Jumat, 02 Januari 2009

Gurat Tegalan M.Hadi Utomo

The Long and Winding Road*)
(M.Hadi Utomo)

Dalan sing nggērēd sikilku
dalan sing dawa nemen
tur anginē gedhē, nampeki rai
Perih manjing sajeronēng jakēt
getih dadi mandheg
Tapi lawang umahmu
kayong ora bakal ketemu

Bengi sing peteng nggriyeng
Luh sing ngecembeng
Sikilku terus nggrayangi dalan tut satindak
Angin sangsaya atis , nampeki rai
Tapi lawang umahmu
sangsaya adoh – sangsaya adoh

Padhahal
gemiyēn wis tau tak tengeri
Latarmu tak cebloki mawar abang
tanpa kowen weruh
sapa sing nyawang nganti kamitenggengen
dalan dawa temuju maring lawangmu
The Long and Winding Road
Lead me to your door

*(Saka lagunē The Beatles)



Tidak ada komentar: