Senin, 16 Maret 2009

LAGU TEGALAN CIPTAAN LANANG SETIAWAN


CINTA PENDEM
Ciptaan : Lanang Setiawan


Neng wayah bengi
ati kisruh ngantemi jiwa
kemutan kowen sing lunga adoh
tlaga bening ngambang ning mata
wujud tresna ngemu dukana

Tiba-tiba enyong tangisan
cintané kowen dipendem nang dada
kaya-kaya ati kesuduk

Koor: Aduh…aduh prawan ayu…2x
ora nyana dilabrag kecewa
ora nyana tambah senewen

reff : Pancèn…
enyong sing salah, nyong jual mahal
enyong sing mblunat, acuh tak acuh
maring kowen sing ngebet demen

Pancèn…
enyong sing salah, nyong jual mahal
enyong sing mblunat, acuh tak acuh
maring kowen sing ngebet demen


RIKA TÈGA ENYONG TÈGA
Ciptaan : Lanang Setiawan

Apa rika pancèn wis tèga
ninggal lunga enyong kesepian
ngemu tangis luh dlèwèran

Rika aja kaya kuwé
karo wong wadon sagelemé
gawé lara sapènaké

Reff: Ana perkara aja dibekep
ana nganti ora wani ngadep
Ana perkara aja dibekep
ana nganti ora wani ngadep

Aja nganggo karepé dèwèk
aja nganggo menangé dèwèk

Poma rong poma aja dibekep

Angger rika pancèné tèga
aja getun enyong demenan
luru ganti sing temenan

Enyong ora pan guyonan
rika tèga enyong uga tèga
rika njarag enyong uga njarag




MUMPUNG KETEMU
Ciptaan : Lanang Setiawan

Kayong tembé wingi
enyong ketemu karo kowen
ati krasa kemretegan
weruh kowen mèsih dèwèkan…2x

Apa ngentèni enyong
prawan ayu lagi nunggu
nunggu kowen sing gemiyèn
nang kèné mumpung ketemu…2x


Reff: Pan apa maning
pan pribèn maning
Pan apa maning
pan pribèn maning


Koor : Wong loro pada karepé
wong loro pada mbanclengé
dudu watu, dudu gunung
aja ragu aja bingung

Wong loro pada demené
wong loro mbokan jodoné
dudu lintang, dudu wulan
aja bimbang ayo lamaran



TRAGEDI JATILAWANG
Ciptaan : Lanang Setiawan

Pria : Ngebet kesumat maring rika
kadang, kadang, kadang, kadang
kadang ketemu prahara
kadang jiwaku merana
kadang uga kukecewa

Wadon : Ngebet kesumat maring rika
kadang, kadang, kadang, kadang
kadang ketemu prahara
kadang jiwaku merana
kadang uga kukecewa


Reff: Pria:
Kepribèn maning aku demen rika
tambah suwé tambah ngebet
aku kesumat

Wadon:
Kepribèn maning aku demen rika
tambah suwé tambah ngebet
aku kesumat

Koor: Dijambaki, ditaboki
demenan laka kapoké
didupaki, ditentangi
tragedi nang Jatilawang

Dijambaki, ditaboki
demenan laka kapoké
didupaki, ditentangi
tragedi nang Jatilawang


WULAN KABANGAN
Ciptaan : Lanang Setiawan

Samèné baé tresnaku maring kowen
ora pan tangisan, ora pan tak getuni
rasa nelangsa, ngremed jiwa
tak tebus kelara-lara
wulan kabangan nang nduwur langit
tanda kresna dadi kesumat


Samèné baé tresnaku maring kowen
ora pan tangisan, ora pan tak getuni
rasa nelangsa, ngremed jiwa
tak tebus kelara-lara
weulan kabangan nang nduwur langit
tanda kresna dadi kesumat

Reff : Seumpama bumi kebek
luh tangisan nggrentesé kowen
percuma…
tresnamu dadi wilad nang jero dada

Seumpama bumi kebek
luh tangisan nggrentesé kowen
percuma…
tresnamu dadi wilad nang jero dada



CANDU KASIH
Ciptaan : Lanang Setiawan


Misal sampèyan keket duaan
ditinggal lunga kasih juwita
apa sampèyan dendam kecewa
ditinggal lunga kasih juwita

Umpama sampèyan diapus janji
pupus harapan tinggal lamunan
apa sampèyan sirep urubé asmara

Reff: Tresna pancèn abot
aboté ngungkuli jagad
tresna pancèn ganas
ganasé ombak lautan

Tresna pancèn candu
canduné candu kasih
Tresna penggawé tatu
tatuné nggares ning kalbu

Lamon sampèyan koprot nestapa
sepi dèwèkan nangis dèwèkan
apa sampèyan wani ngadepi lelara



AJA NGALUB
Ciptaan : Lanang Setiawan


Apa maning duhai kekasih
sing dijaluk maring enyong

Turua rika sing angler

Aduh indahnya wulan
nyusup ning sepi
Aduh indahnya lintang
ngambang ning kedung

Turua rika aja ngalub


Reff : Deru debur ombak sing nyumbat
nang dada, upaya dilereb
aja nganti dadi kesumat

Rika aja kabongan aja ngalub
apus kromo
enyong ora sudi belèh lila digawé kecèwa

Turua wulané wis lingsir

KETERANGAN GAMBAR: Aku di lokasi Agro Wisata Kebun Teh Kaligua, Desa Pandangsdari, Kecamatan Paguyangan, Kabupaten Brebes, Jawa Tengah, Indonesia












Tidak ada komentar: