Minggu, 21 Desember 2008

SAJAK NUROCHMAN SUDIBYO YS


Nurochman Sudibyo YS

Negeri Kelem Negeri Kerem

Krana tibaneng pangucap manungsa kang den umbar
Ngaluwihi kuasane gusti
Saiki kedeleng ning mata sekabeh jagat pada robah
Menika angrupa tanda-tandaning jaman
Bonggan sira ora njaga sakubenge alam
Kedadiane bumi sewaktune ndeleng tetanduran senajana ana udan
Ora ketulungan
Ombak gede ning lautan gawe ngeri para nelayan
Pesisir laut kepinrut tambah sue tambah ciut
Nyawang laut katone sewot, ombake gede gumebyar krasa abot
Wong nandur bako langka sing dadi
Malah mati kesiram bocoran lenga
Delengen ning sira dalan banyu sapinggireng dermaga durung pada dikeruki
Apamaning disenderi, akhire dadi kalen buntu, tutupan watu
Kali-kali pada mati, disumbat amarah emosi luru bati.
Sekien delengen dalan-dalan manjing pedesaan
Kaya ombak-ombakan. aspale pada kroak, dadi balong cilik anjul-anjulan
delengen alas ning perbatesan kayane wis kake’en sing pada ilang
Wit gede kari bonggole, wit sedeng kari godongetiba di plataran bumi dadi siji capur lemah
Nyawa satoan, nyawa tanduran, nyawa sekabeh mahluk
Sukma jalma manungsa, uga dhalane kita kabeh bisa ambekanlumangkahe sira kabeh ora saimbang mulane mung bisa nembang
Sakubenge langit kumananda lair tangis saben dina
Saiki samya katon tingalen mawon
Katah prau baita mangkrong-mangkrong nembusi langit
Kajungjung benteng ketaton
Puniki kedadiane pratanda neng jaman
Ilange godong pace, mampete birokrasi, tugele jalinan silaturahmising ana mung saling prediksi, korupsi wis dadi tradisi
Kita wong cilik mung bisa nyakseni wong pada mangan daging sedulure dewek
Iku kula kabeh pun samya nemoni, Negari puniki pun Klelep
Negarine kerem. Negari kelem, Negari kerem kebanjiran banyu mata.
2008


Bahtera Nuh
Hey…..batur….batur….Sedulur …lan …..sobat sing masih percaya ning kita! Pada kumpula. Kaweruana sun wingi bengi olih impen. Impene kita dudu impen sembarang impen. Kien impen sing tak yakini bakal kebukten. Sebabe Ora pada karo impen sejene. Batur…batur…! Rungokna ya…kien impene kita. Dudu impene wong kake’en turu. Dudu impene wong kepengen sugih atawa wong sing masih melik duyane tangga. Kien impen piwarah atawa pituduh si Allah, Masih iman lan islam karo Allah belih? Yen masih Iman lan Iksan ya kudu percaya ya ya…………apa ya.? Kala mau, Sewaktune kita lagi turu, selayapan, ketekan wong klambine putih, udeng-udenge putih, awake metu cahya. Pangucape adem, gawe tenang ning angen-angen. Kala semono dewekane kanda yen sun ditugasi mbangun kapal sing gede. Tapi anehe pada-pada nggawe kapal gede kon nggawene ning tempat sing paling duwur, sing umah lan bangunan apa bae. Pendeke luwih duwur sing kahanan kota iki. Artine kudu luwih duwur posisine karo tempate rayat lan pejabat kabeh sing ana ning kota lan desa.Sekien kita wis ana ning duwuran kotane sampeyan. Yeh….Paling duwur. Sun wis luwih sing 7 wulan ngewujudaken ipen kien. Sun saiki wis duwe prau gede momot nggo ditumpaki pirang ewu wong sing dewasa, balegh, wis kawin lan sing duweni pola pikir. Bocah cilik, karo wong tua sing wis doyok, sing bisane mung moyok, ora bakal tak trima numpak ning prau kien. Sekien kari delengen kapale kita kih kapal modern. Pepek kenang segala kebutuhane rakyat. Ruang Sidang, Ruang pengaduan lan nggo rembug sebaturan ya ana. Pokokke kapale kita kih mewah tur endah lan pancene gawe betah. Eh sira sing kaya nyi blorong kedeleng pencap-pencep, ora percaya tah? Eh, sira moyoki kita edan, aja kayang konon nok! Seedan rong edan sira ngucap ning lambe. Apa ora wedi tah, yen bebalik ning sira, dadi edan temenan. Yen ,Ora percaya ya wis, kita sih ngajak sote, sing gelem, yen pancen masih percaya kuasane gusti AllahSing masih mantep ning nuansane reformasi. Sing tekade negakaken kebenaranSing ndukung gerakan anti korupsi, sing dueni komitmen karo wong cilik. Ari pribadi nira ora cocog, ya aja moyok. Kita sih arepan ngajak plesir ning wong sing gelem-gelem bae. Inyong ora lagi ngobral janji, ora mung ngajak nggimpi. Ayo bae dibuktikna baka salah milih sing rugi sampean. Dadi rakyat bisane mung manglo. Angger dijak bener atine mingser. Wis aja keder-keder arepan milih mbuh beli, kita bli arep maksa. Kien prau arepan mangkat. Ya Allah, puniki sajroning prau pun sami kempal mangga dipun pasrahake teng kuasane gusti kang Maha Agung Lan Maha kaweruh. Dumadakan alam peteng dedet, udan gede bli mari-mari. Gledeg petir gawe atine pada kwatir. Banyu laut Ngangkat mengduwur. Prau gede mulai kambang. Negarine sampean sekien keleb banyu segara. Sun wis wanti ora bakal nulungi sira sing pancen milih sengsara. Muga slamet ning perjalanan tek tinggal kabeh sing masih nduweni kekotoran.


Manunggal Segara
Bismillahirochmanirochim
niat isun ngawiwiti, amuji syukur marang gustia
mbuka tabir wisiking raga, khusuking alam
laillaha illalah muhammadarasulullah

puniki Sun laut Saiwake, Nabi Qhidir sing ndongani
ngawiti dadi laki jumeneng saambane kali
sumilire banyu butek, kecampur lumpur pesawahan
rasane anta, kenang banyu asin laut uga amis muara
aroma karat wesi sasak kali nyemedet
dadi saksi bisu kang bakal nekakaken impenan
bocah-bocah pesisir pada dolanan
ndeleng jriji ngrumpul kaya teri. Seawak-awak
campur karo endut lan pasir laut. Sampe ning tengae laut
saben iwak gede nyamperi badan isun. Kakap, bawal,
cucut, manyung, tongkol, tengiri wis nyawiji karo awak isun.


Godong Garing
Ingeta sewaktu neng urip, ngajia ning tetanduran sakubenge umah, seambane desa saputereng njagat. Blajara urip ning tetanduran, umpamane wit gedang, lumayan ana sing kena diadang-adang. Senajana kuwe, sun dewek iki yen godong, klaras garing Wernane kaya lemah, nempel ning kulit se badan-badan, kaya kebuang nanging katone eman. Yen dibakar mbokat mlalati. Enake sih dirawati bokan bae ana sing butuh. Sebabe gemiyen sih mbok tua soke luruh-luruh nggo mbuteli gula klapa Kadang ya nggo bungkus dodol asem, dipangane manis Karo merem-merem. Ana maning sing seneng, Jare sih go nakir jajanan rumbah mie Dodolan muter-muter sekolahan kota, mie kuning diwein leng lentik Sambele bubuk dikecapi sing encer Krasa pedes gurih pisah. Nyadari urip mung sepisan Apa ora pada kelingan ning jasane. Apa lali ning manfaate. Buktine inyong kih godong garing. Pancen ora kudu di eling-eling. Tapi ya masa ya , ora eling. Tingeling Ning nasibe inyong si godong garing. Senajana lagi gering Radaan pusing, nanging masih bisa nyanding. Karo garwa isun sing awake kuning. Rai gading gedang ambon. Mumpung nyanding aja ketuwon.
Manahing RasaKelingan ning seantarane batur-batur lan sedulur jumeneng ana ning alam fana. Ndueni keajaiban ngolati gusti Allah-e dewek. Gulatana, celukana, wiridana ejaken sampe parek. Yen adoh awakke blenak. Raga nglemprek kaya karung kopong. Wong urip tansah sombong. Satuhune alang-alang sepinggireng bengawan, nyakseni ka agunganeng gusti. Yen rendeng akeh banyu, gusti siweg pareng ning waktu ketiga kalen asat. Sawah-sawah pada mletak. Karang-karang rusak, kahanan desa katon blesak. Nanging ati tulung aja pada mblasak, sebab urip mung saderma. Cuman saliwatan. Mulane sira aja kadiran. Mlarat sugih kudu eling, gelem nglakoni urip ning kene. Kang langgeng ya mung ning kana tempate tentrem ayem. Bli bakal bisa balik maning Maca’a sahadat, sholat, puasa, zakat, lan nglakonii haji. Wis dadi kwajibane kula wong Islam. Sampeyan mung ndueni manahing rasa. Nanging olahe batin, ibarat zikir, yen pancen wis pada ndueni, pasti ora isin idu bacin bisa nggo pecin. Puasa’a nyenen kemis, ngindari sing amis-amis. Segleyongan godonge pari, sekuwayang rong kuwayang. lelungan sepira adoe yen sampe tekang waktune, gage lunasaken ibadahe.

Kamididing
Langit anteng sakubunge jagat kedeleng ora ana mega. Sedenge wit-wit pelem saben arepan umah godonge katon ijo royo-royo. Ketamuan kembang pentil pating cruil, aruma wangi. Marekna tumekane angin sumriwing. Bli awan, ora bengi, rasane atis rumesep ning sajroneng kulit sebadan-badan. Awak kemulan sarung sampe brikut. Ya, sekien lagi usum angin kamididing. Satekane awak ira sing kota metropolitan. Karo nggawa mesem sinis akeh arepan Nodokaken masih gedeneng nafsu sing diumbar ngawar-awar. Kita kabeh ora bisa netepi jangji. Limang taun wis dadi siji, nanging jarak antarane kita kaya kepisah dening benua. Sampe kembang pelem dadi pentil. Kesurung waktu lan jaman. Sun pasti ngintil, nganti awake mrinding deleng rambute sekien abang jibrang kaya anakan bule sing negri sebrang. Unutune wis ora pada gerang, cungure weh, weh, nambah bangir pisan. Kulite putih kaya sedulur sing arang nemoni srengenge. Kukune sekien lancip-lancip, mbuh arepan nganggo nyakari sapa. Naging wernane aneh pisan, sebab sun yakin dudu kitekan, jarene sih nganggo pacar araban. Sampe sekien sun mung bisa nunggu tumekane usum pelem ning desa Dermayu sing bisu. Nnetepi waktu lan umur kula, karo ngitung kari pirang jam maning umur kula sedaya.

Biodata:
Nurochman Sudibyo YS Lahir di Tegal, 24 Januari 63. Akrab dipanggil Mas Noer. Cukup lama menggeluti dunia pendidikan, Jurnalistik, penelitian dan sebagai Pekerja seni. Sejak Tahun 1993, Mengetuai Lembaga Medium Sastra dan Budaya Indonesia. Ia dikenal juga sebagai Pembaca Puisi Kiser Dermayon. Penyair, Cerpenis dan Esais ini juga disebut-sebut sebagai budayawan Indramayu. Karya sastranya berupa puisi, cerpen, naskah drama, catatan budaya, reportasi dan esai telah marak dipublikasikan berbagai media pusat dan daerah. Sejak awal tahun 1990-an menghiasi Pikiran Rakyat Edisi Cirebon kini Mitra Dialog, Karina, Mitra Desa, Pikiran Rakyat, Bandung Pos, Hikmah, Suara Merdeka, Lampung Pos, Singgalang, Riau Pos, Kedaulatan Rakyat, Minggu Pagi, Solo Pos, Bernas, Surabaya Post, Bali Post, Bisnis Indonesia, Suara Pembaruan , Suara Karya, Ummi, Amanah, Republika, Media Indonesia, Suara Merdeka, Pelita, Majalah Bahana dan berkali muncul di Majalah Horison.


1 komentar:

pak muliadi mengatakan...

KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.الالله صلى الله عليه وسلموعليكوتهله صلى الل

KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.الالله صلى الله عليه وسلموعليكوتهله صلى الل


KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.الالله صلى الله عليه وسلموعليكوتهله صلى الل