Senin, 15 September 2008

Sajak Rendra Alih Bahasa Tegal


WS. Rendra

Tembangan Banyak

-Terjemahan Tegalan: Lanang Setiawan-


Majikan umah tlembukan

ngomong kambèn dèwèké:

“Wis rong minggu kowen mung

bisané ngatang-ngatang

tur larané tambah ndadi-dadi

ora ngasilna pisan

malah kowen karo aku utangé njeblug

kiyé nggawé mlarat tok

ngentong-ngentongna beras bibit

aku ora sanggup

saiki raimu lunga, mèrad kana”


(Malèkat sing nunggu sorga

rainé mbesengut ala pisan

kambèn nggegem pedang sing

kemerlob nggilani

nuding maring enyong nganti

enyong mengkirig panik

Maria Zaitun arané enyong

tlembuk kapiran kurang ayu radan tuwa)


Jam rolas awan

srengèngèné panas ngentak-entak

laka angin laka awan

Maria Zaitun ngloyor nggendong pejaratan

metu sing umah tlembukan


Kanca-kancané nglengos pada ngina

gentoyoran dèwèké ngglandang

nyangga awaké sing lagi lara

kena rajasinga sing ora mung

nang plakangan tapiné ana

nang gulu ana nang kèlèk

lan ana nang susuné


Maria Zaitun mrekabak

lambèné garing mletèk, gusiné ngemu getih

kumat pisan lara jantungé

Maria Zaitun nguncluk maring dokter

kebek wong sumeng pada ngentèni


Diantarané wong-wong mau

dèwèké njagong sakepènaké


Ujug-ujug karo tutupan cungur

wong-wong pada nyingkir ngadohi

dewèké mangkel sagulu

agé-agé dèwèké dilarak mlebu

pan dipriksa, tapi siji baé laka

sing wani protès, apa maning nentang

“Maria Zaitun, utangé kowen wis

sagunung anakan karo aku” omongé dokter

“Ya” jawabé

“Saiki duwité kowen pira?”

“Laka”

dokter gèdèg-dègèg tapiné ngongkon wuda

Maria Zaitun kamisèsèten

sebab waktu mbuka klambi

klambiné ngraket nang korèng kèlèké

“Wis-wis” omongé dokter

lan dokter ora sida mriksa

trus dèwèké misiki jururawat:

“Mèi baé suntikan pitamin C”

kaget ora ketulungan jururawat balik misiki:

“Pitamin C?

Dokter, saora-orané dèwèké perlu salvarzan”

“Nggo apa? Dèwèké ora bakal bayar, tur

wis jelas dèwèké pan modar

nggo apa dimèi obat larang-larang

sing luar negri?”


(Malèkat sing nunggu sorga

rainé iri ala pisan

kambèn nggegem pedang sing

kemerlob nggilani

nuding maring enyong

gawé nyong wedi saporèté

ilang rasa lan pikiré

Maria Zaitun arané enyong

tlembuk sing kewedèn tur ndredeg gemeter)


Jam siji awan

srengèngèné njegogrog nang awang-awang

Maria Zaitun mlaku nyeker

aspal gili sing ora pakra mutuné

lumèr pas nang tlapakané

Maria Zaitun lèab-lèob mlaku

nuju maring gereja

tapi lawang gerejané wis digembok

kuwatir mbokan ana maling

Maria Zaitun nekani pastur

trus langsung mencèt bèl

ora suwé koster metu lan takon:

“Kowen pan apa? Pastor lagi dahar

tur wayah ayamèné, dudu waktuné

ngomong”

Nyuwun sewu, enyong kena lara

kiyé penting”

Koster mandeng sakujur awaké

sing badeg ledreg trus ngomong:

“Adong nang njaba baé, kowen olih ngentèni

aku tak niliki disit apa pastor gelem

nrima kowen”

Koster trus manjing kamben nutup lawang


Kambèn ngrasakna hawa sing kemrungsung

blèh karuwan

Maria Zaitun ngentèni pastor

ana sajam, pastoré ngaton


Sawisé ngudek-udek rèstan panganan

sing nyelag nang untuné

trus pastor udu basbus-basbus, nembé ngomong:

“Kowen pan perlu apa?”

mbak sripit, mambu inungan anggur

saka cangkemé

slèmpangé saka kulit baya

Maria Zaitun njawab:

“Pan ngaku dosa”

“Kiyé dudu jam ngomong

kiyé waktuné aku dedonga”

“Enyong pan mati”

“Kowen lara?”

“Yaul, enyong penyakiten

kena rajasinga”

Krungu sing kaya kuwé

pastor mundur rong langkah

rainé mengkered

akhiré rada kèder, dèwèké nyrocos maning:

“Apa kowen - mm – bocah nakal?”

“Dudu. Enyong tlembuk, ya”

“Santo Petrus! Tapiné kowen Katolik”

“Ya”

“Santo Petrus”

Telung detik laka suwara

pating guwawakan

srengèngèné mrengangah semelèt

trus pastor ngomong maning:

“Kowen mblusuk-mblusuk

glopot dosa”

”Ora mung glopot. Malah badeg ledreg”

“Kowen wis kranjingan setan”

“Ora. Enyong mlarat jiprat

nggendong pejaratan. Kepèpèt lan gagal

golèt pegawèan”

“Santo Petrus!”

“Santo Petrus! Pastor, rongokna

enyong ngomong. Enyong ora butuh ngerti

kepribèn asal usul dosané enyong.

Jelasé baé, uripé enyong wis ora

karuwan tatané

jiwané enyong mblandrang

enyong pan mati

saiki enyong panik saporeté

enyong butuh Pengèran atawa sapa baé

nggo ngancani enyong”


Rainé Pastor dadi abang mlonang

dèwèké nuding Maria Zaitun

“Kowen brangasan kaya macan wadon

ndèan bae arep gemblung

tapiné ora pan modar

kowen ora perlu Pastor

kowen perlu dokter jiwa”.


(Malèkat sing nunggu sorga

rainé yakhanu dengki lan nyengiti

kambèn nggegem pedang sing

kemerlob nggilani

nuding maring enyong nganti

enyong lemes dedes ora duwé daya

blèh bisa mèwèk blèh bisa ngomong.

Maria Zaitun arané enyong

tlembuk bodol kaniaya

kepèngin mangan kepèngin nginung)


Jam telu awan

srengèngèné trus ngobong

semromong kaya pati angin

Maria Zaitun mlaku

minggring-minggring kepanasen

nang dalan garing aking


Ujung-ujug waktu dèwèké nyabrang

keplèsèt tai asu sapetutuk

mung ora tiba, cuman getihé

mantur sing borok slangkangan

lan ndlèwèr maring sikilé


Kaya sapi sing pan lairan

dèwèké mlaku mbrangkang

cedek pasar dèwèké njagong

matané pet-petan

ambekané kempas-kempis, wetengé kemruyuk

nganti wong-wong kewedèn, nyingkir

adoh-adoh


Mrèmbèt-mrèmbèt dèwèké mlaku


Nang mburi warung

dèwèké guris panganan

sing ana nang bak runtah

sauwisé, panganan mau dibrengkos

nganggo godong gedang

trus dèwèké lunga maring kota.


(Malèkat sing nunggu sorga

rainé medèni ala pisan

kambèn nggegem pedang sing

kemerlob nggilani

nuding maring enyong

Duh Gusti, krungu ora enyong wadul

Maria Zaitun arané enyong

tlembuk kapiran, lempé-lempé tur panik)


Jam papat awan

kaya blekicot Maria Zaitun trus mlaku

brengkosan panganan tetep nang tangan

durung diplok acan-acan

tapi kringeté wis grojosan

rambuté dadi klimis tipis

rainé celong warna ijo

kaya jeruk purut sing wis kisut


Trus jam lima

dèwèké anjog nang kota

dalan burak rantak ora pakra

tur kebek bledug

dèwèké ndengak mandeng srengèngé

lan ngomong lirih: “Dobol!”


Sauwisé mlaku sakilo dawané

dèwèké lunga saka gili gedé

trus mlègok metu sawah

mlaku liwat galengan


(Malèkat sing nunggu sorga

rainé bagus tapiné ala

kambèn nggegem pedang sing

kemerlob nggilani

ngusir enyong, kongkon merad

lan kambèn mbuwang idu

enyong dipanclas sekuwat tenaga

pas nang mbakoné

Rongokna, duh Gusti

Maria Zaitun arané enyong

tlembuk kapiran

tlembuk sing kaniaya)


Jam enem soré

Maria Zaitun nyasar nang kali

angin semripit

srengèngèné surup

wayah sandèkala dadi ngebayang-bayang

ayem tentrem dèwèké nggleleng

nang pinggir kali

cokoré sing badeg diwisuhi

tangan lan rainé diraupi

trus dèwèké mangan alon-alon

tapiné nembé pirang plokan

malah mandeg

kayong-kayongé awaké ésih lemes dedes

ora duwé nafsu maning

trus dèwèké nyiduk banyu kali

pan diinung


(Malèkat sing nunggu sorga

apa Panjenengan ora éling

saiki wis wayah surup srengèngé

angin semilir sing gunung

lan dinané muter megap-megap

payah

kepèngin lèha-lèha?

Malèkat sing nunggu sorga

bringas culag ngusir dèwèké

kaya patung, Maria Zaitun nglegleg

lan pedangé kinclong-kinclong medeni)


Jam pitu, lan wayah bengi ngèmpèri bumi

seranggané pating sliwer

banyu kali mili nabrak-nabrak watu

witwitan lan rungsebé tetanduran

nang kiwa tengen kali

mrekungkung ora obah lan

katon nemen sajeroné padang wulan

Maria Zaitu rada sumringah

trus ujug-ujugé baè kelingan

wayah bocahan lan wayah akil baliq

adus-adusan nang kali kambèn manèné

panjatan wit pelem

lan mancing iwak karo kgèrèlé

dumaksara dèwèké blèh ngrasakna sepi liti

lan wediné babarblas ilang

kayong-kayongé dèwèké ketemu kanca lawas

tapiné dèwèké trus kepèngin nemen

crita ngalar-ngalar, masalah uripé


Duilé....sing kaya kuwé jebulé malah

ngelingna kambèn

kegagalané urip-penguripané

mogané dèwèké dadi nlangsa

lan wadul kambèn taroké

karo kamisesegen


Kiyé ora apik kanggo lara jangungé


(Malèkat sing nunggu sorga

rainé medèni ala pisan

Rika yakhanu nemen sih

ora lila, rika ngrongokna alesané enyong

trus najis ndeleng rainé enyong

Mogané ora perlu wadul kambèn dèwèké

lan kuwé sebabé, kambèn ngatokna

rai brangasan

dèwèké ngadeg mentangtang

lan pedangé mingis-mingis nggilani)


Wayah

wulan

witwitan

kali

borok

rajasinga

wong wadon

kaya kaca

kali mencorong cahya kinclong-kinclong

suket alang-alang katon kemerlob

wulan

wong lanang jumedul teka

sing pinggir kali

dèwèké bengak-bengok gemboran:

“Maria Zaitun, kuwé kowen?”
”Yaul”, jawab Maria Zaitun rada hèran

wong lanang mau nyabrang kali

katon gagah lan gantengé laka padané

tur rambuté kriting andan-andan

matané amba mencilak

Maria Zaitun pyar-pyaran atiné

kayong-kayongé dèwèké wis

kenal wong lanang kuwé

mung nang endi genahé ora patiya kèlingan

sing jelasé baé orang nang ranjang tlembukan

kuwé éman-éman

sebab dèwèké demen saporèté demen

nganti kepentut-pentut kambèn wong

lanang kaé

“Dadi enyong kowen ketemu

nang kèné” nrocos wong lanang kaé

Maria Zaitun ora ngarti keprimèn jawabé

mung waktu dèwèké nglegleg kamitenggengen

wong lanang sing nang adepané

ndungkuk trus nyipoki sangkemé

Maria Zaitun kaya-kaya nenggak banyu klapa

durung mernahi dèwèké ngrasakna

cipokan sing kaya kuwé

trus wong lanang kuwé, mrètèli kutangé

dèwèké ora nolak lan pancèné seneng

dèwèké pasrah bongkokan


Karo matané merem dèwèké kayong-kayongé

numpak prau

maring segara sing durung diambah

lan sauwisé rampung, dèwèké ngomong demen:

“Mauné enyong mung nyangka

sing kaya kiyé anané nang impèn

mauné enyong ora wani ngarep-ngarep

yen bakal ana wong lanang

doyan karo enyong

tlembuk bodol kaya enyong”


Kambèn ngajeni sing temenanan

wong lanang kaé mandeng dèwèké

trus mesem, lakuné sopan tur sabar

“Sapa sih jenengmu?” Maria Zaitun coba

takon

“Calon rabi”, semauré

“Duh delengen enyong. Sampèyan lucu ah”

Maria Zaitun nglamodi sakujur awaké

wong lanang mau


Ujug-ujug dèwèké mandeg dadakan

ciplosé weruh bekas-bekas tatuné

sing nang awak pahlawané

nang waduk kiwané

nang tlapak tangané

nang tlapak sikil kiwa sikil tengen

Maria Zaitun ngomong lirih:

“Enyong ngerti sapa sampèyan”

trus dèwèké nebak wong lanang mau

liwat pandengan matané

wong lanang mau manggut-manggut:

“Pancèn. Yaul”


(Malèkat sing nunggu sorga

rainé angas tur ala pisan

kambèn pedang sing kinclong-kinclong

nggilani

dèwèké kaya ketèk ditulup

bisané ngejejer nglegleg, panik pisan

tur blèh wani sembrana

nuding-nuding maring enyong

Dumadaksara enyong dadi gedé ati

sepi liti lan sambat kaniaya minggat

karo ngigel jejogèdan

yanu kiter-kiter, bludas-bludus manjing

kebon sorga

lan woh-wohan apel tak pangani nganti

wetengé enyong njubel

Maria Zaitun arané enyong

tlembuk

sing saiki dadi pengantèn kiyé

enyong).



Tegal, 7/4/1994 – 16/6/2005


________________

Dicomot saka sajak “Nyanyian Angsa” karya WS. Rendra

Alih wacan: Lanang Setiawan






Tidak ada komentar: