Rabu, 10 September 2008

Lelakoné Bu Aminah
(Lanjutané Tembangan Banyak)
Alihbahasa: Lanang Setiawan


Wong wadon sing wetengé nggèmbol prahara :
kowen teka wayah bengi nganggo sepur sing
Jayanagara

Uput-uput kowen teka
ora kober ngraupi rainé
kowen mlebu maring pèron
sing mambuné bacin
kowen glogakan
wong lanang nyekel tangané kowen
kowen ngomong matur nuwun
tapi ujug-ujug kowen krasa
wong lanang mau ngutil dompèté kowen
cangkemé kowen ndomblong
sebabé kagèt blèh pan nggembor
tapi wong lanang malah brangasan:
mbak bed, dèwèké njotos cangkemé kowen
Sepur liwat
wong lanang mau uga liwat
sisan dompèté kowen

Kowen ngadeg nang jogan sing kotor
sewaktu mau, kowen njengkangkang

Karo ngrasakna cangkemé emar lan godras
kowen nekani penjaga, keamanan
dèwèké mandeng tapi krasa jiji maring kowen
lan sadurungé kowen kober nyuara
deweke mbentak: “Lunga!”

Wong wadon sing wetengé nggèmbol prahara :
rainé abang mèrèt
kowen ngadol tindiké nang toko
diregani mung separo
kowen nggoleti adiné
sedeng kowen blèh genah ganggonané
.........................................................................
“Jebulé :
sing diarani urip mandiri
gudu kur ngrèpotna wong liya
tapi ora ngaruh-biru wong liya.
Arané enyong Aminah, wong dèsa klutuk
teka nang Ibu Kota
nggoleti adiné enyong: Maria Zaitun
Wong sing nang kota madani enyong cèngèng

Maring wong wadon
sing selosmèn karo enyongtak sapa:
“Sugeng énjing!”
lan dèwèké nyemaur: “Karepé kowen apa?”
......................................................................

Wong wadon sing wetengé nggèmbol prahara :
Aminah!
duwité kowen sangsaya tipis
tuli kowen pan nggolèti pegawèan
kowen ndèpé-ndèpé maring sing nduwé losmèn
njaluk pitutur karo dèwèké
Dèwèké ngandani:
“Kiyé jaman susahtapi apa sing bisa kowen lakoni?”
Trus kowen njawab
kowen bisa njahit tau kerja nang salon
uga pernah kerja nang lèstoran.

Dèwèké ngunjal ambegan
kaya-kaya pan nyuara tapi blèh sida.

Trus matané radan disipitna
mandeng maring rainé kowen
dadané kowen, bangkèkané kowen
lan sikilé kowen.

Dèwèké uga ngomong:
“Kiyé jaman susah. Mung nyong bisamènèhi kerja maring kowen.”
“Teng pundi?”
“Nang kèné.”
“Kerja napa?”
“Nrima tamu.”
“Tapi teng ngrikipun énten tiang kalih sing nrima tamu.”
“Sing tak maksud:
nrima tamu nang kamaré kowen.”
“Napa?”
“Hasilé ora kur lumayan.
Nyong bisa ngadol kowen
sing regané ora pèré-pèré”

Ndadak kowen ngadeg.
Dadané sesek
tangané kowen gemeter
trus ora poyan maning, kowen ngluyur lunga
sawetara dèwèké njubleg
njagong kalem tapi wangkot
....................................................................

“Jebulé:
nyong kudu luwih ati-ati
blèh saben uwong kuwé menungsa
Ning njeroné cahya ana tipu daya
Ning njeroné peteng ana rasa sentosa
Ning gili gedélaka dalan sing nggo liwat
Ning tritisan
laka panggonan sing nggo gendu-gendu rasa
kayong sumpeg ruwangan kiyé
tapi waktu nyong ngranggèh
sing tak cekel mung hawané gèl.....”
......................................................................

Wong wadon sing wetengé nggèmbol prahara :
akhiré kowen nyambut gawé nang lèstoran
kowen dadi rèwangé tukang masak
muga-mugaha kasembadan, kowen ana gunané
sebab, ahliné kowen nang kèné

Waktu sedina kowen rèwang-rèwang
tukang masaké bungah lan grapyak maring kowen

Waktu rong dinané
dèwèké ngalem-ngalem lan seneng gluwèhan

Waktu telung dinané
polah sikapé kaya bapa-bapa
Barang patang dinané
dèwèké molai miultrus ngremed bokongé kowen
kowen protès nganggo cara alus
lan njaga jarak
kowen semangkinan sopan maring dèwèké

Mung tekané dina kaping lima
dèwèké maksa nyikep kowen
lan dèwèké nyoba nyipoki kowen
Kowen njerit. Kowen mbanggèl
sepanci jangan sop tumplek
gara-gara bengkerengan
Kosihkèn nang enem dinané
kowen dipindah dadi pelayan.

Trus pas nang pitung dinané
kowen radan sembrana maring tamu
sing pancèn nduwé kekarepan
nggrayangi kèmpolé kowen

Waktu tekané dina kaping wolu
kowen dipindahdadi tukang asah-asah piring

Waktu sangang dinané
tukang banyu ngremed susuné kowen
kowen gemboran saseru-seruné
nganti Bendara Agengé tandang misah
dèwèké mandeng maring kowen
dèwèké gèdèg-gèdèg
trus kowen diundang maring kantoré
kowen dieneng-enengtrus diweling pengertian
malah dèwèké manjeri duwit
lan gaji telung wulan
mbokan baé bisa nggo nglipur

Waktu sepuluh dina seterusé
kowen diprèntah nyalin catetan inventaris lèstoran

Waktu sewelas dinané
Bendara Agengé mènèhi bebungah hadiah
sepasang tindik, kalung lan gelang
jarèné kur nggo penghargaané kowen
sing nduwèni kepribadian
jelas lan tegas

Waktu rolas dinané
dèwèké ngomong soal hobi seni potrèt-memotrèt
kepimèn apiké tata cahya lan ayang-ayang
ébèn bisa ngatokna barang sing ora katon
dadi wujud ora baèn-baèn
sing awité biasa-biasa

Waktu telulas dinané
(sing jarèné uwong angka sial)
dèwèké ngomong:
“Sebagé wong sing ahli potrèt-memotrèt
nyong bisa mbayangna
kepimèn adong awaké kowen wuda
gunung lan lebaké
bisa mènèhi kesempatan
warna-warni cahyané
lan ayang-ayangé ketata jempolan
Wong-wong sing édan kaé
duwé tapsir jorok
maring ayu-mulusé awaké kowen
Tapi nyong duwé rasa seni sing pentolan
pèngin ngrekam ayu-mulusé awaké kowen
sing lugu tur ora dirèka-rèkabèn langgeng.

Lan bayarané kowen, nyukupi
Saiki dipikir disit.
Sesuk bisa rembugan maning

”Waktu patbelas dinané
kowen kecoh idu maring bumi
trus ora mlebu kerja
......................................................................
“Sering nemen nyong weruh kranjang res-resan
kosong momplong laka guna manfaaté
filsafat cemantèl nang saben paku
agama mung dadi klèbèt bazaar

O, manèné enyong!
kayong aman nemen kandungané rika!

Waktu nyong nggleleng kepèngin turu
lempongé enyong kisruh, njeplak ngomong!”
........................................................................

Wong wadon sing wetengé nggèmbol prahara :
nang mètropolitan
Jayanagara
kowen nggolèti adiné
sing blèh genah alamaté

Saèlingané kowen, dèwèké tau ngomong
dèwèké manggon nang
Dalan Delima, nomer 5

Wis ping-loro kowen nekani mrana
lan dèwèké blèh ana

Nang umah kaé akèh wong wadon
lan sing paling tuwa ngomong:
“Sangang taun nyong nang kèné
sing arané Maria Zaitun
laka”

Lan akhiré
sapira lawasé nang Jayanagara
kowen ngerti
nang sebelah kulon kota
jebulé ana Dalan Delima, nomer 5
Mung, kaé kantor pulisi
kowen mranalan komandané ngomong:
“Pancen, nang kèné ana Dalan Delima, nomer 5
kadèhé lorombang kulon lan mbang wètan
Sing mbang kulon kantoré enyong
ora tau ana Maria Zaitun nang kèné
Sedeng sing mbang wètan.....dados Ibu mpun mriko?”
“Sampun. Dèwèké mboten énten teng mriko”
“Hm. Sing mbang wètan kaé....umah tlembukan”
“Astaghfirullah haladziiim!”
“Ya.”
“Alhamdulillah dèwèké ora nang kana”
“Tapi wong-wong sing nang kana
blèh tau nganggo aran asliné”
“Ya, Allah!”

Sawisé kuwékowen ngrasaawaké lèab-lèob
gentoyoran
Apa-apa sing kedadèn
antarané ana lan blèh nana
Lan kowen énggal baé, ora krungu
waktu komandané ngomong:
“Coba sukiki Ibu mampir mrèné maning
sisan nggawa poto karo informasiné
Nyong kabèh sing nang kèné pan mbantu Ibunglari dèwèké”

Sukikiné
kowen nglebokna poto adiné
nang dompèté kowen
mung kowen ora lunga maring Kantor Pulisi
Agé-agé kowen nekani Dalan Delima, nomer 5
mbang wètan kotat
rus kowen nudukna poto mau
maring wong-wong sing manggoni

Wong wadon sing paling tuwa ngomong:
“Nah, kiyé enyong kenal
mung rong taun, dèwèké ana nang kèné
trus pindah maring panggon liyané
Dasar lagi murub drajaté
saiki malah wis ningkat, klas gedongan
tapi arané gudu Maria ZaitunAminah!
Ya, arané kuwé!”

“Maria Zaitun aran adiné enyong
muga-muga ana getaran gaib
sing muncul saka njero atiné enyong
ngrasup maring kalbuné kowen.
Nyong dedonga kanggo kowen, adiné enyong
muga-mugaha kahanané kowen
luwih begja ketimbang enyong
Kayong angèl temenng
raba impèn sing blèh peta
sing lagi disangga bareng-bareng
waktu nyong kowen njenggelèk tangi turu.

Nyong nyukuri temenan
saben-saben nrima duwit kirimané kowen.
Tèsih sempet-sempeté kowen
nyisihna welas asih maring enyong
sajeroné urip pating clongat, gobal-gabèl
Kowen bener-bener wong blabah
Sayang, enyong kowen blèh bisa ketemu
pengarep-arep nggayuh ketemu kowen
wis tak sirep, rep.
Saluguné
ana bab penting sing pan tak omongna.
Apa kowen kemutan
waktu pamungkasé kowen niliki enyong?
Kowen nggandeng wong lanang
sing jarèné bojoné kowen

Telung wulan kepungkur
dèwèké teka maning.
Jarèné ana urusan
nyong ora takon
trus nyediakna panggonan nggo nginep dèwèké nang kèné.

Hubungané enyong karo dèwèké apik nemen
dèwèké bener-bener duwé rasa pengertèn
lan ora kurang-kurang mènèhi gagasan
kosihkèn blèh kepikir
sapira suwèné dèwèké pan manggon nang kèné
Trus
sawijiné bengi
waktu nyong lagi mbayangaken
tekané dèwèké sing mbungahna ati
dèwèké mlebu maring kondongé enyong
nylonong, blèh pamitan.
Separo blai, separo mukjizat
separo miul, separo maksatrus dèwèké nggabrudi enyong.

Sauwisé kuwé
nyong kèlangan imané
Kabèh mau tak ranapi
tanpa ngerti kesimpulané.

Dina sangsaya dina saterusé
nyong karo dèwèké trus nglakoni sing kaya kuwé
tanpa alangan uga wedi-wedi maning
Saben-saben kedadian
luwih nggegep nyong nyikepi dèwèké
nyong keyungyun karo dèwèké

Sawulan bab kuwé kedadèn
dèwèké trus ninggal lunga
Nang selembar surat sing ditinggal
dèwèké njelasnakowen kuwé saluguné gudu bojoné
Kanggo kowen lan kanggo enyong
dèwèké uga pada asingé

Sajegé kuwé, nyong terus nggoleti kowen
sebab, awit mula nyong ngrasa.
Soal kiyényong kudu ngomong
Tapi saikikaya kiyé kedadian nyatané
Umpamané nyong kowen ketemu
nyong kepèngin ngomong
mèh telung wulannyong mbobot anaké.”
.......................................................

Wong wadon sing wetengé nggèmbol prahara :
kowen njagong nang ruwangan tunggu
dokter kandungan
Wayahé tèsih ésuk
tapi akèh pasangan
pada nunggu kayadené kowen.
Kowen anteng katon ayem
maca koran.

Akhiré gilirané kowen nyampé
dokter takon :
“Pripun, napa wis mantep dipikir?”
“Mpun, dokter”
Dokter maca catetan maning
sing ana nang mèjatrus uga ngomong :
“Telung wulan!
Tambah wulané, nyong blèh wani
Nyong angkat tangan.
Dadi kudu dina kiyé.”
“Nggih empun, cacak”
“Ya. Saiki tak priksa maning.”

Waktu dokter mriksa
bayi sing nang wetengané ngrogèt-ngrogèt
Trus kowen merem
tangané kowen ngelus wetengélan kowen nggeget lambèné
“Pripun? Lara?” takoné dokter
“Mboten. Nikiné ngrogèt-ngrogèt.”
“Kan ora mung saiki ngrogèt-ngrogèté?”

Lan matané kowen mèsih merem
waktu kowen ngomong:
“Kayong tembé kiyé
dèwèké pèngin wadul”

Kowen blèh ngrungu
dokteré nyekakak
trus dèwèké nyekel pundaké kowen
lan ngongkon kowen nganggo
sandangan maning
Sauwisé kowen nganggo sandangan
trus dokteré rampung nulis nota
dèwèké ngomong:
“Kiyé nota nggo kowen.
Coba, maring klinik mbang mburi
jam telu awanngko tak kerjani”
Ora gugup maning kowen njawab:
“Mboten, dokterkula mangsul”
.................................................................

“Apa sing pan diomongna kowen, anakku?
Adong kowen kuwé ana?
Uga kowen duwé kepènginan?
Umpamané kowen ora lair
blèh bakalan nyong ngrongokna
kowen ngomong.
Apa kowen ora nduwèni rasa wedi
maring angasé jagad kiyé?
Apa kowen ora nduwèni rasa wedi
adong sing ngrandebi maring awaké enyong
uga bisa ngrandebi maring awaké kowen?
Nang njero wetengané enyong
sikilé obah, perkasané por-poran
Jejekané sing ngisyaratna gedé pengrasané
apa kuwé tanda pengandelané kowen
ngrasup nang awaké enyong?

Gelem busung, nyong sumpah maring kowen, anakku
mènèhi kesempatan kowen ngomong
luwih aji katimbang wedi maring dunya!
Nyawang uleté kowen nang njero wetengan
nyong cepet nyadari
ngadepi aniaya drita saporèté
nyatané nyong uga nduwèni keuletan
...................................................................

Gelem busung
sapa-sapa menungsanè ora jègod angon waktu
saluguné urip menungsa bakal kajogan
kejaba menungsa sing nyekeli waton
lan sapa sing ngamalna kebejikan jiwa
lan sapa sing bèla maring kebenaran
lan sapa sing bisa ngolah kesabaran.

Tegal, Kamis 22 Juni 2006



--Dicomot saka Sajak WS. Rendra sing judulé “Perjalanan BuAminah”, Minggu Pagi No. 16 Tahun ke-48 Minggu Ketiga Juli1994.
KETERANGAN GMBAR:
Gambar di atas hanyalah hiasan belaka, tak ada sangkut pautnya dengan kisah yang ada dalam sajak tersebut.

Tidak ada komentar: