Tampilkan postingan dengan label Sajak Tegalan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Sajak Tegalan. Tampilkan semua postingan

Kamis, 16 April 2009

KEN NARENDRA MEDIASAH MUHAMMAD


KEN NARENDRA

Saiki kari potone tok
nggo tanda mata

Sabtu, 11 April 2009

UDAN


Lanang Setiawan

Udan

Wis tak busek
aran karo nomoré kowen
nang folder hapèné enyong
lunga gagiyan aja katon mata

Enyong blèh lila jogrogé kowen nyluduk
manjing nang alam impèn
pan tak bendung mbuh pibèn carané

Bengi kiyé udané ngricek laka lirèné
nyong nyawang ujung-ujungé udan saka jendèla kaca
gambaré kowen ngambang nang endongan banyu
langsè jendèla agé-agé tak tutup, nyong emoh weruh
wujudé kowen

Mèsih tak catet kedadèyan sawindu kaé
kowen ngelos enyong kon balik dèwèkan
ngoyos nang bengi sing udan campur barat kanginan
awaké enyong kosih ndrodog katisen
kayong angèl anggoné enyong mbusek kedadèyan kaé
butuh waktu sing embuh kira-kira dawané sapira

Mèsih tak catet kedadèyan kaé nganti kebek nang
buku harian

Tegal 3.3.2009

Senin, 16 Maret 2009

Nasehat 2

Nasehat 2
Karya Maufur


Nang, aja nganti, ora kanti
yen lagi ngantri,
karunia Illahi aja cepet bubar, ati sabar
pikiran jembar ngadep Allahu akbar
ngadep bae terus, sing lurus
njaluk keurus karo Allahulkudus
Meski puji Gusti, anjog mati ora rugi
mbesuk olih ganti
Amin

Jumat, 30 Januari 2009

SAJAK-SAJAK FAUZI ROBBANI


Fauzi Robbani

Selamet Teka
nggo : Kanjeng Nabi
Sohabat lan kanjeng Bupati Tegal

Kyèh,
pengalamané rika ping pindoné
putih rupa warnané taqwa
setuhuné dosa sing paling didinganaken siksané
kuwé jinah
lan doraka marang wong tuwa loro

Kyèh,
pengalamané rika saterusé
ana telu klakuwané wong ngambung
krana dunya-brana, goropenan
setuhuné ngambung sing asli lan tregel
luwih bisa ngrosakna pribadi

Selamet teka, selamet ngahi rupa
setuhuné jagad kiyé ora luwih rampyo
timbang njero kandutan
soalé nyong dèwèk ora krasa

Warureja, Juli 2006


Nlangsa Apa Maning
Neng njaba, dunya sing kuduné takluk
maring menungsa, robah rai dadi majikan
sing nguasai menungsa
kunyuk ka.......

Pontren Al-Quthubi 2006


FAUZI ROBBANI penyair sing luwih kondang kasebut penyair sufi, jalaran puisi-puisiné poret nyuarakna nilai-nilai sosial sing dikemas sufiistik. Fauzi lair nang wilayah Kecamatan Warureja biasa nglalang maring jagad gumirat. Ngambah nang kota-kota kayadèné Jakarta, Semarang, Tegal, Slawi, Bandung, lan kota-kota liyané.

Senin, 26 Januari 2009

SAJAK SAJAK APITO LAHIRE


Apito Lahire


JONTROT

Prenjak, ciblek, gelatik watu, lebèan
sirdum, gatiyong
dipulut daning jontrot
sikil, endas, mata, bokong, tangan, rambut
unyeng-unyeng,
digorèng srèèng...
srèèng... srèèng.....
tempé, tahuaci, pilus, rempèyèkdikremusi
agama, keyakinan dientuti
bluuusssssssssssssssssss
waduuuuuk laaarrraaaaaaaa
urip ngenes tambah nelangsa
copèt kèlangan saksaktukang ngaduk klenger
duwit mabur mutermuter dadi layangan nglinter
cilukba............
gejuh dara dadi riyamobatmabit laka kuwasa
wanyaaad lenga campur kringet kolèh spirtus dadi apa?
gotri ala gotri matèni
mendem impèn:
”ana ula dudu Ula ngloker neng sadawadawa
”-ucrit kapicirit neng surgané tangga-
”boyok kumat”
-ganyong laka-
”anané sumpah lillah”
-anjog tampah-
“Telak?
Telih?”
-teglekteglek-

Preeeeeeeeeeeeeeeeet
”sapa sing Ngebom?”
-sampèyan apa Nippon-
”kucing gering”
-Tengu-
”rayap”
-Traktor-
”kalong Wengwong”
-kalongé wong-
”Wongé Golong”
dadi reketèèèèèèèèèèèèèèk
Lugedsèrab mandeng srengèngé
klèyang
”Mati Baéooooooooooooooooh”
-ah.


klonengan, 20 desember 2008



TOYIB
”Pito, kaceré énté regan pira?
”murah mung rolas”
satusrongpuluh?”
sajuta rongatus éwu
”duwit kabèh apa campur kwaci?
”mreki......

Kyé, yib, kaceréé siiip
ngebyak buntuté, tembus swarané, akèh pariasiné
nancep tarungé
akeh piagammé
”énté juriné?”
Ratno kriting, Predi gering, Nuridin bakul daging
yangho kalibuntu
”dudu énté, Pit?”
aku tah mung manto, sedakep nyambi nyomay
pokoké dijamin Garansi.....”
kaya mobil baé
”Kuwé aku ndeleng énté, jakwir cètèm
”ora bakal klalèn?”
énté bujang idol ya, seangkatan karo Mi'roj bocah
Pekiringan sing jaluné sagunung gajah
tapi ora tau diasah
-asah”
dikon ngebor neng peleman baéoh
”ustad, mboten pareng, kejaba...
”kejaba apa?
”kepèpèt....
”Dosa. Ora Ilok”
wiswis kembali ke kacer

Pibèn , yib,tuku baé kacerku
aku butuh nemen
”pan mbojo?
”ora”
sih?
pan nggo tuku geber, mubengmubeng
ndadar cangkem
”cangkem?”
iya, aku lagi nyinauni
”énté jebulé ésih bodo
”pancèn, krasa nemen mangkané aku
maburmabur neng sing nonton
”Nglawak?”
ya kaya kuwé
”Nggrèmèng?”
ya kaya kuwé
”Ngentir?”
ya kaya kuwé
”Ngablu?”
ya kaya kuwé
”YakaYakuwé Yakaya Kuwé
Kuwékuwé. Apa Dongèn?
”dongèng
”Dongèng?
”iya. ngoncèti sing klalèn.

”Kacang La mending
”sabangsané
”Ooooooooohhhhhhhhhhhhhhhhhhhh”
Iya.
”énté dikurungi, digantang, diceplèki
digembori?”
”Itu Burung Saya, Lihat itu Juri, Panto.
Lihat itu Ratno, Tèmbakannya.Prèd
Variasinya, Din, Tonjolannya. Yangho
Nancepnya. Édan ah

Éèèèèèèèèèèèttttttttttèmbakannya
Tembus Kuping. Ngerol terus dari
Subuh hingga senja. Koncer a saja
Langsung cair. Ayo, Kacerku terus
Terus..Terus......”
”oooohhhhhhh brarti énté dadi lakon sing
ora klakon klakon?
”Bener Yib, Sajutarongatus éwu! Wani, yib.....
”pibèn yah ..................
Ijolan Kolor Sawaring Olih?
(wanyad.........kumat.........pan pentas
monolog patlikur jam baé laka sing tanggap)


22 desember 2008




BADRIYAH
Yu Badriyah jaré wong sategal
sampèyan paling sugih apa bener?
”ora ding”
lah?
”aku sedengan
”Tapi awit cilik akèh wong ngomong:
sugihé ....duwité badriyah....”
gosip. Isu”
tapi asli.

”Kyèh tak kandakna
wong Tegal ka tegel-tegel
”hèh?”
sumpah. laka barang gawèan wong tegal sing asli
”pompa dragon, sanyo, pit jèngki, baut,
éngsèl, clana lepis, kolor, grabah....sepatuné pagongan?
”niru”
tahu aci?
”palsu”
asu kunyuk, bangsèt, raimu....(Niru)

Apa bener-bener iya....
”Iya Bener-bener”
sumberé?
”adol jaré”
wong Tegal senengé adol jaré ora jaré adol.
dadi?
”apaapa diadoli”

Kabèèèèh
Brarti nyong, sampèyan kyé palsu?
”kremyang kremyeng”
laka sejarahé, buyuté?
”ana”
apa?
”Sulap”
brarti dèwèk turunané Joko Bodho
”ingat, éling weton anda tidak cocok untuk hidup
di Tegal. Cocoknya di kantung plastik
”kresek?”
nyong ora ngomong loh sing ngomong énté
”kuwalat yu sampèyan Yu Badriyah”
jaré sapa?
”jaré sing nyiptané Jèjèré Jaré

Sampèyan nrokcok, Yu Badriyahnotoktlotok
”tapi aku bener, genah, jujur”
tapi sampèyan mbuka aib
”ora malah genah”
sampèyan propokatorneror
”aktor”
hororkompordobol
kèplélandaksunti
Tegel Maring Tegal
”ngèprèt“
bèn pada kejambrèt uteké.
(éling...nyong Badriyah dudu Mardiyah!)

klonengan, 21 desember 2008

APITO LAHIRE lair nang Desa Jatinegara, Kabupaten Tegal. Nulis puisi, cerpen, naskah drama awit SMA. Puisi Tegalané mlebu nang antoloji Potret Reformasi Dalam Puisi Tegalan, lan Muara Sastra. Begawan monolog kiyé sering menang nang lomba monolog, nulis-baca puisi tingkat daerah utawa nasional. Alamaté nang Dalan Projosumarto II Langgen 1/1 Talang 52193. HP. 081548077550. email: apito_lahire12@yahoo.com

*

MANING MANING BENCANA


Lanang Setiawan

Maning-maning Bencana


Maning-maning bencana, maning-maning lindu
maning-maning petaka, maning-maning kalabendu

Breg…
breg…
breg…!!
buminé dibanting
isi jagadé burak-rantak, kowol-kowol
sakedèpan mata wong-wong pada mati
nyong-sampèyan senengé pada mblunat
dipenging
diweling
dikandani
tetep baé mblekesunu
ndableg

Der…
der…
der…
gunung Sitoli jeblug
dalan-dalané pada mletèk
menungsané remuk
digempalong lindu

Dar….
dèr….
der….
breg…
breg…
breg…
rekayaaaaaaakkkkkkkkk……
malapetakané teka maning
nagena wis lereb
jebulé Nias rempon dikunclang bencana.

Senin, 01 Desember 2008

SAJAK TEMBANGAN BANYAK


WS. Rendra
Tembangan Banyak
(Terjemahan Tegalan: Lanang Setiawan)


Majikan umah tlembukan
ngomong kambèn dèwèké:
“Wis rong minggu kowen mung
bisané ngatang-ngatang
tur larané tambah ndadi-dadi
ora ngasilna pisan
malah kowen karo aku utangé njeblug
kiyé nggawé mlarat tok
ngentong-ngentongna beras bibit
aku ora sanggup
saiki raimu lunga, mèrad kana”


(Malèkat sing nunggu sorga
rainé mbesengut ala pisan
kambèn nggegem pedang sing
kemerlob nggilani
nuding maring enyong nganti
enyong mengkirig panik
Maria Zaitun arané enyong
tlembuk kapiran kurang ayu radan tuwa)


Jam rolas awan
srengèngèné panas ngentak-entak
laka angin laka awan
Maria Zaitun ngloyor nggendong pejaratan
metu sing umah tlembukan


Kanca-kancané nglengos pada ngina
gentoyoran dèwèké ngglandang
nyangga awaké sing lagi lara
kena rajasinga sing ora mung
nang plakangan tapiné ana
nang gulu ana nang kèlèk
lan ana nang susuné
Maria Zaitun mrekabak
lambèné garing mletèk, gusiné ngemu getih
kumat pisan lara jantungé
Maria Zaitun nguncluk maring dokter
kebek wong sumeng pada ngentèni
Diantarané wong-wong mau
dèwèké njagong sakepènaké


Ujug-ujug karo tutupan cungur
wong-wong pada nyingkir ngadohi
dewèké mangkel sagulu
agé-agé dèwèké dilarak mlebu
pan dipriksa, tapi siji baé laka
sing wani protès, apa maning nentang
“Maria Zaitun, utangé kowen wis
sagunung anakan karo aku” omongé dokter
“Ya” jawabé
“Saiki duwité kowen pira?”
“Laka”
dokter gèdèg-dègèg tapiné ngongkon wuda
Maria Zaitun kamisèsèten
sebab waktu mbuka klambi
klambiné ngraket nang korèng kèlèké
“Wis-wis” omongé dokter
lan dokter ora sida mriksa
trus dèwèké misiki jururawat:
“Mèi baé suntikan pitamin C”
kaget ora ketulungan jururawat balik misiki:
“Pitamin C?
Dokter, saora-orané dèwèké perlu salvarzan”
“Nggo apa? Dèwèké ora bakal bayar, tur
wis jelas dèwèké pan modar
nggo apa dimèi obat larang-larang
sing luar negri?”


(Malèkat sing nunggu sorga
rainé iri ala pisan
kambèn nggegem pedang sing
kemerlob nggilani
nuding maring enyong
gawé nyong wedi saporèté
ilang rasa lan pikiré
Maria Zaitun arané enyong
tlembuk sing kewedèn tur ndredeg gemeter)


Jam siji awan
srengèngèné njegogrog nang awang-awang
Maria Zaitun mlaku nyeker
aspal gili sing ora pakra mutuné
lumèr pas nang tlapakané
Maria Zaitun lèab-lèob mlaku
nuju maring gereja
tapi lawang gerejané wis digembok
kuwatir mbokan ana maling
Maria Zaitun nekani pastur
trus langsung mencèt bèl
ora suwé koster metu lan takon:
“Kowen pan apa? Pastor lagi dahar
tur wayah ayamèné, dudu waktuné
ngomong”
Nyuwun sewu, enyong kena lara
kiyé penting”
Koster mandeng sakujur awaké
sing badeg ledreg trus ngomong:
“Adong nang njaba baé, kowen olih ngentèni
aku tak niliki disit apa pastor gelem
nrima kowen”
Koster trus manjing kamben nutup lawang


Kambèn ngrasakna hawa sing kemrungsung
blèh karuwan
Maria Zaitun ngentèni pastor
ana sajam, pastoré ngaton


Sawisé ngudek-udek rèstan panganan
sing nyelag nang untuné
trus pastor udu basbus-basbus, nembé ngomong:
“Kowen pan perlu apa?”
mbak sripit, mambu inungan anggur
saka cangkemé
slèmpangé saka kulit baya
Maria Zaitun njawab:
“Pan ngaku dosa”
“Kiyé dudu jam ngomong
kiyé waktuné aku dedonga”
“Enyong pan mati”
“Kowen lara?”
“Yaul, enyong penyakiten
kena rajasinga”


Krungu sing kaya kuwé
pastor mundur rong langkah
rainé mengkered
akhiré rada kèder, dèwèké nyrocos maning:
“Apa kowen - mm – bocah nakal?”
“Dudu. Enyong tlembuk, ya”
“Santo Petrus! Tapiné kowen Katolik”
“Ya”
“Santo Petrus”
Telung detik laka suwara
pating guwawakan
srengèngèné mrengangah semelèt
trus pastor ngomong maning:
“Kowen mblusuk-mblusuk
glopot dosa”
”Ora mung glopot. Malah badeg ledreg”
“Kowen wis kranjingan setan”
“Ora. Enyong mlarat jiprat
nggendong pejaratan. Kepèpèt lan gagal
golèt pegawèan”
“Santo Petrus!”
“Santo Petrus! Pastor, rongokna
enyong ngomong. Enyong ora butuh ngerti
kepribèn asal usul dosané enyong.
Jelasé baé, uripé enyong wis ora
karuwan tatané
jiwané enyong mblandrang
enyong pan mati
saiki enyong panik saporeté
enyong butuh Pengèran atawa sapa baé
nggo ngancani enyong”


Rainé Pastor dadi abang mlonang
dèwèké nuding Maria Zaitun
“Kowen brangasan kaya macan wadon
ndèan bae arep gemblung
tapiné ora pan modar
kowen ora perlu Pastor
kowen perlu dokter jiwa”.
(Malèkat sing nunggu sorga
rainé yakhanu dengki lan nyengiti
kambèn nggegem pedang sing
kemerlob nggilani
nuding maring enyong nganti
enyong lemes dedes ora duwé daya
blèh bisa mèwèk blèh bisa ngomong.
Maria Zaitun arané enyong
tlembuk bodol kaniaya
kepèngin mangan kepèngin nginung)


Jam telu awan
srengèngèné trus ngobong
semromong kaya pati angin
Maria Zaitun mlaku
minggring-minggring kepanasen
nang dalan garing aking


Ujung-ujug waktu dèwèké nyabrang
keplèsèt tai asu sapetutuk
mung ora tiba, cuman getihé
mantur sing borok slangkangan
lan ndlèwèr maring sikilé


Kaya sapi sing pan lairan
dèwèké mlaku mbrangkang
cedek pasar dèwèké njagong
matané pet-petan
ambekané kempas-kempis, wetengé kemruyuk
nganti wong-wong kewedèn, nyingkir
adoh-adoh


Mrèmbèt-mrèmbèt dèwèké mlaku


Nang mburi warung
dèwèké guris panganan
sing ana nang bak runtah
sauwisé, panganan mau dibrengkos
nganggo godong gedang
trus dèwèké lunga maring kota.


(Malèkat sing nunggu sorga
rainé medèni ala pisan
kambèn nggegem pedang sing
kemerlob nggilani
nuding maring enyong
Duh Gusti, krungu ora enyong wadul
Maria Zaitun arané enyong
tlembuk kapiran, lempé-lempé tur panik)


Jam papat awan
kaya blekicot Maria Zaitun trus mlaku
brengkosan panganan tetep nang tangan
durung diplok acan-acan
tapi kringeté wis grojosan
rambuté dadi klimis tipis
rainé celong warna ijo
kaya jeruk purut sing wis kisut


Trus jam lima
dèwèké anjog nang kota
dalan burak rantak ora pakra
tur kebek bledug
dèwèké ndengak mandeng srengèngé
lan ngomong lirih: “Dobol!”


Sauwisé mlaku sakilo dawané
dèwèké lunga saka gili gedé
trus mlègok metu sawah
mlaku liwat galengan
(Malèkat sing nunggu sorga
rainé bagus tapiné ala
kambèn nggegem pedang sing
kemerlob nggilani
ngusir enyong, kongkon merad
lan kambèn mbuwang idu
enyong dipanclas sekuwat tenaga
pas nang mbakoné
Rongokna, duh Gusti
Maria Zaitun arané enyong
tlembuk kapiran
tlembuk sing kaniaya)


Jam enem soré
Maria Zaitun nyasar nang kali
angin semripit
srengèngèné surup
wayah sandèkala dadi ngebayang-bayang
ayem tentrem dèwèké nggleleng
nang pinggir kali
cokoré sing badeg diwisuhi
tangan lan rainé diraupi
trus dèwèké mangan alon-alon
tapiné nembé pirang plokan
malah mandeg
kayong-kayongé awaké ésih lemes dedes
ora duwé nafsu maning
trus dèwèké nyiduk banyu kali
pan diinung


(Malèkat sing nunggu sorga
apa Panjenengan ora éling
saiki wis wayah surup srengèngé
angin semilir sing gunung
lan dinané muter megap-megap
payah
kepèngin lèha-lèha?
Malèkat sing nunggu sorga
bringas culag ngusir dèwèké
kaya patung, Maria Zaitun nglegleg
lan pedangé kinclong-kinclong medeni)


Jam pitu, lan wayah bengi ngèmpèri bumi
seranggané pating sliwer
banyu kali mili nabrak-nabrak watu
witwitan lan rungsebé tetanduran
nang kiwa tengen kali
mrekungkung ora obah lan
katon nemen sajeroné padang wulan


Maria Zaitu rada sumringah
trus ujug-ujugé baè kelingan
wayah bocahan lan wayah akil baliq
adus-adusan nang kali kambèn manèné
panjatan wit pelem
lan mancing iwak karo kgèrèlé
dumaksara dèwèké blèh ngrasakna sepi liti
lan wediné babarblas ilang
kayong-kayongé dèwèké ketemu kanca lawas
tapiné dèwèké trus kepèngin nemen
crita ngalar-ngalar, masalah uripé


Duilé....sing kaya kuwé jebulé malah
ngelingna kambèn
kegagalané urip-penguripané
mogané dèwèké dadi nlangsa
lan wadul kambèn taroké
karo kamisesegen


Kiyé ora apik kanggo lara jangungé


(Malèkat sing nunggu sorga
rainé medèni ala pisan
Rika yakhanu nemen sih
ora lila, rika ngrongokna alesané enyong
trus najis ndeleng rainé enyong
Mogané ora perlu wadul kambèn dèwèké
lan kuwé sebabé, kambèn ngatokna
rai brangasan
dèwèké ngadeg mentangtang
lan pedangé mingis-mingis nggilani)


Wayah
wulan
witwitan
kali
borok
rajasinga
wong wadon
kaya kaca
kali mencorong cahya kinclong-kinclong
suket alang-alang katon kemerlob
wulan
wong lanang jumedul teka
sing pinggir kali
dèwèké bengak-bengok gemboran:
“Maria Zaitun, kuwé kowen?”
”Yaul”, jawab Maria Zaitun rada hèran
wong lanang mau nyabrang kali
katon gagah lan gantengé laka padané
tur rambuté kriting andan-andan
matané amba mencilak


Maria Zaitun pyar-pyaran atiné
kayong-kayongé dèwèké wis
kenal wong lanang kuwé
mung nang endi genahé ora patiya kèlingan
sing jelasé baé orang nang ranjang tlembukan
kuwé éman-éman
sebab dèwèké demen saporèté demen
nganti kepentut-pentut kambèn wong
lanang kaé
“Dadi enyong kowen ketemu
nang kèné” nrocos wong lanang kaé


Maria Zaitun ora ngarti keprimèn jawabé
mung waktu dèwèké nglegleg kamitenggengen
wong lanang sing nang adepané
ndungkuk trus nyipoki sangkemé


Maria Zaitun kaya-kaya nenggak banyu klapa
durung mernahi dèwèké ngrasakna
cipokan sing kaya kuwé
trus wong lanang kuwé, mrètèli kutangé
dèwèké ora nolak lan pancèné seneng
dèwèké pasrah bongkokan


Karo matané merem dèwèké kayong-kayongé
numpak prau
maring segara sing durung diambah
lan sauwisé rampung, dèwèké ngomong demen:
“Mauné enyong mung nyangka
sing kaya kiyé anané nang impèn
mauné enyong ora wani ngarep-ngarep
yen bakal ana wong lanang
doyan karo enyong
tlembuk bodol kaya enyong”


Kambèn ngajeni sing temenanan
wong lanang kaé mandeng dèwèké
trus mesem, lakuné sopan tur sabar
“Sapa sih jenengmu?” Maria Zaitun coba
takon
“Calon rabi”, semauré
“Duh delengen enyong. Sampèyan lucu ah”


Maria Zaitun nglamodi sakujur awaké
wong lanang mau


Ujug-ujug dèwèké mandeg dadakan
ciplosé weruh bekas-bekas tatuné
sing nang awak pahlawané
nang waduk kiwané
nang tlapak tangané
nang tlapak sikil kiwa sikil tengen
Maria Zaitun ngomong lirih:
“Enyong ngerti sapa sampèyan”
trus dèwèké nebak wong lanang mau
liwat pandengan matané
wong lanang mau manggut-manggut:
“Pancèn. Yaul”


(Malèkat sing nunggu sorga
rainé angas tur ala pisan
kambèn pedang sing kinclong-kinclong
nggilani
dèwèké kaya ketèk ditulup
bisané ngejejer nglegleg, panik pisan
tur blèh wani sembrana
nuding-nuding maring enyong


Dumadaksara enyong dadi gedé ati
sepi liti lan sambat kaniaya minggat
karo ngigel jejogèdan
yanu kiter-kiter, bludas-bludus manjing
kebon sorga
lan woh-wohan apel tak pangani nganti
wetengé enyong njubel


Maria Zaitun arané enyong
tlembuk
sing saiki dadi pengantèn kiyé
enyong).


Tegal, 7/4/1994 – 16/6/2005



________________

Dicomot saka sajak “Nyanyian Angsa” karya WS. Rendra
Alih wacan: Lanang Setiawan



Minggu, 23 November 2008

Merenungi Sajak-sajak Tegalan Maufur



Merenungi Kemelaratan dalam Sajak Tegalan
Wakil Walikota Tegal Maufur



MENULIS puisi pada dasarnya suatu pengungkapan secara implisit, samar, dengan makna yang tersirat. Dari persoalan yang remeh temeh seperti patah hati cinta monyet, maupun persoalan yang berat menyangkut kritik sosial dan politik. Dengan menulis puisi, perasaan kita semakin peka melihat fenomena disekiarnya. Konon, bobrok negara kita ini akibat pemimpin kita tak menghargai puisi, yang dapat membentuk karakter dan kepribadian suatu bangsa. Syukurlah, di Tegal, para pemimpinnya masih peduli dan menyukai puisi, sehingga perasaan halus yang timbul dari berpuisi memberi nilai positif atas kebijakannya. Tak asing lagi dengan Wakil Walikota Tegal Dr Maufur doyan menulis puisi tegalan. Hasil puisinya tentu saja apa saja yang baru dilihat, didengar, dirasa menarik untuk dicatat. Pesan yang disampaikan terasa gamblang, karena bagi Maufur yang terpenting puisi itu dapat dimaknai seluruh pembacanya seperti yang tetuang dalam puisi tegalannya berjudul ‘Kanggo Bala Dèwèk’:



Aja maning mung trasi, lokèn ora rèla
aja maning mung puisi, lokèn pan klalèn bala

Umpamané sampèyan ora teka, nyong sing marani
umpamané sampèyan langka, nyong sing nelatèni

Saluguné atiku ora usah dieluk, soalé pancèn ikhlas
satemené sampèyan ora usah njaluk
nyong tetep melas



Satu lagi dalam puisi berjudul ‘PAI’, Maufur menulis bagaimana kelebihan daerah obyek wisata yang ada di Kota Tegal. Ia berseru dalam puisi tegalannya.

Ora mung nyong tok sing ngerasakna
sampèyan takon wong liya ya kena
pai tunggalé ora nana
saiki apiké mbang kana-kana



Ésuk srengèngèné katon gedé
yèn awan ombaké mèdé-mèdé
soré angin krasa semripit
apa maning jalan-jalan numpak pit



Yèn bengi lampuné terang benderang
dolanané ya pirang-pirang
panganan komplit ora bakal kurang
mlebuné mbayar ora larang



Yuh sedulur pada mana sorè-soré
bèn ora mung jaré-jaré
yèn pai kiyé wis dirèka-rèka
dadi keminclong laka-laka


Selain menyoroti dan mengagumi PAI sebagai asset wisata satu-satunya yang dipunyai Pemkot Tegal, Apung, demikian sapaan akrab Maufur tak ketinggalan merenungi kemlaratan. Ya, malat, siapapun pasti mengenalnya, sebagai ‘kawan setia’ hidupnya. Maufur mencoba mendedah, lewat puisinya berjudul ‘Lara Ning Njeroné Mlarat’. Di bait pertama digambarkan kisah melarat, dengan jenaka sbb:



Aja maning ngimpi, turu baé durung
aja maning ngopi, nggodog banyu baé wurung
pribèn pan ngango topi, wong ning ngisoré nganggo sarung
apa maning ka mangan daging sapi ning warung



Pancèn uripé nyong nelangsa
apa-apa kayongé ora bisa....


Namun apakah mlarat selamanya tak bisa diubah? Artinya sudah jadi takdir yang harus kita terima? Setelah ikhtiar kemana-mana? Yang mesti dilakukan tawakal, menerima keikhlasan takdir-Nya. Itu satu-satunya jalan selamat hidup yang diyakini Maufur melepas duka lara mlarat.



Tapi merga wis biasa
dadi ya ora perlu putus asa
nyong kudu nerima takdir Gusti
sing wis nentukna lair lan pati
sauwisé ndonga saban dina



Nyong yakin angger tulus ikhlas
nyong bakal lulus bablas
ning pinggiré Gusti sing mahawelas
nyong ayem selawas-lawas
amin

Begitulah perenungan puisi tegalan Maufur yang mampu menangkap ungkapan kepiluan jiwa masyarakat kita yang masih dibelit kemiskinan. Maufur sepertinya tengah menangis orang-orang yang bernasib papa, tapi sekaligus optimis menatap masa depan, bahwa hari ini lebih baik dari hari kemarin.
Sajak-sajak tegalan itulah yang dibacakan oleh penyair HM. Iqbal di Taman Raden Saleh Semarang (24/11/2008) dan di Taman Budaya Surakarta (25/11/2008) lalu (Eka Dilah)

KETERANGAN GAMBAR : Wakil Walikota Tegal, Dr. Maufur