Minggu, 05 Oktober 2008

Sajak TEGALAN Suprapto Harries

Sajak2 Suprapto Harries

Srengèngé Wuda Bral

Srengèngé
wayah kiyé wuda bral
panasé ngrangsang uwong-uwong
sing pada kranjingan
duwé kepènginan
nepsu sing kebangeten édan

Pancèn ndèyan wis wayahé
awit gemiyèn mula
akèh uwong sing ngrasakena
urip dicangcang
nang jero kandang
sing sewayah-wayah
bisa digorok kanggo korban
utawa
ditètèl-tètèl kanggo tumbal

Saiki mbludag
gemrujug dadi banyu mudal
mili santer
mbanjiri sedawané dalan
apa baé wani diterjang
terus mlaku ngènjleg
ngumpul maring panutan
lejaluk sing muluk-muluk
kaya wong kabongan
tembé tangi mriyang
dadi kemaruk
cacah rucah
kepènginé diutal

Srengèngé
wayah kiyé wuda bral
pertanda sapa baé
bakal kepental

debonglor, 250698


Bèbèk, Londok karo Kancil

Aja mung magrog baé nang kèné
delengena kaèh
seduluré enyong rika kabèh
sing ana nang dèsa-dèsa
pada njubleg pada nglegleg
getun sambi nangis ngguguk-ngguguk
weruh sedulur sing jaré pinter
pada manglih ganti ujud dèwèk-dèwèk
ana sing dadi bèbèk
nggal dina cemrowèt seènaké dèwèk

Ana sing dadi londok
seènaké pènclak-pènclok
ana sing dadi kancil
pèlon kana-kèné mèlu pecacal-pecicil
ora kèmutan maning
pendil uwis pada nggempuling
pawong uwis ora katon
kerongkongan mung kebek daning angin
weteng uwis nyuwara gemerahé cacing

Angger baé
rika mung magrog nang kèné
bakal ana kedadèn
langit ireng geteng
kebek mbuleké kebul
suwara pating jlerit
ngganti nyemek-nyemeké lagon

Sedurungé ana kedadèn
langka salahé
enyong rika kabèh
pada ngadeg
nang ngarep kaca sepengadeg
sawangen awaké dèwèk-dèwèk
mesti
bakal metu wisik sing kulung ati
astaghfirullah haladzim….

debonglor 25-6-1998



Telung Puluh Loro Taun

Telung puluh loro taun
urip rasané nang awang-awang
terus-terusan nglèyang-nglèyang
nggal dina mung jegod ngayal
karo ngètung lintang-lintang
sikil pèngin njamah lemah
rasané kebangeten susah
kebek daning uwong-uwong malèk
sing pura-pura duwé utek
seneng ngakahi
apa baé sing dipèngini

Telung puluh loro taun
enyong mèlu runtung
nunggu giliran bagèn
tapikèn
sing kecekel mung gawé ati mangkel
nganti saiki terus metekel

Telung puluh loro taun
wayah sing ngalar-ngalar
sajeroné
isiné mung ora karuwan
penggedé
pada gedé sepiré
gemuyuné karo mèsam-mèsemé
ora luwih mung kedok
sing nguja digawé
kanggo nutup-nutupi borok

Saiki
rika ucul kedoké
balengé
nggawa wong akèh megap-megap
sangking kebangeten baciné

debonglor 25-6-98


SUPRAPTO HARRIES puluhan tahun menjadi tukang sorot, membantu TVRI Yogyakarta dari tahun 1979-1991, dan mengasuh acara Apresiasi Sastra Radio di SSA Slawi dari tahun 1980-1990. Pengamat sepak bola yang juga pernah menjadi wartawan “Berita Buana” dan harian “Kartika” Semarang ini turut andil pula dalam penerbitan media KONTAK, POREM, LITERASI sampai Tabloid TEGAL TEGAL bersama Lanang Setiawan. Karya puisinya terdokumentasi dalam buku “Kliping-kliping Patah, Kesaksian Matinya Koran Tegal” terbitan Mimbar Pengajian Seni Budaya tahun 1996. Puisi Tegalannya terantologikan dalam buku “Ruwat Desa”, dan antologi Puisi 32 penyair “Potret Reformasi Dalam Puisi Tegalan” terbitan jurnal TEGAL TEGAL 1998. Sekarang mengelola SKM “Suara Rakyat” (LS)

Tidak ada komentar: