Selasa, 11 November 2008

ANEHDOTEGALAN LANANG SETIAWAN


Ngadusi

KERSANÉ Pengèran, Kapèr dadi wong sugih. Adaté wong sugih, nang umahé ana pembantuné. Salah siji dina, wayah awan, bojoné Kapèr pan mangkat arisan. Maring pembantuné, Dariyah, dèwèké wanta-wanti.
“Nyonyah pan lunga, ana urusan. Bocah-bocah diadusi kabèh, tolih jogan-jogan disaponi Yah, bèn katon kinclong. Paham Nyonyah ngomong?” omongé bojoné Kapèr nganggo sebutan Nyonyah kedingan. Gaya uluné nemen.
“Paham Nyah!” jawabé si Dariyah.
Bojoné Kapèr latan ngloyor, metu njaba. Mbak sripit ambu sandangané wangi nemen. Dèwèké nganggo kacamata ribèn lan numpak motor kinclong-kinclong sing tembé dituku. Pokoké, bojoné Kapèr katon okèm banget. Gaya uluné por-poran.
Wayah soré teka, bojoné Kapèr, balik umah. Tapi antiné bojoné Kapr sèwot nemen waktu weruh bocah-bocah durung pada diadusi.
“Kowen dongé kerjané apa Yah? Waktu pan lunga, Nyonyah kan wis ngomong karo kowen, bocah-bocah diadusi kabèh. Bisané nganti pan sèndakala durung diadusi? Gobogé kowen budeg apa pimèn sih?” sruwang bojoné Kapèr kambèn matané mendelik.
“Anu, Nya . . . . Éh . . . maaf Nyonya. Enyong blèh sempet ngadusi bocah-bocah” semauré Dariyah.
“Bisané?”
“Sebab Tuan Kapèr maksa enyong kon ngadusi!”



Pedangdut Dèwi

WIS ana telung wulan, Kapèr nyobèni pedangdut Dèwi, bocah Bulakpacing. Tapi awan kiyé, endasé Kapèr peng-pengan, kèder. Masalahé, dèlat maning mangkat nyanyi, tapi wis jam loro Dèwiné malah ngilang. Mangkané sing nanggap wis ngonjogi Kapèr. Jatahé Dèwi jam lima soré kudu maèn nang Kendalserut, Pangkah. Sedeng panjeré wis dipangan. Aduh, endasé Kapèr kaya dikampleng tugelan batu bata.
“Sabar ya Kang? Nyong tak telpon Dèwi,” omongé Kapèr maring sing pan nanggap.
“Iya Pèr. Enyong butuhé Dèwi sing gèngsoté kaya kitiran hèli kopter mbiyak suket! Hi hi hi hi….”
Kapèr ping pirang-pirang nelpon Dèwi, tapi hapèné modar baé. Kapèr mumet, akhiré tèlpon Dasmad, jakwir cètèmé Dèwi sing biasa nggo tempat curhat.
“Iya Pèr, enyong lagi hura-hura. Kyèh, nyong nang Kafé Blampak Empus. Ana Hennessy, Jim Bream, lan Chivas Regal. Pokoké inungan whisky mèrek termahal sing ditekakna langsung saka luar negri. Pan nggabung?” semauré Dasmad sing waktu kiyé lagi dadi Landa-landanan.
“Prèi dingin Mad. Nyong lagi bingung, Dèwi tak sms uga tak tèlpon, hapèné modar baé. Sms-é enyong ditunda, kowen weruh tlotoké ora, Mad? Kiyé waktuné Dèwi kasab nyanyi” takoné Kapèr.
“Miki karo enyong, nginung bareng. Kayané, saiki lagi ndekem nang njero kolam. Coba kowen nyilem nang njero kolam, bèn bisa dihubungi gonèng hapèné kowen, bol!

KETERANGAN FOTO : Shinta Dewi Rosmalasari






Tidak ada komentar: