Kamis, 13 November 2008

SAJAK TEGALAN RODJIKIN


Sajak-sajak Rodjikin AH

Intrupsi

Kang intrupsi kang
rayat nunggu.....
apa mung kaya kiyé tok kang?

Kang wakilé rayat jaré kudu pokal

Kang intrupsi kang
rayat takon......
apa bener rika luwih seneng ngantuk
katimbang ngomong?

Kang intrupsi kang.....
apa bener yèn rika ngomong pulsané larang kang?

Kang intrupsi kang.....
apa bener pulsané rika bebaaas roaming kang?

Ayuh kang mumpung bèbas roaming
ngomong kang

Ngomong!

Slawi, 22,05.05 20:46 WIB



Mbusleng

Sing wingi tak tunggu clangabé
ning ora netes-netes

Cengir....
kedèp-kedèp tak kira repan wani ngucap
ning mung mesem

Sing wingi tak tunggu swarané
ning ora muni-muni
cengir...pènjap-pènjep tak kira wani ngomong
ning mung guya-guyu

Yèn aku nyapa disit bokan ora dijawab
sebab ngomong ora ngomong bayaré pada.

Slawi, 22.05.05 20:43 WIB


Rodjikin AH – Wakil Ketua DPRD Kabupaten Tegal njagong nang kursi dèwan wis kakping loro. Bos selipan beras kiyé peduli maring budaya Tegalan. Jaré dèwèké Tegalan kuwé bakal moncèr nang waktu-waktu sing pan teka. Dèwèké saiki dadi Ketua DPC PDI P Kab. Tegal . Sajak tegalan Rodjikin manjing nang buku antologi puisi tegalan ANGKATAN TEGAL TEGAL.

Tidak ada komentar: