Waslam
(sebuah monolog Tegalan)
Daning : M.Hadi Utomo
WIS seprapat jam luwih Waslam ana nang dhuwuré Tugu Monas.Waslam ngadeg persis nang puncité,nang geni murub sing kuning emas.Awaké sing ora nganggo klambi katon ireng menges kesorot srengéngé jam sanga awan.Kringeté dlèwèran nang rai lan awaké sing gagah pethekel. Matané sing abang kaya saga, nyapu pemandangan kota Jakarta sing ana nang ngingsoré.Pemandangan sing ajib nemen.
Gedhong-gedhong sing dhuwur, menara lan kubahé Mesjid Istiqlal, menarané Gereja Theresia sing pirang-pirang pating crengingih,kabèh katon wèlan nemen.Kendaraan sing wira wiri pating sliwer katon cilik-cilik kaya cèbong.Menungsa sing padha mlaku nang Jalan Silang utawa sing lagi olah raga katon kaya semut rangrang.
Waslam èsih ngadeg jejeg, tangan kiwané malangkerik,tangan tengené tudhang tudhing persis kaya bajag laut sing nang dhuwur prau. Nang antarané suwara èwuan kenalpot kendaraan sing mbudhegi kuping, Waslam gemboran karo gemuyu ngakak.
“Hahahahaaaaa…..Hééééiii…Kiyèh aku sing arané Waslam ! Wasss…..lam ! Waslam bin Kasnan ! Yaaah, bapané nyong pancèn arané Man Kasnan. Man Kasnan sing wis mati lagi nyong umur telung taun. Adhiné nyong…wadon…arané Ta-ri-ni…Lagi bapané mati,Tarini tèsih bayi. Ngarti kowen ? Lhah manéné aku, arané Bi Niti, randha sepocong, asalé sing mbang kidulé Margasari. Héééééiiii….kiyèh aku…sing arané Waslam. Raimu padha krungu apa ora ?” Suwarané Waslam seru nemen kaya kemlandhang. Nyebar maring endi-endi ora. Tapi terus klelep daning suwarané lalu lintas sing ruwed nemen. Suwara klakson mobil-mobil sing macet, suwara sempritané pulisi lalu lintas,awor dadi siji.Weruh akèh kendaraan sing macet nang Bunderan H.I. Waslam gemboran maning karo terus gemuyu ngakak daea nemen.
“Hééé….! Supir-supir goblog ! Aja terus mengidul hoo. Wis weruh macet ya padha umpel-umpelan baé. Mlègok ngiwa, goblog ! Iyaa…manjing Imam Bonjol terus liwat Kuningan. Supir kunyuk !”. Tangané Waslam terus tudhang-tudhing kaya pulisi lalu lintas.Tapi kendaraan malah sangsaya macet.Supiré belèh urusan.Pancèn. Suwarané Waslam ora keprungu. Monia keprungu ya ora bakal dirèwès. Apa maning Waslam ngomongé nganggo basa Tegal medhok nemen. Rumangsa suwarané ora dirèwès, Waslam misuh-misuh.Raimu ! Asu ! Bangsèt ! Tapi menungsa sing ana nang ngingsor tetep ora ngrèwès. Waslam nglinguk mendhuwur.Matané silo.Srengéngé sing sangsaya dhuwur mantulaken soroté sing jendela kaca gedhong-gedhong bertingkat nang jalan Thamrin karo Merdeka Barat. Waslam mingser. Saiki ngadegé madhep ngalor.persis adhep-adhepan karo Istana Merdeka.Weruh CPM sing lagi jaga, Waslam ngawé-awé.
“Héé , Mas,Pak ! Rika weruh nyong apa ora ?” CPM sing lagi ngadeg jejeg malah ngangkat tangan tengené karo sikap hormat.Waslam uga mèlu sikap hormat,ndegèg karo tapak tangan tengené nang kuping. Jebulé Waslam salah tampa. CPM kuwé hormat maring tentara sing pangkaté kolonel nang jero jip tentara sing arep maring istana. Ngrasa dhèwèkè kecelik, Waslam malah gemuyu ngakak nganti kesenggruk watuk-watuk.Bar kuwé Waslam gemboran maning,embuh ngomongé apa,terus gemuyu maning,watuk maning,gemboran maning….
“Héééé…! Kiyèh..aku sing arané Waslam.Waslam sing wis limalas taun urip nang Jakarta.Aku sing wis dadi lemahé Jakarta. Dadi lumpuré Jakarta. Dadi runtahé Jakarta…Dadi tainé Jakarta…Ngarti, raimu….? Awit umur nem taun aku digawa manéné, manjing maring alas rungkut sing arané Ja-kar-ta…Aku karo adhi wadon sing aranéTarini dadi gèmbèl nang Senen. Umahé kardus karo plastik nang pinggir dampar sepur.Aku wareg mrangkang nang pojok-pojoké Jakarta.Wareg nginung banyu Ciliwung sing buthek lethek.Lagi cilik wareg ngemis nang pasar Tanah Abang. Terus dadi tukang semir nang terminal Pulogadung. Bareng rada gedhé dadi tukang parkir,terus dadi kenek metro mini,terus munggah pangkat dadi tukang kadhèt nang bis kota. Dadi tukang todong nang jembatan penyebrangan ya wis tau.Pokoké nyong wis sering manjing metu tahanan.Mulané saiki aku wani sesumbar…kiyèh sing arané Waslam…bekas jegèr nang komplek pelacuran Rawabangke…Heeeeiiii !!…kowen padha krungu apa ora…??? Hahahahahaaaaa….”
Kurang luwih wis setengah jam Waslam nang nang puncité Tugu Monas. Geni emas sing murub sangsaya mencorong kenang srengéngé awan. Waslam sing wuda klambi mung nganggo clana lepis sing wis rodhal-radhil, persis kaya kethek Anoman pan manjing geni nang crita Ramayana. Waslam wis rada kesel jerat-jerit dhèwèkan nang puncit Monas.Ujug-ujug dhèwèké krungu suwara lamat-lamat. Waslam milang-miling nggolèti asalé suwara sing keprungu sangsaya cetha.
“KangWaslaaaaam…Kaaaaang….KangWaslaaaam..Sampéyan lagi apa nang ndhuwur kaya kuwe ?” Waslam kagèt krungu suwara bocah madon sing ora liya adhiné dhèwèk si Tarini. Waslam lingak linguk nggoleti pernahé suwara mau.
“Niiiiii…Tariniiiiii..!! Kowen lagi nang endi ? Nyong ora weruh.” Ngomong kaya kuwé Waslam karo clingukan, tèsih durung weruh nang endi asal suwarané Tarini. “ Enyong nang kéné Kang. Sampèyan madhep ngulon gèn. Kiyèh lagi ngepé kumbahan nang lotèng. Nang umahé majikan…” Tarini ngomong maning.Waslam madhep mengulon.Akh,bener. Nang antarané gendhèng-gendhèng umah sing dhuwur-dhuwur, Waslam weruh adhiné lagi lagi ngepé kumbahan nang loteng. Waslam gèdhèg-gèdhèg karo ngomong dhèwèkan.
“Ni, Ni. Jebulé kowen saiki wis prawan.Sapa sing ngira adhiné nyong sing mauné polar-polor,wetengé mblendhing, saiki wis dadi prawan.Kulité pancèn ireng.Cunguré ya ora mbangir.Lambéné kandel. Tapi…(Waslam mesem)… ehm..bokongé gedhé..susuné ya monthok nemen..”
“Kang Waslam, sampéyan lagi apa nang kono.Ati-ati mbokan tiba…” suwarané Tarini sing kadohan.
“Aja watir Niii…Aku kan lagi dadi raja…Mulané kudu nang dhuwur.Sing nang ngingsor kabèh rakyaté aku. Hahahahaaaa…” Waslam gemuyu kaku karo cekelan weteng. “Nii, priben kabaré kowen, melu majikan kiyé ? Wongé bener apa ora ?”
“Embuh Kang, aku durung pati ngarti. Soalé nembé sawulan”
“Mbokan majikané kowen mblunat, kowen lapor maring aku ya ? Awas..anggere majikané kowen cluthak. Sing penting angger majikan wadoné kowen ora nang umah,terus majikan lanangé kowen dhèwèkan, kowen kudu ngati-ati..”
“Iya kang waslam, aku ngati…”
“Terus angger bengi kowen lagi turu, aja klalén lawangé dikancing. Mbokan ana sing nothok-nothok lawang, poma aja dibuka”
“Iya Kang”
“Nii, kowen nang kono dibayar pira,Nok ?”
“Dibayar 75 èwu Kang”
“Ya wis, ora papa.Sing penting majikané ora kurang ajar,bayarané ora telat.Angger kurangajar mengko tak oncogi. Tak khajar sisan…Aja klalèn ngirim Mané ya…?”
“Iya Kang. Wis ya Kang, aku pan nutugna nyambet gawé”
Waslam seneng nemen weruh adhiné lagi kerja dadi pembantu. Tetrus dhèwèké lingak linguk maning.Nyawang mengidul nang Kebayoran , Waslam weruh akèh kuli bangunan lagi pada kerja nang proyek. Jebulé akèh kancané sing kenal. Ana si Surip, Bodong,Daman, Rosid lan sèjèn-sèjèné.Waslam undang-undang.
“Héééé…batir-batir…kerjané mandheg dingin. Deleng méné kiyèh…Enyong Waslam, lagi dadi raja. Hahahahaaaa….” Wong-wong sing lagi pada kerja mandheg, pada nyawang maring Tugu Monas. Weruh ana Waslam nang dhuwur, kabèh padha surak-surak karo ngawé-awé.
“Hidup Waslam…! Hidup Waslaaaam !”
Waslam bungahé ora kira-kira. Terus gemboran maning,gemuyu ngakak dawa nemen. Tapi ujug-ujug cep,gemuyuné Waslam mandheg. Sing ngingsor Waslam krungu suwara sirine nguing nguing. Suwarané 2 mobil branwir manjing nang Jalan Merdeka Selatan Nang buriné mobil branwir nginthil mobil ambulan.Kabèh pada marek maring Tugu Monas. Suwara sirene mandheg, ganti suwara wong sing nganggo seragam abang-abang karo ngadeg nang andhané mobil, gembor-gembor nganggo megapon seru nemen.
“Héé ! Kamu yang diatas ! Turuuun !”
“Siapa yang dikongkon turun Pak ?”, Waslam njawab karo matané mendelik.
“Kamu,goblok ! Kamu siapa sih, kok berani-beraninya naik Monas begitu ?”
“Saya Was-lam. Bisané Bapak nggoblog-nggoblogin saya sih ? Bapak belum kenal saya ya ? Nih, saya yang namanya Waslam. Waslam bin Kasnan..asli wong Tegal…Hahahaaaa….”
Wong-wong sing nang ngingsor sangsaya akèh. Gemrumut kaya semut, karo padha ngomong ramé nemen.
“Ada orang stres !! Noh,liat diatas ! Gila bener dah”
“Hooh..gimané dié naiknyé yéh..”
“Tauk. Gua juga heran”
Kendaraan sing kebeneran lagi liwat nang Jalan Silang,Merdeka Barat,Harmoni,Gambir,Tamrin,Duku Atas,padha mandheg kabèh. Penumpangé padha mudun,kabèh padha ndhengak ndeleng maring puncité Tugu Monas.Weruh pemandangan sing ramé kaya kuwé Waslam malah surak-surak karo gemuyu ngakak seru nemen.
“Ah,gila tu orang.Nggak pake baju lagi”, jaré pulisi sing ndeleng mendhuwur nganggo keker.Suwasana nang ngingsor sangsaya ruwed.Mobil-mobil Pemadam Kebakaran sing ngiteri Tugu Monas molai ngetokna andha sambungan sing dhuwur nemen. Anggota barisan kebakaran mulai munggah nang anda sing paling dhuwur. Ora let suwé ujug-ujug ana helikopter sing marek maring Tugu Monas.Weruh ana helikopter marek nang dhuwur endhasé,Waslam ndadak nyopot clana jiné.Clana sing wis rodhal-radhil di obat-abitna.Embuh maksudé apa.Helikopter sangsaya parek nang puncite Monas.Helikopter kuwé ngetokna tali nglawèr mengisor. Terus ana tentara sing mluncur nang tali. Wong-wong sing padha nang ngingsor mung nyawang kamitenggengen weruh pemandangan sing kaya kuwé. Ujug-ujug, syuuuut,mung pirang detik, Waslam disaut terus dikempit daning tentara sing nang pucuké tali.Wong-wong padha surak ramé nemen. Helikopter sing nggawa Waslam muter sepisan ngubengi Monas terus minger mengètan.Sangsaya adoh…sangsaya adoh….*
Slawi. 17 Oktober 1994

Tidak ada komentar:
Posting Komentar