu.....
apa mung kaya kiyé tok kang?
Kang wakilé rayat jaré kudu pokal

Kang intrupsi kang
rayat takon......
apa bener rika luwih seneng ngantuk
katimbang ngomong?

Kang intrupsi kang.....
apa bener yèn rika ngomong pulsané larang kang?
Kang intrupsi kang.....
apa bener pulsané rika bebaaas roaming kang?

Ayuh kang mumpung bèbas roaming
ngomong kang

Ngomong!


RODJIKIN AH salah sijiné Wakil Ketua DPRD Kabupaten Tegal kiyé, puisi Tegalané mlebu nang antoloji Penyair Angkatan Tegal Tegal. Saiki njabat dadi Ketua DPC PDI P Kabupaten Tegal.


Turah Untung

GERIMIS
girimis ngrekicek
dalan dadi bècèk
bandèt pating pecètet

Dalan bècèk dadi ajang obral swara
wong-wong sing adolan janji
pada sesongar nang pinggir dalan
nang gang-gang tikus

Adolan janji dadi wakil rakyat
janjiné pan gentas rakyat mlarat
pan bungahna sakabé
sesongar kaya calo nang terminal

Pulitikus busuk pating blusuk
adolan cocot sing lamis
pulitikus dadakan, tinimbang nganggur
sarjana sing ora duwé keprigelan
akhiré dadi maklalar pulitik

TURAH UNTUNG lair nang Tegal. Puisi lan cerpen tegalané mlebu nang jurnal budaya Muara Sastra.


M.Hadi Utomo


THE LONG AND WINDING ROAD*
Dalan sing nggèrèd sikilku
dalan sing dawa nemen
tur anginé gedé, nampeki rai
Perih manjing sajeronèng jakèt
getih dadi mandeg
tapi lawang umahmu
kayong ora bakal ketemu

Bengi sing peteng nggriyeng
Luh sing ngecembeng
sikilku terus nggrayangi dalan tut satindak
Angin sangsaya atis, nampeki rai
tapi lawang umahmu
sangsaya adoh – sangsaya adoh

Padahal
gemiyèn wis tau tak tengeri
latarmu tak cebloki mawar abang
tanpa kowen weruh
sapa sing nyawang nganti kamitenggengen
dalan dawa temuju maring lawangmu
The Long and Winding Road
Lead me to your door

*(Saka lagunéThe Beatles)


SURAT (1)
Dina-dina sing balapan olihé pada nyuwèk tanggalan nganti kedawan-dawan olihé aku ngrasakna dèwèkan sepi nglangut nang lelakon kiyé – sawetara kowen ndèyan lagi molak-malik tut salembar album lawas sajeroné ayang-ayang sing samar kowen weruh potreté dèwèk lagi kawur kanginan nglayang ngawang-awang nang jèjèré pedut lan mèga – kowen karo aku sing tau mlaku pédangan nang sikilé langit tapi saiki kowen karo aku persasat manjing maring kitiran waktu nganti ora bisa ogèt – malah sangsaya adoh mlesat jasad-jasadé wong loro dibanting nang jurang sepi nganti suwiwiné aku lan suwiwiné kowen pada sèngklèh lan tatu sing mangap amba krasa perih ngglètak nang kèné nang jeroné jagad sing peteng griyeng – rokhé aku karo rokhé kowen manglih kaya lebu sing nèmpèl nang gegodongan… O, Gusti..

SURAT (2)
Kowen arep ngentèni apa maning, manisku, sawetara langit sangsaya kèrem sangsaya kèrem, dalan setapak galengan sawah wis sepi nyenyet, sandèkala wis teka bengi wis mudun, kowen arep ngentèni apa maning, manisku, nglangkaha gagiyan dibèrèsi koper-kopermu, kowen ora susah crèwèd takon werna-werna, aku karo kowen arep maring endi maning, embuh, sebab aku karo kowen pancèn ora tau duwé umah….O, Gusti…Gusti


M.HADI UTOMO lair nang Pekalongan 26 Januari 1939. Puisi tegalané nang Muara Sastra, Literasi, Jurnal Tegal Tegal, Porem, Tabloid Tegal Tegal lan Potret Reformasi Dalam Puisi Tegalan, Ruwat Desa Untuk Indonesia Dengan Ruh Puisi Tegalan.


Yaskur

NGLALÈNA ENYONG
Él, udan wis mandeg
ora usah takon udan maning
lemah kiyé saiki garing, sajegé matané kowen
mancar soroté srengéngé
Él, delengna matané enyong, delengna!
kowen ora bakal ngarti karo cinta sing ana nang
matané enyong
padahal saben tètèsan cintané enyong pan dadi
adem nang bumi atiné kowen
Él, saiki nglalèna enyong, ndean baé
kiyé pungkasé enyong ngenang kowen


YASKUR lair tanggal 2 Februari 1982. Tamatan MAK Raudatut Thalibin Kalikangkung, Kecamatan Pangkah, Kabupaten Tegal kiyé, salah sijiné anggota Teater Lare's Dramatic.


Abu Ma'mur MF

MBETAHI LAN NGANGENI?

Nang dèsaku ésih akèh sawah, tandurané ijo
royo-royo
angin semilir
krasané ngresep maring kulit
nang pinggir umahku ana kali banyuné bening
suwarané kricik-kricik
kena nggo hiburan adong lagi sepi
atawa lagi sumpek

Angger wayah bengi mandeng langit
cemlorot lintang, sinar wulané nambah padang
bocah-bocah pada dolanan lan tetembangan
“Gotri ala gotri margasari
riwa-riwi dodo mento,
dolan-dolan barang balik gadi mantèn
opo-opo dadi kodok…”

Angger wis pada bosen latané ganti sutrèwang
lan tetembangan: ”Umpet-umpet beton sadina aja ngaton
ngatoné Rebo Pon Kemis Wagé Jumah Kliwon
Cina-cina gowé anaké nangis nggorang-nggarung
lungané sing adoh..”

Desaku pancèn mbetahi lan nangeni
kuwé cerita jaman aku ésih cilik

Saiki kali sing mili kotor kenang limbah tahu
sawah-sawah ditanduri bangunan
bocah-bocah cilik arang kumpul
senengé pada nonton tv atawa dolanan gim-giman
jaré arané play station

Saiki dèsaku ésih mbetahi lan ngangeni?



RESEP CINA
Enyong bingung, kèdèr, getun
bisané wong-wong Jawa sing asli pribumi
adong pada dodolan kalah karo wong cina
padahalèn kaé mung ngrantau nang kèné
tapi malah sugih-sugih
tanggané enyong malah dadi rèwangé
dongèn kepribé kiyé?

Ketimbang getun dèwèkan
laka sing mbatiri
kalah-kalahé enyong nggolèti resèpé wong cina
éndah sadulur-saduluré enyong ora pada nelangsa

Sawulan, rong wulan..
setahun, rong taun…
éh, jebulé rahasiané man cina kaya kiyé
: uripé pancèn rukun temenan
angger ana batiré sing butuh modal
ya dimodali; disilihi duwit disit
toli angger dagang batiné ora malek
sing penting payuné laris
gadi angger diétung-étung mlebuné akèh

Enyong bingung, kèder, getun
sadulur-saduluré enyong ora gelem pada
nganggo resep mau

malah pada saingan, jèngkèl-jèngkèlan
kapan majuné?

ABU MA'MUR MF lair nang Tegal. Karya-karyané sumebar nang Horison, Wawasan, Tren, Muslimah, Sabili, uga nang majalah Perkawinan dan Keluarga. Sering menang lomba baca puisi. Alamaté nang Dalan Pramuka RT 14/04 Karangmangu, Tarub, Kab. Tegal 52184. E-mail : buih_cahaya@yahoo.com. Nomor Hp : 08564 0123 997.



Dries Anganten

TUTUL TUTUL ORÈTAN

Aduh, sing tak arepna enyong
ning mata ora tau ketemu
tambah suwé tambah adoh
tapi senengé ana swarga nang ati

Aduh, pacaré enyong
aku gelem dadi wong-wongan
payungan nganggo kèlingan
lokèn lungané kowen ninggalna lara
kepènginan ancur dibelok ukum
jentik-jentik seneng ngelus angin

Aduh, sing tak arepna enyong
rongokna, rongokna bisikané aban-aban
kèlingan neng bengi sing tugel mlaku
nggambar impèn karo kowen
seneng mung kari tutul-tutul
orètan sawengi kaya urip


ANGÈL TEMEN
Kèlingan kowen neng njero bengi
rai atis ngatosna kèlingan
kèlingan kowen neng kèné adoh
toli nyenyep
kèlingan kowen nggawé kèder
éwon pitakonan
ngentèni ora bisa ngomong langka aban-aban

Kèlingan kowen kèlingan kowen maning
ora arep-arep kowen maning

DRIES ANGANTEN lair nang Desa Tegalwangi, Talang tanggal 21 Februari 1980. Aran asliné Idris, tau dadi kernet bis jurusan Jakarta-Pekalongan, tukang patri panci keliling, pedagang seprei, lan kuli bangunan. Saiki dadi pedagang tempe sing sokan pladangan manjing metu kampung. Alamat panggonané nang Desa Tegalwangi RT 17 RW 05, Talang, Kab.Tegal. HP: 081902468255.


@yaHe Qya

JARÉ SAPA
Jarèné sapa
awan bengi ana neng dunya
panas atis ora dirasa
nètèsé kringet dadi cerita

Jarèné sapa
awan bengi ana neng dunya
mung kur gegolèt upa
olihé wedi urip nelangsa

Apa pan kaya kuwé tok
urip neng dunya nganti bosok
apa cukup kaya kuwé tok
urip neng dunya gegolèt pokok
Apa bèdané karo sikil papat
apa bèdané karo sing mencelat
ora éling ilangé jagad
ora éling tekané kiamat

Wèlèh…wèlèh…wèlèh…
rugi temenan enyong
ora ngerti sejatiné urip
ina temenan enyong
ora ngerti tujuané urip

Urip kudu mikir
yèen raga butuh pangan
urip kudu mikir
yèn batin butuh pangan

Slamet dunyané
slamet akheraté
slamet sakabèhé
kuwé mesti ora mung jèré-jèré

AJA NGENTÈNI SORÉ
Pancèn bener jarèné wong pinter
kahanan panas merga keblinger
penting kasuksèsan sing diincer
ora ngèlingi dalan sing bener

Goblok-goblok temen menungsa
nduwèni bekal ora rumangsa
éman-éman temen menungsa
nduwèni sangu ora direksa
dalané sètan sing dipuja
dalané demit sing diuntit
salah bener urusan njaba
sing dipikir mung akahé duwit

Wis tah ngaku baé
ora usah nganggo isin-isin
aja ngentèni soré
banyu segara mesti asin

Mumpung ésih nduwèni sempet
aja ngentèni anané lepet
mumpung ésih nduwèni masa
aja ngentèni mujuré raga

Gusti Maha Ghofur
gagiyan ngilangna kufur
gusti maha ngobati
jaluka tambané ati

Balapulang, 24 Desember 2008


@yaHe Qya aran samaran. Asli arané Fakhrurroji, biasa diundang Oji. Lair nang Suradadi, 29 Agustus 1977. Saben dinané mulang nang SMK Diponegoro Lebaksiu dadi Instruktur Teknik Otomotif ngrangkep Waka Kesiswaan. Panggonané nang Balapulang Dalan Raya Balapulang-Jatibarang. Nomor Hp: 08996508223



Usman Didi Khamdani

PAIJO MENDEM
Paijo mendem.nenggak ciu.matané kliyeran.mlakuné gluyar-gluyurtapi jaré Paijo: ciu kuwé sorga!mbuh temen. padahal Paijo yasregep madep Pangèran.nggal ésuk ora klalèn Paijo mbuka padasan.banyu wudhu nggiras sembahyang.tapi ya pancèn ... umahé Paijo gribig bolong-bolong
gendèngé pada bocorlamon udan njero umah kebanjiranusahané sering kapiran.bojoné kadang ugal-ugalan.anaké loro, mati sijiné. penyakittipes -padahal ringantapi laka duwit kegawa matisijiné maningkadang kenang ayan: sawan cèlèng jarélumrahé.Paijo saiki batiré ciu sing jarènébisa gawé pikiran tenang, ora kèlinganlamon ésuk kudu mangan wadang


RÈFORMASI = RÈPOT NASI
Kang Parto ésuk-ésuk ngamuktivi hitam putih 14 dibanting keras-keras: "kedubrak!"suwarané mecah sepiné mangsasebab kang Parto dugal karo janji-janji ning tivi karo berita-berita rèformasikaro rencana-rencana mbeneri negripadahal gara-garané rèformasidagangan és klapa mudané kang Partoancur lebur kenang amuk massalan bècak sing dadi sèrepsiji-sijiné kasaban mèlu brantakan
Waktu kerusuhan kang Parto belèh ngartiapa kuwé inflasi apa kuwé diplomasiapa kuwé nègoisasi karo IMFkang Parto ora mudengapa kuwé krisis monetèrkrisis kepercayaankrisis ...kang Parto mung pahamlamon kasaban ilangberarti pawon ora padanglan berartiora ana kang bisa dipangan


USMAN DIDI KHAMDANI lair nang Desa Jatibarang Lor, Jatibarang, Brebes taun 1980. Kejaba nulis puisi uga cerpen, esai nang Suara Merdeka, Brebes Pos, Cempaka, Tren, Bangkit, Aneka Yess!, uga Jurnal Pendar. Saiki mbara ngasab nang Tangerang.


Muji Atmanto

PEPÈLING
Nyawa lan getihé
bakal ésih nglambrang
angger rakyat ésih akèh sing mlarat
daning kowen sing srakat

Sebayu ora luwih sing crita lawas
angger pepèling durung bisa
gawé éling atiné kowen
sing wis kaya wadas

Nanging kali gung
bisaha dadi sesuci
èbèn kabèh luwih resik
sekang siki...............

Kagok, pukul 2005


MUJI ATMANTO salah siji pejabat nang Kabupaten Tegal kiyé, porèt nulis puisi Tegalan kanggo jurnal Tegal Tegal uga dimuat nang antoloji Penyair Angkatan Tegal Tegal.



Julis Nur Hussein

ABOT RASANÉ
: kanggo Lili Suryati

Abot nemen rasané, Li
senajan mung mbayangena lungamu
saat uripku ésih rungkud
daning lang-alang kangen mrambat rekasa
lan sauwit rumpun gedang kasih sayang
sajeroning sanubari
ndadak mrengut sungut laka gairah

Li, detik kiyé nang jiwaku
kaya gemladag geni neraka
sebab cintané enyong kebèk émosi
senajan enyong ngerti karepé atimu
mengendi anané cinta hakiki
senengku ora bisa diganduli
ésih baé abot libot, Li

Li, nggal dinané nang batuk kiyé
ombak tingkahmu nyembul sing tengen
sumringah parasmu kaya lisus
semruput gilar-gilar ngantem dada
sopan-santunmu, matamu, senyummu
ahh, Li
sing elor wètan tekané
ora lat saben wayah wengi

Abot nemen rasané, Li
medot seneng sing wis matri
yèn olih enyong ngarep-arep
aja saiki wangwa senengmu sirep
sebab dina ésih dawa
sengengé menteleng amba
utawa wulan geminjlang kaca

Walaaaahh, Li
kowen mlayu inggat
adoh sing mripat
manusa tetep baé pada
yèn kepedot tresnané
lelara lan udan tangis nelangsa
Li..., Li....



NANG SEBRANGÉ ISTIQLAL
Mesjid muara mili ning jantung-Mu
yèn bedug mumbul-mumbul
suwara adzan manyembur-nyembur
kabèh pada sujud nglambruk
ngambung sajadah ndilat ridho-Mu
imampun waktuné salam
ndongakna dèwèk kabèh sasedulur

Kiyé Istiqlal merkusuar kalam
nggal subuh sing pada patuh nglumpruk
nggal peteng wong-wong mampir
sing lagi ngelih bebatiran
teka saben wengi pasrah
ngais berkah mèrekna rohmaté
ngangsur kapling sorga nggo matiné
Tapi kepribèn karo enyong
senajan klopak mata wis nggaris ireng
ésih cètèk tur pedigdagan mlaku
nyangking tas jiwa sing kosong
ora ana sairis baé nggragap kepèngin ndingkluk
karo anané gilar-gemilar njoné umahe gusti Allah

Dalanan gedé Ibukota
yakuwé iring-iringan pengungsi
pamèran urip sing oraiya oraembuh
napas-napas mumet ngembang-ngempès
sajeroné angkutan umum lan mobilé dèwèk
njelma lisus ketar-ketir sing nekek-nekek

Tapi enyong ésih baé minggir semingkir
sing miliné banyu lil'alamin
mendem sajeroné pesona Jakarta
bbius njiret jiwané dèwèk
ora kelakon njukuti memadu
nang semilir dzikir lan dedonga-dedonga
enyong mangkin klelep adoh nang sebrang



JULIS NUR HUSSEIN lair nang Tegal. Nulis puisi Tegalan wis suwé. Dèwèké ngaku seneng gawé puisi Tegalan sebab bahasané rahat lan ora baè-baèn.


Mas’udi Ach Jeparan

BINGUNG
Ngung ngung pejabat pada bingung
rakyat dilèlang nggo bayar utang

Glendang-glendeng rakyat pada ngglendeng
gas épiji gantiné lenga tanah
tapi embuh ora nggenah



PETANI
Laka kowen laka negara
laka kowen laka dèwan laka pimpinan negara

Kowen sumber tenaga
laka kowen ora bakal bisa manggul senjata

Tapi kowen saiki ketipu, kaniaya
kowen kur nggo modal, modèl luruh suwara
lahan sawah tambah ciut gara-gara
proyeké keturunan kompèni

Pupuk ngejin mbuh maring endi
kayu pada ilang digrogoti curut dasinan
BBM ngeclap mbuh maring endi
kabèh pada keder ngleper


MAS’UDI ACH JEPARAN lair nang Tegal 9 Juli 1961. Puisi Tegalané ana nang antoloji Potret Reformasi Dalam Puisi Tegalan. Mèlu tandang lairé Muara Sastra. Saiki pladangan maring endi-endi ora, adol macem-macem dagangan. Panggonané ana nang Dalan Raya Talang gang Mbah Jeporo Rt 04 Rw 02 Kab. Tegal.


Nurngudiono

AW
Ssssttttt…..!
mèné kyèh
tak wisiki…..
Ssssttttt….!
mèné kyèh
tak omongi….
Ssssttttt…..!
mèné kyèh
tak kandani
Aku jebulèn tresna karo dèwèké
aku jebulèn kagum karo dèwèké
Ssssttttt…..!
aja ngomong-omong ya….
aku ngentèni dèwèké dadi rakyat biasa
jagongan nang pinggir balongan karo moci gulabatu
trus ngomong ngalor-ngidul
ngentèni waktu sing bakalé sirna
Ssssttttt….!
mèné kyèh
mènéééééé
mana diumumaken AW artiné Adi Winarso

tegal, desember 2008


NEGARA CINGKARANGMALANG
TAMBAHUTANG

Negarané enyong
negara cingkarangmalangtambahutang

Negara sing saka guru ékonominé, utang
negara sing pemimpin-pemiminé
riwa-riwi luruh utang
negara sing pejabat-pejabaté
mblusak-mblusuk luruh utang
gègèr utang
gègèr utang

Negara cingkarangmalangtambahutang
negara sing jarèné gemah ripah loh jinawi
tapi kenangapa saiki dadi negara sing moncèr utangé

Nggo ngurus dunia pendidikan nganggo duwit utang
nggo ngurus pertahanan keamanan nganggo duwit utang
nggo ngurus rakyat mlarat jiprat nganggo duwit utang
nggo nggaji pegawé negeriné nganggo duwit utang
utang utang utang utang utang
trang tang tang tang

Negarané enyong
negara cingkarangmalangtambahutang
negara sing koprot daning utang
negara sing warisané utang
dibayar pitung turunan durung tentu lunas utangé
(mbahé, bapané, anaké, putuné, buyuté, canggahé
gentong siwuré, ramé-ramé mbayar utang
durung tentu lunas)
Sing parah maning
wis duwité duwit utang
ramé-ramé dicolong, dirampok, digasak
daning asu-bangsèt sing arané Koruptor!

tegal, desember 2008


NURNGUDIONO lair nang Tegal. Ketua DKT kiyé salah sijiné pendiri Teater Puber, Teater Swadesi, lan uga pendiri KMSWT. Puisi Tegalané ana nang antoloji Ruwat Desa, Potret Reformasi Dalam Puisi Tegalan, Ngambah Paran lan liya-liyané. Porèt nemen ngambah kota lan dèsa nggawakna tembang-tembang Tegalan bareng grupé.


Dwi Ery Santoso

NJAGA SAMBÈKALANÉ NEGARA
Wong susah ésih akèh
malah mbabrah mung isin kalah saluguné
pating mbayah, pating njeprah
jalaran angger awan ora katon wayang
tapikèn kaya walang
ilokèn pada kaya mreki ngadepi soré
nganti bengi, kaya kuwé maèn ora nitèni
itungané
jarèné kabèh ana urusané dèwèk-dèwèk
bisané wong liyané mèlu dièrèt-érèt
bisa-bisa engko kabèh mèlu keplètèt
mulané gyèn aja gampang pada nyrandu
kadiran wis pada ngasah kuku
jongkoté kaya mrutu senajan ora tau turu
aja pada gampang mèlu-mèlu bèn
bèn aja nganti krungu, lèrag-lèrègé jaman
sing kena nggo bancakan

Kuwé nyugihna sing wis pada
gèmbal-gèmbol dluwangé
titèni oh mlakuné égal-égol kaya
bocah cilik nèmbé ajar pit bodol
ooooooorrrrrrrrrrraaaaaaaaaaaaa
aaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaa
ih sing jaré adong dislihi mbrekiwit
kapan wong sugih mbrekiwit
ya kaya bocah cilik olag-olèg setangé
kaya bocah cilik nembé ajar numpak pit
édané pancèn bal gèmbal-gèmbol
nyatané wong sugih ésih ana
sing dobol dobol dobol

Kaé sing sregep toli kenteng
kuwé kadèhé pirang-pirang
trengginas ngayahi tugas temenanan
ngadepi gawèan, nggugu
omongané sampèyan sing kudu dilakoni
malah pada njunjung martabat kelairané
kocapé wong Tegal oyagé sampèyan
kadang kaya wong kesingsal ora katon
malah kaya wong plompang-plompong
ora tau mèlu mangan sega tumpengan
maning-maning sing ngepung
wong-wong sing pada nggèmbal-gèmbol
wetengé tambah njenggol
gagiyan mumpung durung kasep
kaè mreki-mreki, mrutu-mrutu diulemi
aja mung kyai, aja mung politikus
aja mung seniman aja mung juragan
aja mung wong sing nduwèni gunakaya
kaé mreki, mrutu, walang
ndeleng pada diundang kon ngepung
tumpengan, pada muji sukur
maring sing gawé makmur
aja mung akèh semburé ya kudu
ana uwuré nggo njaga
sambèkala negara nolak kalabenduné

SAORAN-ORANÉ
Awit jaman kolonial
wong landa pancèn pada nakal
sing arané penjajah, wayah rakyat nggrègah
sregep garap sawah, ora mung nanduri pari
tapikèn kabèh rempah-rempah ora kèri
sadèsa pada rumangsa yèn urip
kudu gelem rekasa ébèn dèsa temata
laka ujug-ujug njenggongos
bangsa landa teka nang jawa
njarah lumbung pariné wong dèsa
mretek nggawé guluné krasa ketekek
jalaran landa lagi nggèndong pejaratan
nyandang krisis global dunya bandané
entong-entongan nggo perang-perangan
laka ngamba paran maring jawa
sing asalé tawa-tawa dagangan
malah apèn-apèn ijol-ijolan élmu
jebulé mung pan nipu
ngerti nang dèsa subur makmur
prawané ayu-ayu ora susah nganggo pupur
landa-landa pada nglirik pasang taktik
jebulé pating pendèlik nggawé mrekitik
wong jawa ditipu sing ésih pada lugu-lugu

Weruh wong Tegal
angger panèn pariné mudal-mudal
mbarengi landa lagi kangèlan
ngudari krisis global
ékonomi dunya lagi kedangdapan
kèder mumeté ora karuwan
para buruh, kuli karo karyawan
pada gemboran krenteg
bakalé uripé paila jalaran pan pada di phk
anjogé mikir, anak bojo pan dipakani apa

Mulané wong Tegal aja kèder
ngadepi krisis global
wong tuwa gemiyèn wis ninggali ajaran
aja gampang kagètan ngadepi jaman sing
wis kepungkur wayah ékonomi lagi ancur
kuduné tetep nyukuri
aja dugalan apamaning maring Pengèran

Tegal angger teteg ora tau gagal
krentegé ati awit gemiyèn sampé saiki
kudu diyakini senajan wong dèsa
dudu kabèh wong tani
tapikèn gelem oyag nglakoni
nanem tanduran kaya wong tani
dudu gugon tuhon dudu kecèbong

Pancèn saiki wong jawa wis akèh
pada ninggalena watek asliné
ora pada gelem nyekeli élmu tani
apamaning pada gelem nanduri
dadinè uripé pada milalati
durhaka karo sing ngubah suket dadi pari
senajan sampèyan kabèh dadi apa baé
aja ninggalena wajibé
tetep seneng nani awit gemiyèn nganti saiki
pekarangan pada ditanduri
tinimbang njubleg, njaga weteng wareg
pikiran dadi jejeg aja nganti pada ngelih
bokan pikirané pada ngalih
saoran-orané urip ora patiya perih
saoran-orané sampèyan ora jirih
nggo ngadepi jaman sing monglah-manglih
aja nganti asalé kopèn dadi kapiran

DWI ERY SANTOSO salah siji pendiri Teater Puber lan Teater Massa Hisbuma. Puisi Tegalané ana nang jurnal budaya Tegal Tegal, Muara Sastra, Potret Reformasi Dalam Puisi Tegalan, Ruwat Desa, Angkatan Tegal Tegal, lan uga nang buku Ngambah Paran. Kumpulan sajak Tegalan tunggalé judulé Brug Abang.



Yono Daryono

BRANDAL MAS CILIK
Ana crita jegal-jegalan
landa duwé karep
wongé dèwèk malah mingslep
bisané mung paido-paidonan
Brandal Mas Cilik dadi tumbal

Pada ngincer dadi bupati
wongé dèwèk ora bisa milih
bingung endi sing sreg malah pada kapiran
kabèh duwé karep dèwèk-dèwèk
dadi ngawag ora peta

Landa luruh ndlèngèré
rakyaté dipeksa nyambut gawé tur ora dibayar
bupatiné nggragas bisané ngitung waledan
pemrèntahé dadi awud-awudan

Nang endi-endi wong-wong pada nglawan landa
sing dadi pemimpin srakat
getih pating cècèr nang endi-endi ora
getih…getihé rakyat
pemimpiné budeg picek gupak madu.

Tegal, April 2004



SEBAYU
Crita wong sing ngembara
wayah samana Pajang oreg
Jaka Tingkir Maskarèbèt nglempuruk
sènapati ngincer mahkota
Arya Pengiri ngutakatik tahta

Sebayu nglius nglungani
atiné nggrentes ndeleng getih pating cècèr
angen-angené mbuh tekané sing endi
nblusak-mblusuk alas manjat mudun gunung
anjog bulakan amba sing akèh alang-alangé

Crita wong sing ngembara
wayah Pajang nggo rayahan
sènapati Ing Alaga mbuka alas Mentaok dadi kerajaan
sisané Pajang mung dadi Kadipatèn
Sebayu milih dadi mukmin

Gaman pating tlalang tladang tladuk
suwarané ngrekicek kaya udan
pada perang totohané nyawa
Sebayu ngindar ora nglawan
mbuka alang-alang dadi tegalan
mblajari ilmu karo ngaji
ora mung utek tapi watek

Tegal, April 2006


KEPRIBÈN KIYÉ
Karo nangis wong wadon tuwa
nyritakaken riwayaté:
susah nenem eyong saiki
udan gedé campur bledèg
sing lanangé enyong
tetap macul nang sawah
sawah, sawah warisan
ora digarap bisa kalisan

Sedina-dinanné ditangisi anak
mangan sega sepiring ya ditangisi
segané wadang
ora sranta dienget

Anané duwit rècèhan
paling bisa nggo tuku uyah
pengin duwé duwit dluwang ora tawu klakon

Tangané gemeter
ijo godong
abang dlima
kuning gading
biru laut
segajah gedèné
seuwit klapa pangareparepé
nangin tetap ora netes

Tanduran pari kudu digaremi supaya asilé akèh
garemé angèl digolèti
angger ana, regané ora mupakat
pan nyuled ceplik bisané mung ketap-ketip
laka lengané
cepliké mati lengané entèng
pan tuku lenga runtungé pirang pirang dina
diganti kayu angèl luruhé
alasé pada dadi beton
kepribèn toli anggoné olih
kayong kaniaya
ngarep ngarep BLT, wurung
orabada barang wis olih duwit ora wutuh
kepribèn kiyé

Tegal, Mei 2006


YONO DARYONO lair nang Tegal 25 Maret 1955, sutradara Teater RSPD uga dramawan. Kejaba nulis puisi tegalan, cerpen uga naskah drama. Puisi Tegalané ana nang buku Ngambah Paran, lan ROA Kumpulan Sajak Penyair Indonesia Terjemahan Tegalan. Panggonané nang Dalan Siwalan II/1 KPR-BTN Kraton, Tegal Barat Kota Tegal.




Nurochman Sudibyo YS



MANUNGGAL SEGARA
Bismillahirochmanirochim
niaté nyong ngawiwiti, amuji syukur maring Gusti
mbuka tabir wisiking raga, khusuking alam
laillaha illalah Muhammadarasulullah
nyong kiyé laut saiwaké
Nabi Qhidir sing ndongani awit dadi laki
sing jumeneng saambané kali
wisiking kampung Cedet, kesawang awet
sumiliré banyu butek, kecampur lumpur sawah
rasané anta, kenang banyu asin laut uga amis muara
ambuné karat wesi sasak kali nyumedet
dadi saksi bisu sing bakal nekakna impèn
bocah-bocah pesisir pada dolanan
jèjèr ning jukung cilik rambuté andan-andanan
jaré wong tuwa nyong kon sering bolak-balik
ning kampung sing gawé nyong keduhung
ndeleng jriji ngrumpul kaya teri
seawak-awak campur karo endut lan pasir laut

Sampé nang tengahé segara
saben iwak gedé nyamperi badan enyong
kakap, bawal, cucut, manyung, tongkol, tengiri
wis nyawiji sajeroning awaké enyong


NEGERI KELEM NEGERI KÈREM

Krana tibanèng pangucap manungsa kang dèn umbar
ngaluwihi kuasané Gusti
saiki kedeleng ning mata sekabèh jagat pada robah
menika angrupa tanda-tandaning jaman
bonggan sira ora njaga sakubengé alam
kedadiané bumi sewaktuné ndeleng tetanduran senajana ana udan
ora ketulungan
ombak gedé ning lautan gawé ngeri para nelayan
pesisir laut kepincut tambah suwé tambah ciut
nyawang laut katoné sèwot, ombaké gedé gumebyra krasa abot
wong nandur bako langka sing dadi
malah mati kesiram bocoran lenga
delengen ning sira dalan banyu sapinggiré dermaga during pada
dikeruki
apamaning disènderi, akhiré dadi kalèn buntu, tutupan watu
kali-kali pada mati, disumbat amarah émosi luru bati.
Saiki delengen dalan-dalan manjing pedèsaan
kaya ombak-ombakan. Asalé pada krowak, dadi balong cilik
anjul-anjulan
Delengen alas ning perbatesan kayané wis kakèhen sing pada ilang
wit gedé kari bonggolé, wit sedeng kari godongé tiba ning plataran
bumi dadi siji campur lemah
nyawa satoan, nyawa tanduran, nyawa sekabèh mahluk
Sukma jalma menungsa, uga dalané sira kabèh bisa ambekan
lumangkahé sira kabèh ora saimbang mulané mung bisa nembang
Sakubengé langit kumananda lair tangis saben dina
saiki samya katon tingalèn mawon
katah prau baita magrong-magrong nembusi langit
kajungjung bèntèng ketaton
puniki kedadiané pratanda neng jaman
ilangé godong pace, ampeté birokrasi, tugelé jalinan silaturahmi
sing ana mung saling prèdiksi, korupsi wis dadi tradisi
kita wong cilik mung bisa nyaksèni wong pada mangan daging
saduluré dèwèk
Iku kula kabèh pun samya nemoni, negari puniki pun klelep
negariné kèrem. Negari kelem, negari kèrem kebanjiran banyu
mata


NUROCHMAN SUDIBYO YS lair nang Tegal 24 Januari 1963. Anak lanang pertama R.Yoesoef Soegiyono kiyé manggon nang Indramayu. Senajan kaya kuwé, sangangpuluh presen sadulur-duluré urip nang Tegal, Brebes lan Pemalang. Karangan puisi Jawané ana nang majalah Panyebar Semangat lan Djoko Lodang. Kumpulan puisiné judulé 44 Gurit Dermayon 2006 lan Balarak Sengkle taun 2007. Saiki manggon nang Dalan Jendral Sudirman 69 Indramayu 45212. Telp. 0234275970 - 087828576118 utawa 085224507144.

Tidak ada komentar: